Departemen jaban rangkah Prancis

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Artikel iki bagéan saka seri bab:
Pamérangan Administratif Prancis

(klebu: Region jaban rangkah)

(klebu: Departemen jaban rangkah)

Komunitas kutha
Komunitas Agglomeration
Komunitas Commune
[[Klompok Agglomeration anyar]]

Associated communes
Municipal arrondissements

Kolèktifitas jaban rangkah
Sui generis kolèktifitas
Negara Jaban Rangkah
Teritori jaban rangkah
Pulo Clipperton

Departemen jaban rangkah (basa Prancis: départements d’outre-mer utawa DOM) kuwi jeneng kang ditetepaké déning konstitusi taun 1946 saka Republik kapapat Prancis kang diwènèhké marang Koloni Prancis: Guadeloupe, Martinique lan Guyana Prancis ing Karibia, lan Reunion ing Samudra Hindia. Departemen jaban rangkah iki nduwé status politik kang padha karo departemen metropolitan lan minangka bagéan integral saka Prancis, kayadéné status Hawai minangka negara bagéan kang dadi bagéan integral saka Amérika Sarékat. Tlatah iki diwakili jroning Majelis Nasional, Senat lan Dewan Ekonomi lan Sosial, milis siji anggota Parlemen Eropah (MEP), lan uga migunakaké euro minangka mata uang resmi.

Saint Pierre lan Miquelon dadi departemen jaban rangkah ing taun 1976, nanging statusé owah dadi Kolèktifitas jaban rangkah ing taun 1985. Status departemen jaban rangkah kuwi padha karo status departemen metropolitan, nanging béda karo kolèktifitas jaban rangkah lan Teritori jaban rangkah Prancis.

[sunting] Pranala jaba

Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/Departemen_jaban_rangkah_Prancis"