Cheng Ho
-
Artikel punika isinipun ngéngingi Cheng Ho.Kanggé kaginan sanès, pirsani Cheng Ho (disambiguasi).
Cheng Ho(Hanzi tradisional:鄭和, Hanzi sederhana: 郑和 , Hanyu Pinyin: Zhèng Hé, Wade-Giles: Cheng Ho; asma asli: 马三宝 Hanyu Pinyin: Ma Sanbao; asma Arab: Haji Mahmud Shams) (1371 - 1433), , punika satunggiling panjalajah Cinten ingkang ngayahi panjlajahan antawis taun 1405 ngantos 1433. Cheng Ho ugi naté dhateng ing tanah Jawi ngantos dumugi Afrika. Miturut cariyos-cariyos piyambakipun tiyang kedhi muslim, inggih punika tiyang ingkang dipunkebiri, tiyang kaprecadosan Kaisar Yongle saking Tiongkok (ingkang kuwaos taun 1403-1424).
Bab lan Paragraf |
Panjlajahan [sunting]
Cheng Ho ngayahi èkspédhisi dumateng sawetawis dhaérah ing Asia lan Afrika, antawisipun:
- Vietnam
- Taiwan
- Malaka / bagéan saking Malaysia
- Palembang, Sumatra/ bagéan saking Indonésia
- Jawa / bagéan saking Indonésia
- Sri Lanka
- India bagéan Kidul
- Persia
- Teluk Persia
- Arab
- Laut Merah, mangalèr dumugi Mesir
- Afrika, mangidul dumugi Selat Mozambik
Amargi nganut agami Islam, para réncangipun sami sumerep manawi Cheng Ho kepingin sanget minggah kaji dhateng Mekkah sepertos ingkang sampun naté dipunayahi déning almarhum ramanipun, ananging para arkéolog lan para ahli sajarah dèrèng gadhah bukti kiyat ngèngingi bab puniki. Cheng Ho ngayahi èkspédisi paling sakedhik kaping pitu nganggé kapal armadanipun.
Pelayaran [sunting]
| Pelayaran | Wekdal | Dhaérah ingkang dipunlangkungi[1] |
|---|---|---|
| Pelayaran kaping-1 | 1405-1407 | Champa, Jawa, Palembang, Malaka, Aru, Sumatra, Lambri, Ceylon, Kollam, Cochin, Calicut |
| Pelayaran kaping-2 | 1407-1408 | Champa, Jawa, Siam, Sumatra, Lambri, Calicut, Cochin, Ceylon |
| Pelayaran kaping-3 | 1409-1411 | Champa, Java, Malacca, Sumatra, Ceylon, Quilon, Cochin, Calicut, Siam, Lambri, Kaya, Coimbatore, Puttanpur |
| Pelayaran kaping-4 | 1413-1415 | Chaèmpa, Java, Palembang, Malacca, Sumatra, Ceylon, Cochin, Calicut, Kayal, Pahang, Kelantan, Aru, Lambri, Hormuz, Maladewa, Mogadishu, Brawa, Malindi, Aden, Muscat, Dhufar |
| Pelayaran kaping-5 | 1416-1419 | Champa, Pahang, Java, Malacca, Sumatra, Lambri, Ceylon, Sharwayn, Cochin, Calicut, Hormuz, Maldives, Mogadishu, Brawa, Malindi, Aden |
| Pelayaran kaping-6 | 1421-1422 | Hormuz, Afrika Timur, negara-negara ing Jazirah Arab |
| Pelayaran kaping-7 | 1430-1433 | Champa, Java, Palembang, Malacca, Sumatra, Ceylon, Calicut, Hormuz... (17 politics in total) |
Cheng Ho mimpin pitu èkspédisi dhumateng panggénan ingkang kasebat déning tiyang Cinten Samudra Kilèn (Samudra Indonésia). Cheng Ho ngasta kathah hadhiah lan langkung saking 30 utusan krajaan rawuh ing Cinten - kalebet Raja Alagonakkara saking Sri Lanka, ingkang rawuh saperlu nyuwun pangapunten dhumateng Kaisar.
Armada [sunting]
Armada iki terdiri saka 27.000 anak buah kapal an 307 (armada) kapal laut.
Rujukan [sunting]
- ^ Maritime Silk Road 五洲传播出版社. ISBN 7-5085-0932-3
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.