Himalaya
Himalaya kuwi sawijining barisan pagunungan ing Asia, sing misahaké anak bawana India saka Dhataran Tibèt.
Himalaya kuwi panggonané gunung-gunung sing paling dhuwur ing donya, kayata Gunung Everest lan Kanchenjunga. Miturut ètimologi, Himalaya kuwi artine "panggonané salju", dijupuk saka basa Sansekerta (hima kuwi artine "salju", lan aalaya artine "panggonan").
Himalaya nyakup tlatah 5 negara yaiku Pakistan, India, China, Bhutan lan Nepal. Pagunungan iki uga dadi sumber 2 sistem kali gedhé ing donya — Kali Indus lan Kali Ganga-Brahmaputra. Ora kurang saka 750 yuta wong manggon ing dhaérah saubengé ilèn kali saka Himalaya, klebu Bangladesh.
Bab lan Paragraf |
Geografi [sunting]
Barisan Pagunungan Himalaya dawané watara 2.400 km, mbentang saka Nanga Parbat ing kulon nganti Namche Barwa ing wétan. Jembaré bervariasi antara 250 - 300 km. Himalaya dipérang dadi telung barisan paralèl, diatur miturut dhuwur lan umuré sacara geologis.
Dalan gunung [sunting]
"Terrain" sing kasar, tegesé mung ana sethithik rute sing nglintasi Himalaya.
- Gangtok ing Sikkim menyang Lhasa ing Tibet liwat Celah Nathula lan Celah Jelepla (salah siji dhaérah Jalur Sutra).
- Bhadgaon ing Nepal menyang Nyalam ing Tibet.
- Rohtang Pass ing Himachal Pradesh, India
- Dalan saka Srinagar ing Kashmir liwat Leh menyang Tibet, sing saiki wis arang dipigunakaké amarga masalah ing wilayah kasebut.
Puncak-puncak wigati [sunting]
| Jeneng puncak | Èlevasi (m) |
|---|---|
| Everest | 8.850 |
| Dapsang | 8.611 |
| Kanchenjunga | 8.586 |
| Lhotse | 8.501 |
| Makalu | 8.462 |
| Cho Oyu | 8.201 |
| Dhaulagiri | 8.167 |
| Manaslu | 8.163 |
| Nanga Parbat | 8.126 |
| Annapurna | 8.091 |
| Gasherbrum I | 8.068 |
| Broad Peak | 8.047 |
| Gasherbrum II | 8.035 |
| Shishapangma | 8.027 |
| Gyachung Kang | 7.922 |
| Nanda Devi | 7.817 |
| Kabru | 7.338 |
| Pumori | 7.161 |
Dampak terhadap politik dan budaya [sunting]
Amergo ukuran Himalaya sing gedhe lan jembar, wes dadi sawijining rintangan alam sing gedhe banget marang manungso kawit jaman mbiyen. Terutama, pencegahan hubungan antara uwong saka sub-benua India dengan uwong saka Cina lan Mongolia, menyebabkan basa sing berbeda lan budaya saka wilayah tersebut.
Himalaya ugo telah mencegah rute perdagangan lan ekspedisi militer melaluinya. Contohne, Genghis Khan ora iso memperluas kekaisarannya nang kidul Himalaya menuju sub-benua India tersebut.
Gambar [sunting]
-
Sikkim bagian utara, Kangchengyao, India