Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Haarlemmermeer iku sawijining gemeente ing provinsi Holland Lor, Walanda. Gemeente iki salah sijining sing gedhé dhéwé ing Holland Lor. Ing kéné ana Bandar Udara Internasional Amsterdam Schiphol. Gemeente iki ibukuthané Hoofddorp lan Haarlemmermeer iku salah siji gemeente gedhé ing Walanda sing nduwé jeneng ibukutha sing séjé karo jenengé gemeente.
Tembung "Haarlemmermeer" tegesé "Tlaga Haarlem" lan ngrujuk sawijining tlaga sing tau ana ing kéné lan saiki wis diasataké dadi polder.