Iwak Bogo
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 72 dinten 963 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Bogo | |
|---|---|
| Bogo, Channa gachua saking Tamanmekar, Pangkalan, Karawang |
|
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Actinopterygii |
| ordo: | Perciformes |
| kulawarga: | Channidae |
| Genus: | Channa |
| Species: | C. gachua |
| Jeneng binomial | |
| Channa gachua (Hamilton, 1822) |
|
| Sinonim | |
|
Ophicephalus aurantiacus Hamilton, 1822 |
|
Bogo utawi Channa gachua menika jinising iwak kanthi toya tawar saking anggota suku Channidae ( kerabat kaliyan iwak kutuk ). Ulam ingkang kalebet ulam buas menika nyebar kanthi wiyar wiwit saking Pakisatan dumugi Indonesia. Ulam ingkang gadhah ukuran aawak ingkang alit ing Basa Inggris dipunwastani Dwarf snakehead, Frod snakehead, lan ugi Brown snakehead . Wonten ing basa dhaérah kawéntar kanthi nama gabus (Betawi), bogo, hejo gado (Sunda) sarta bogo benguk, kutuk benguk (Jawa.) [1].
Bab lan Paragraf |
Morfologi [sunting]
Ulam gabus ingkang ukuranipun alit, dawanipun dumugi 20 cm ( 7.9 in ). Awak silindris ing ngajeng lan radi pipih tegak ing wingking. Dhuwuring awak menika sebanding 5,5-6,5 kalinipun kaliyan dawa awak standar tanpa buntut. Kepalanipun radi gepeng datar, rata ing sisih nginggilipun, miring rata mangajeng. Matanipun 5-8 kalinipun sebanding kaliyan dawanipun kepala. Celah lambé miring manginggil kanthi rahang ngandhap radi nonjol mangajeng [1] [2].
Jari-jaru lunak (eri lunak) wonten ing sirip dorsal (punggung) 32-35, sirip anal ( dubur ) 21-24, sirip pektoral ( dada ) 13-16, lan sirip ventral ( weteng ) 6. Gurat sisih utawi linea lateralis cacahipun 41-43, mbelok mangandhap ing sawingkingipun sisik nomor 11-13. Wonten3-3½ larikan sisik ing antawisipun pangkal sirip dorsal kaliyan gurat sisih, lan 7 larikan sisik ing antawisipun gurat sisih kaliyan pangkal sirip ventral [1].
Warni ulam bogo menika radi coklat lajeng sisih nginggil warninipun langkung peteng. Larikan coretan-coretan miring ingkang samar wonten ing sisihing awak katingal langkung cetha wonten ing jinis ulam spesimen enèm. Ing spesimen enèm menika ugi asring wonten bintik-bintik ireng ingkang nyebar ing sedaya awak. Sirip-sirip dorsal, anal, lan buntut kanthi pinggiripun radi ( radi kuning utawi abang nalika tasih urip ), ingkang sanèsipun ireng radi biru. Sirip pektoral kanthi pola-pola bunderan irang ing pangkal lan putih ing bageyan njawinipun [1].
Panyebaran [sunting]
Ulam bogo menika nyebar kanthi wiyar wiwit saking Iran, Afghanistan, Pakistan, India, Srilanka, Bangladesh, Burma, Cina kidul, Thailand, Laos, Kamboja, Malaysia, lan Indonesia. Ing Indonesia kecathet saking Sumatera (termasuk Nias, Bangka, Belitung), Kalimantan, Jawa (kalebet Bawean), lan Madura[1]
Ekologi lan Kebiasaan [sunting]
Ulam bogo menika asring dipunpanggihaken wonten ing lepen utawi kali, mliginipun kali-kali alit cethèk ing wilayah paredèn lan perbukitan, kali alit wonten ing wana, sarta tlaga lan kolam. Kejawi menika ulam bogo ugi asring dipunpanggihaken wonten ing perairan ingkang anteng, buthek, lan andhap oksigen. Ugi dipunpanggihaken dumugi elevasi 1.500 m dpl lan saking nginggiling 3.600 m dpl .
Ulam menika aktif nalika wanci dalu (nokturnal). Ulam bogo ugi asring medal saking toya kanggé pindhah papan nglewati dharatan. Saben pamijahan, ulam bogo medalaken 20-200 butir endog lajeng dipunbuahi déning ulam jantan. Endog lan anak-anakipun menawi sampun netes dipunpiara déning induk wonten ing tutukipun. Ulam bogo menika mangsa manéka jinis ulam alit, serangga, berudu, urang, yuyu lan manéka kéwan alit sanèsipun ingkang medal ing wilayahipun. Ing wilayah Srilanka, ulam bogo menika mirip kaliyan Channa orientalis ingkang endemik ing negeri kasebut. Kejawi menika ing Burma, Channa harcourtbutleri ingkang wujudipun sami [3].
Cathetan suku [sunting]
- ^ a b c d e 1922. The Fishes of The Indo-Australian Archipelago IV:321-322. E.J. Brill. Leiden.
- ^ 1993. Ikan air tawar Indonesia bagian barat dan Sulawesi. Periplus Editions & Proyek EMDI KMNKLH, Jakarta. Hal 229.
- ^ 1999. Channa harcourtbutleri (Annandale, 1918): a valid species of snakehead (Perciformes: Channidae) from Myanmar. J. South Asian Nat. Hist., 4: 57-63.