Makromolekul
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Makromolekul iku molekul sing gedhé banget. Polimer alami uga sintetik iku arupa makromolekul, contoné hemoglobin. Sapérangan senyawa non-polimer uga ana sing kalebu ing makromolekul, contoné lipid. Nanging, sistem jaringan atom gedhé liyané kayata ikatan kovalen logam ora bisa ditelakaké minangka makromolekul. Istilah makromolekul iki sepisanan ditepungaké déning pemenang nobel Hermann Staudinger watara taun 1920an.