Wit Jenitri
Wit jenitri punika kagolong salah satunggaling wit ingkang saged dipuntemuake wonten ing pusat jantung kutha.<]ref name="internet 1"> [2] Archived 2012-06-06 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 5 Oktober 2012)</ref> Wit punika ugi asring dipun-ginakaken kanggé paru-paru kutha.[1] Wit jenitri punika asring dipunsebat genitri utawa basa latinipun Elaeocarpus ganitru.[2] Wit punika kathah dipuntandhur wonten ing Jawa Tengah, Sumatra,Kalimantan,Bali lanTimor.[2] Wiji saking wit punika saged dipun-ginakaken kanggé peluruh lemak lan penyamak kulit.[1] Wonten India wit jenitri punika dipunsebat kaliyan Rudraksa.[2] Rudaksa punika asalipun saking tembung rudra ingkang ateges Déwa Siwa lan aksa ingkang ateges soca.[2] Saéngga tegesipun inggih punika socanipun Siwa.[2] Tiyang Hindhu punika pitados bilih rudraksa punika tangisanipun déwa ingkang tumurun ing bumi.[2] Banyu tangisan punika dumados wit rudraksa.[2] Indonesia punika kagolong jinising nagara ingkang kathah produksi jenitrinipun. Wit Jenitri punika dipunbudidayakaken kaliyan tani ing Indonesia.[1] Umumipun jenitri punika saged dipunproduksi antawis umur 2 taun.[1] Jinising lokal punika gadhah umur 6-7 taun nembé saged metu wohé.[1] Wit jenitri punika kagolong jinising wit ingkang saged tukul wonten ing kabèh jinising lemah.[1] Wonten ing kondisi normal tiyang tani punika saged panen kathahipun ping kalih.[1]
Faedahipun
[besut | besut sumber]• Ngontrol tekanan darah, stres lan penyakit mental.[2]
• Saged nambani epilepsi, asma, hipertensi, radang sendi lan penyakit ati.[2]
• Antidepresan lan antibiotik.[2]
Ciri-Ciri Wit Jenitri
[besut | besut sumber]Batang
• Batang lan cawangipun jinisng kayu
• Dhuwuripun 10-15 mèter (jenitri lokal) lan 4-6 mèter kanggé jenitri super bibar wit punika umur kirang langkung 4 taun.
Godhong
• Pucukipun radi runcing lan gerigi
• tangkai godhong udakara 0.5 cm
• Ambanipun 4 cm
• Dawanipun 16 cm
• Werni ijo manawi taksih enem lan ijo abrit manawi sampun tuwa.
Kembang
• Kagolong kembang majemuk
• Wujudipun malai
• Gadhah tangkai 0.5 cm
• Godhong kelopak bunder endhog dawa, radi runcing, warni ijo pucet utawa ijo radi abrit
• Berambut
• Godhong mahkotanipun warni kuning utawa cemeng radi ijo
Buah
• Wujudipun bunder kaya bal
• Kulitipun alus warni ijo manawi taksih enem lan biru tuwa manawi buah sampun tuwa
• Diameter buah punika manéka warna antawis 0.5 cm dumugi 2 cm.
• Wijinipun kados bathok bergerigi ingkang njawi kados ta wiji gandhul. Wiji ingkang sampun tuwa bathok ingkang langkung atos.
Cathetan suku
[besut | besut sumber]
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |