Kangchenjunga
| Kangchenjunga | |
|---|---|
Kangchenjunga di pagi hari, dari Chouda Pheri |
|
| Dhuwur | Cithakan:Convert/LonAoffDbSoff</noinclude> [1] Ranking ke-3 |
| Lokasi | |
| Rangkaian | Himalaya |
| Prominence | 3.922 m (12.867 ft)</noinclude> Ranking ke-30 |
| Koordinat | 27°42′09″N 88°08′54″E / Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kadugaKoordinat: 27°42′09″N 88°08′54″E / Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga |
| First ascent | 25 Mei, 1955 |
| Rute pendakian paling gampang | glacier/salju/panjat es |
Kangchenjunga (Nepali:कञ्चनजङ्घा Kanchanjaŋghā) SewaLungma (Limbu) iku gunung paling dhuwur ka-3 ing donya sawisé Gunung Everest lan Chogori) kanthi èlevasi 8.586 mèter (28.169 kaki). Gunung iki uga minangka gunung paling dhuwur ka-2 ing Nepal. Kangchenjunga maknané "Lima Harta Karun Salju, amarga dumadi saka 5 pucuk, papat ing antarané nggayuh luwih saka 8.450 mèter dhuwuré. Harta karun iku nglambangaké 5 barang kagungan déwa ya iku emas, pérak, permata, biji-bijian lan kitab suci. Kangchenjunga disebut Sewalungma jroning basa Limbu lan dianggep suci jroning tradhisi agama Kirant. Telu saka 5 pucuké (utama, tengah, lan kidul) mbatesi wilayah Sikkim Lor saka distrik Sikkim, India lan Distrik Taplejung ing Nepal, lan 2 liyané dumunung ing Distrik Taplejung. Saliyané iku wilayah iki uga didadèkaké Kangchenjunga Conservation Area Project déning World Wildlife Fund [2] [3] [4] [5] [6], sing nglindhungi satwa Panda Abang, manuk, lan tanduran khas Nepal. Bagéan India uga nduwèni wilayah sing dilindhungi ing Taman Nasional Khangchendzonga.
Jeneng-jeneng pucuk:
| Nama puncak | Dhuwur (m) | Tinggi (k) |
|---|---|---|
| Kangchenjunga Utama | 8.586 | 28.169 |
| Kangchenjunga Barat (Yalung Kang) | 8.505 | 27.904 |
| Kangchenjunga Tengah | 8.482 | 27.828 |
| Kangchenjunga Kidul | 8.494 | 27.867. |
| Kangbachen | 7.903 | 25.925 |
[sunting] Rujuukan
- ↑ Angka-angka kagandhèng marang dhuwuring Kangchenjunga ana werna-werna. Dhuwur 8.598 metres (28.209 ft)</noinclude> lan 8.586 m (28.169 ft)</noinclude> kerep dianggo. Ing péta resmi Nepal 1:50.000, dhuwur sing dianggo sing paling cendhèk, saéngga uga disebutaké ing kéné.
- ↑ Pucuk paling dhuwur dumunung ing tapel wates India lan Nepal. Lihat [1].