Éric Abidal
| Informasi pribadi | |||
|---|---|---|---|
| Jeneng pepak | Éric Sylvain Abidal[1] | ||
| Tanggal lair | 11 September 1979 (umur 33) | ||
| Papan lair | Lyon, France | ||
| Dhuwur | 186 m (Cithakan:Convert/rand in)</noinclude> | ||
| Posisi pamain | Defender | ||
| Informasi klub | |||
| Klub saiki | Barcelona | ||
| Nomer | 22 | ||
| Karir remaja | |||
| 1999–2000 | Lyon Duchère | ||
| Karir senior* | |||
| Taun | Tim | Apps† | (Gls)† |
| 2000–2002 | Monaco | 25 | (0) |
| 2002–2004 | Lille | 60 | (0) |
| 2004–2007 | Lyon | 76 | (0) |
| 2007– | Barcelona | 98 | (0) |
| Tim nasional‡ | |||
| 2004– | France | 55 | (0) |
| * Senior club appearances and goals counted for the domestic league only and correct as of 30 May 2011. † Appearances (Goals). |
|||
Éric Sylvain Abidal (lair 11 September 1979) utawi asring sinebat mawi asma Eric Abidal, inggih menika pemain bal-balan saking negari Perancis.[2] Eric Abidal nggadhahi posisi minangka bek tengah ing tim nasional bal Perancis lan klub FC Barcelona saking negari Spanyol.[2]
Karier Klub [sunting]
Abidal latian bal ing Lyon-Duchère, satunggalipun sub tim Lyon.[2] Abidal miwiti karier profesionalipun ing klub Monaco FC ing tanggal 16 September 2000, nalika semanten Eric Abidal main ing klub menika sampun 25 adu tandhing. Salajengipun Abidal pindhah dhateng klub Lille OSC.[2] Ing klub menika Abidal saged reuninan kaliyan kancanipun Claude Puel, ing tim menika Abidal main bal cacahipun 62 adu tandhing.[2] Ing pungkasanipun taun 2004, Abidal gantos dhateng klub Olympique Lyonnais.[2] Ing tim menika, Abidal main bal sesarengan kanca setunggal tim ing tim nasional Perancis (Grégory Coupet, François Clerc, lan Anthony Réveillère) lan ugi kaliyan kalih kancanipun saking tim nasional bal Brazil (Cristiano Marques Gomez lan [Caçapa]]).[2] Tanggal 17 Januari 2007, Abidal saged damel gol lan minangka gol pisanan sadangunipun karieripun. Nalika semanten Olympique Lyonnais saged ngalahaken Le Mans Union Club 72 kanthi skor pungkasan 1-0. Pertandhingan kasebat kalaksanan ing taun 2006/2007.[3] Tanggal 30 Juni 2007, Abidal pindhah dhateng klub FC Barcelona kanthi regi transfer 9 juta Euro. Kontrak menika dangunipun sekawan taun.[4]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ "List of Players" (PDF). FIFA. http://www.fifa.com/mm/document/tournament/competition/01/22/85/78/fwc_2010_squadlists.pdf. Retrieved 16 June 2010.
- ^ a b c d e f g (en)Eric Abidal dipunundhuh tanggal 8 Juli 2011)
- ^ (en)Coupe de la Ligue – Match stats dipunundhuh tanggal 8 Juli 2011)
- ^ (en)Abidal completes move to Barcelona dipunundhuh tanggal 8 Juli 2011)
Pranala Njawi [sunting]
(en)Eric Abidal
|
|||||||