Kaisar Yongle
| Kaisar Yongle | |
|---|---|
|
|
|
| Pamaréntahan | 17 July 1402 - 12 August 1424 (22 taun, 26 dina) |
| Didhisiki | Kaisar Jianwen Emperor |
| Pangganti | Kaisar Hongxi Emperor |
| Garwa | Kaisar Ren Xiao Wen |
| Selir | Noble Permaisuri Zhao Xian Mulia Permaisuri Zhao Yi Consort Gong Xian Xian Permaisuri Zhong Jing Zhao Shun Xian Permaisuri Kang Mu Yi Gong Hui Permaisuri Gong Shun Rong Mu Li Permaisuri Kang Jing Zhuang He Hui Permaisuri Duan Jing Gong Hui Shu Permaisuri Gong He Rong Shun Xian Permaisuri Zhao Su Jing Hui Xian Permaisuri Zhao Hui Gong Yi Shun Permaisuri Hui Mu Zhao Jing Shun Permaisuri Kang Hui Zhuang Shu Li Permaisuri An Shun Hui Permaisuri Gong Yi Hui Permaisuri Zhao Shun De Permaisuri Kang Yi Shun Permaisuri Hui Mu Shun Permaisuri Zhen Jing Shun Permaisuri Shun Lee Zhaoyi Ryeo Jieyu Diajeng ayu Choi Diajeng ayu Gong Rong Diajeng ayu Jing Hui Diajeng ayu Zhuang Hui |
| Isu | |
| Kaisar Zhu Gaochi, Hongxi Pangeran Yong'an Pangeran Yongping Zhu Gaoxu, Pangeran of Han Zhu Gaosui, Pangeran Jian of Zhao Pangeran Ancheng Pangeran Xianning Pangeran Changning Zhu Gaoxi |
|
| Asma jangkep | |
| Marga cina: Zhu (朱) Jeneng pangiget-inget: Di (棣) |
|
| Era name and | |
| Yǒnglè (永樂): 23 January 1403 – 19 January 1425 | |
| Asma anugerah | |
| Emperor Qitian Hongdao Gaoming Zhaoyun Shengwu Shengong Chunren Zhixiao Wen 啓天弘道高明肇運聖武神功純仁至孝文皇帝 |
|
| Nami kuil | |
| Ming. Chéngzǔ [1] 明成祖 |
|
| House | Ming |
| Bapa | Kaisar Hongwu |
| Ibu | Permaisuri Xiao Ci Gao |
| Dipunsarèkaken | 19 December 1424 Changling Mausoleum, Ming Dynasty Tombs, Beijing |
Kaisar Yongle (Hanzi: 永乐, lair ing Nanjing, Cina, 2 Mei 1360 – tilar donya 12 Agustus 1424 kanthi yuswa 64 taun) ya iku kaisar ka-3 saka Dinasti Ming, Tiongkok kang mangsa pamréntahané taun 1402 nganti tekan taun 424.[2] Dhèwèké lair kanthi jeneng Zhu Di (朱棣), putra ka-4 saka Zhu Yuanzhang (Kaisar Hongwu).[2] Dheweke dadi kaisar sawise nggulingake keponakane kanthi cara kudeta kang luwih dikenal karo jeneng Insiden Jingnan (靖难之变).[2] Yongle yaiku salah siji kaisar kang paling apik kang tau mimpin ana ing Tiongkok.[2] Prestasine yaiku kaya ngirim ekspedisi pelayaran keliling donya ana ing pimpinane kasim Zheng He nganti tekan budaya lan keagungan Tiongkok paling gedhe kang ana ing donya lan dheweke uga kang nyunting Ensiklopedia Yongle (永乐大典), ensiklopedia pisanan kang paling gedhe lan paling komprehensif ana ing donya.[2] Dheweke kuwi kang mindahake ibukota Ming saka Nanjing menyang Beijing kang tetap dadi ibukaota nganti tekan saiki.[2]
Zhu Di dilairake nalika tanggal 2 Mei 1360 ana ing Kutha Nanjing saka hubungan Hongwu karo Permaisuri Ma (nanging ana dugaan dheweke lair saka selir liyane].[3] Dheweke tumbuh ana ing ingkungan kang apik yaiku nalika Dinasti Ming ana ing mangsa kajayane.[3] Bapake kang ndidik dheweke lan uga adhi-adhine kanthi pendidikan kang cukup, dheweke uga dianugerahi gelar kepangeranan lan wilayah kakuwasan.[3] Zhu Di dhewe oleh gelar Pangeran Yan (燕王) lan nguwasani Beiping (saiki Beijing lan wilayah Hebei).[3] Nalika dheweke pisanan teka ana ing Beiping, wilayah iku ana ing kahanan kang sengsara lan rakyate padha kengelehen, wabah penyakit, lan gangguan keamanan ana ing wewatesan saka suku-suku Mongol.[3] Zhu Di kerja keras kanggo ndandani kondisi iki nganti dheweke bisa sukses oleh dukungan saka rakyat kang ana ing kana.[3] Dheweke uga seringi peranf klawan Mongol ana ing watesan karo dibantu dening mertuane, jenderal Xu Da, kang uga dadi salah siji jenderal kang gedhe jasane nalika ngedegake Dinasti Ming.[3]