Pamérangan administratif Prancis
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
|
Artikel iki bagéan saka seri bab:
Pamérangan Administratif Prancis |
|
(klebu: Region jaban rangkah) |
|
(klebu: Departemen jaban rangkah) |
|
Komunitas kutha |
|
Liyané ing Prancis Jaban rangkah
"Kolèktifitas jaban rangkah" |
Bab lan Paragraf |
Metropolitan Prancis [sunting]
Miturut data tanggal 1 Januari, 2007, metropolitan Prancis kapérang dadi :
- 22 region (senadyan sacara tegas Korsika kuwi nyatané sawijining "kolèktifitas teritori", dudu region, nanging sacara awam dianggep region)
- region-region dipérang dadi 96 departemen
- departemen banjur dipérang dadi 329 arrondissement
- arrondissement dipérang dadi 3,879 canton
- canton dipérang dadi 36,569 commune (senadyan sawetara commune kang gedhé nyatané dumadi saka sawetara canton)
- 3 commune yakuwi (Paris, Marseille, lan Lyon) dipérang jroning 45 municipal arrondissement
- Uga ana 730 associated communes (data Januari 2006), biyèné commune indhependhen banjur nggabung karo commune kang luwih gedhé, nanging isih nduwèni sawetara otonomi (conto: commune Lomme kang diserep déning Lille ing taun 2000 lan owah dadi "associated commune" jroning commune Lille)
- 14 Komunitas Urban (communautés urbaines, utawa CU)
- 163 Komunitas Agglomeration (communautés d'agglomération, utawa CA)
- 2,391 Komunitas Commune (communautés de communes, utawa CC)
- 5 Sidikat Agglomeration anyar (syndicats d'agglomération nouvelle, utawa SAN), minangka kategori kang wiwit ilang.
Jaban rangkah [sunting]
Repubik Prancis nduwé wewengkon ing jaban rangkah kang kapérang sacara administratif ing ngisor iki:
- 4 region jaban rangkah (régions d'outre-mer, utawa ROM): Guadeloupe, Guyana Prancis, Martinique, lan Reunion, kang nduwé status padha karo region ing metropolitan. (Kayadéné Hawai nduwé status kang padha karo negara bagéan ing dharatan Amérika Sarékat).
-
-
- Saben region jaban rangkah dumadi saka siji departemen jaban rangkah (département d'outre-mer, utawa DOM), kang uga nduwé status padha karo departemen ing metropolitan Prancis.
- Departemen jaban rangkah kapérang dadi 12 arrondissement
- 12 arrondissement kapérang manèh dadi 153 canton
- 153 canton kasusun jroning 112 commune (ing 4 DOM, luwih akèh canton tinimbang commune, ora kaya ing tlatah metropolitan, sebab sawetara commune dipérang dadi saawetara canton, déné ing metropolitan Prancis umumé canton dumadi saka sawetara commune, kajaba ing commune kang gedhé kaya Toulouse utawa Lille kang kapérang dadi sawetara canton)
-
Daftar departemen miturut region [sunting]
Delengen uga [sunting]
- Daftar 15 tlatah metropolitan Prancis miturut populasi
- Departemen lan teritori Prancis ing jaban rangkah