Departemen ing Prancis
|
Artikel iki bagéan saka seri bab:
Pamérangan Administratif Prancis |
|
(klebu: Region jaban rangkah) |
|
Departemen
(klebu: Departemen jaban rangkah) |
|
Komunitas kutha |
|
Liyané ing Prancis Jaban rangkah
"Kolèktifitas jaban rangkah" |
Departemen (basa Prancis:département pocapané [depaʁtǝˈmɑ̃]) kuwi unit administratif ing Prancis lan tilas koloni Prancis, kira-kira mèh padha karo county ing negara Inggris, utawa kabupaten ing Indonesia. Ana satus departemen ing Prancis diklompokaké jroning 22 metropolitan lan papat departemen lan teritori sarta region ing jaban rangkah. Kabèh region nduwé status hukum kang padha, minangka bagéan integral saka Prancis. Departemen-departemen iki dipérang manèh dadi 342 arrondissement.
Karakteristik umum[sunting]
Ing dharatan Prnacis (metropolitan Prancis kajaba Korsika), rata-rata wewengkon departemen kuwi 5,965 km² (2,303 mil pesagi), utawa lorosetengahé rata-rata wewengkon county ing Inggris, lan luwih sithik saka telusetengahé rata-rata wewengkon county ing Amérika Sarékat.
Ing sensus 1999, rata-rata pedunung departemen ing dharatan Prancis yakuwi 511,012 jiwa, utawa ping selikuré rata-rata pedunung ing county Amérika Sarékat, nanging kurang sethithik saka rongprotelon rata-rata pedunung county ing Inggris.
Peta lan daftar departemen[sunting]
Region lan departemen ing Prancis[sunting]
Cathetan:
- Nomer 75 sadurungé bagéan saka Seine
- Nomer 78 sadurungé bagéan saka Seine-et-Oise
- Nomer 91 sadurungé bagéan saka Alger, ing Algeria Prancis
- Nomer 92 sadurungé bagéan saka Oran, in Algeria Prancis
- Nomer 93 sadurungé bagéan saka Constantine, ing Algeria Prancis
- Ibukutha/Pusat pamaréntahan Val-d'Oise diwangun ing Pontoise nalika departemen iki didegaké, nanging banjur ngalih sacara de facto menyang comun tanggané yakuwi Cergy; saiki dadi ville nouvelle (kutha anyar) Cergy-Pontoise.