Cepu Ekspres
Artikel kang duwé sesirah ladénan sepur, jadwal lumakuné bisa owah sakwekrtu-wektu. Informasi babagan jadwal lumakuné sepur bisa owah sakwektu-wektu. Wikipedia ora tanggung jawab bener orané data kang ana ing jadwal lumakuné sepur. Mangga bisa sesambungan marang operator sepur kang gegayutan supaya pikolèh informasi kang luwih pepak. |
Sepur Cepu Ekspres | |||
---|---|---|---|
Surasa | |||
Golongan | Ékonomi AC | ||
Pranata | Sepur Ekspres | ||
Drajad | Beroperasi | ||
Papan | Daop VIII Surabaya | ||
Tasiyun terminus | Surabaya Pasar Turi Semarang Poncol | ||
Cacahing tasiyun | 9 | ||
Jaluring playanan | 1 | ||
Angkaning sepur | 213-214 | ||
Palakon | |||
Dibukak | 25 Agustus 2011 | ||
Panduwé | PT Kereta Api Indonesia | ||
Palaku | Laladan Operasi VIII Surabaya | ||
Dèpot | Surabaya Pasar Turi (SBI) | ||
Lokomotif | CC201, CC203, CC206 | ||
Tèhnis | |||
Jarak nempuh | 282 km | ||
Ambaning sepur | 1.067 mm | ||
Karikatan palakon | 50 ngantos 100 km/jam | ||
|
Cepu Ekspres ya iku salah sawijining produk transportasi massal ingkang didhamel kaliyan PT. Kereta Api Indonesia (Persero) laladan operasi (Daop) 8 Surabaya. Sepur iki kaping pisan miwiti mlampah maringi layanan kanci surya 25 Agustus 2011. Kapisan diagem kaliyan Daop 8 namung nulayani penumpang ingkang tindhak marang kutha Surabaya-Cepu inggih tindhak wangsul (PP).
Sajarah Sepur
[besut | besut sumber]Sajarah sepur kaya déné sajarah piranti transportasi lumrahé sing diwiwiti kanthi panemuan rodha. Wiwitané ditepungi kréta jaran sing mung dumadi saka siji kréta (rangkéan), banjur digawé kréta jaran sing narik punjul siji rangkéan sarta lumaku ing jalur tartamtu sing kagawé saka wesi (ril sepur) lan dijenengaké sepur. Iki dipigunakaké mligi ing laladan pertambangan, papan anané lori sing dirangké lan ditarik nganggo jaran. Sajarah sepur kaya déné sajarah piranti transportasi lumrahé sing diwiwiti kanthi panemuan rodha. Wiwitané ditepungi kréta jaran sing mung dumadi saka siji kréta (rangkéan), banjur digawé kréta jaran sing narik punjul siji rangkéan sarta lumaku ing jalur tartamtu sing kagawé saka wesi (ril sepur) lan dijenengaké sepur. Iki dipigunakaké mligi ing laladan pertambangan, papan anané lori sing dirangké lan ditarik nganggo jaran.
Sawisé James Watt nemu mesin uwab, Nicolas Cugnot gawé kendharaan roda telu kanthi bahan bakar uwab. Wong-wong nyebut kendharaan iku minangka jaran wesi. Banjur Richard Trevithick gawé mesin lokomotif sing dirangké nganggo kréta lan dituduhaké marang masarakat umum. George Stephenson nyampurnakaké lokomotif sing menang ing lomba balap lokomotif lan dipigunakaké ing jalur Liverpool - Manchester. Wektu iku lokomotif uwab sing dipigunakaké mawa konstruksi walang. Panyampurnan banjur dianakaké supaya saged ngasilaké lokomotif uwab sing luwih èfèktif, kanthi daya gedhé, lan bisa narik kréta kanthi kathah.
Panemon listrik déning Michael Faraday agawé sawatara panemon piranti listrik sing diiloni panemon motor listrik. Motor listrik banjur dipigunakaké kanggo gawé trèm listrik sing dadi cikal bakal sepur listrik. Banjur Rudolf Diesel munculaké sepur mawa mesin diesel sing luwih duwé tenaga lan luwih èfisièn tinimbang lokomotif uwab. Sairing karo ngrembakane tèknologi listrik lan magnèt sing luwih maju, banjur digawé sepur magnèt sing duwé kacepetan sadhuwuré kacepetan sepur biyasa. Jepang sajeroning dasawarsa 1960-an ngoperasèkaké KA Super Ekspress Shinkanzen kanthi rute Tokyo-Osaka sing wusanané dikembangaké manèh saéngga nggayuh amèh kabèh tlatah Jepang. Prancis banjur ngoperasèkaké sepur kanthi jeneng TGV.
Sepur Cepu Ekspres
[besut | besut sumber]Catethan Suku
[besut | besut sumber]Pranala njaba
[besut | besut sumber]- Situs Latar Wuri Kereta Api Indonesia Archived 2016-12-07 at the Wayback Machine.