Aksara Fenisia
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Aksara Fenisia asalé saka kira-kira taun 1000 SM lan arupa turunan langsung aksara Proto-Sinai. Aksara iki digunakaké déning wong Fenisia kanggo nulis basa Fenisia, sawijining basa Semitik Lor. Aksara-aksara modhèrn sing arupa turunan aksara Fenisia yaiku aksara Yunani, aksara Latin, lan aksara Ibrani. Aksara Fenisia klebu sawijining abjad. Aksara Fenisia iku sawijining abjad "gundhul". Jroning aksara Fenisia, vokal ora ditulisaké.
Prasasti-prasasti Fenisia ditemokaké ing saindhenging Laut Tengah. Situs-situsé ing antarané yaiku Byblos (Libanon) lan Kartago (Tunisia).
Aksara [sunting]
Rujukan [sunting]
- (fr) Je m'appelle Byblos, Jean-Pierre Thiollet, Paris, ISBN 2 914 266 04 9
Pranala njaba [sunting]