Asam nukleat
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Asam nukleat (basa Inggris: nucleic acid) iku makromolekul biokimia sing komplèks, kanthi bobot molekul dhuwur, lan kasusun mawa ranté nukleotida sing ngandhut informasi genetik. Asam nukleat sing paling umum yaiku Asam deoksiribonukleat (DNA) lan Asam ribonukleat (RNA). Asam nukleat ditemokaké ing kabèh sel urip sarta ing virus.
Asam nukleat dijenengi mangkono amarga kaanan umumé ing njero inti (nukleus) sel. Asam nukleat arupa biopolimer, lan monomer panyusuné yaiku nukleotida. Saben nukleotida kasusun saka telung komponèn, yaiku siji basa nitrogen heterosiklik (purin utawa pirimidin), siji gula pentosa, lan siji gugus fosfat. Jinis asam nukleat dibédakaké déning jinis gula sing ana ing ranté asam nukleat mau (upamané, DNA utawa asam deoksiribonukleat ngandhut 2-deoksiribosa). Saliyané iku, basa nitrogen sing ditemokaké ing rong jinis asam nukleat mau nduwèni béda: adenin, sitosin, lan guanin bisa ditemokaké ing RNA uga ing DNA, déné timin bisa ditemokaké mung ing DNA lan urasil bisa ditemokaké mung ing RNA.
[sunting] Pirsanana uga
| Artikel perkawis kimia punika taksih arupi seratan rintisan. Panjenengan saged mbiyantu Wikipedia ngembangaken. |
