Menyang kontèn

Velove Vexia

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Velove Vexia
LairVelove Vexia Kaligis
13 Maret 1990 (umur 35)
Manado, Sulawesi Utara, Indonesia
BangsaIndonesia
PakaryanArtis, Model

Velove Vexia Kaligis (lair ing Manado, 13 Maret 1990; umur 35 taun).[1] Velove Vexia iku salah sijiné juru main sinétron Indonesia.[1] Velove Vexia iku duwé katurunan Manado-Jawa. Velove Vexia iku anak wadon saka pengacara O.C. Kaligis lan Alfa Lolita.[2]Velove Vexia miwiti karire lumantar peran gandané dadi Olivia lan Ruben ing sinétron kang judhule Olivia.[1] sinétron iki disiyaraké ing salah sijiné tivi swasta ya iku RCTI.[1] Sinetron iki kang nggawé jenengé sangsaya misuwur.[1]Miturut asil survei AC Nielsen, Olivia éntuk peringkat siji perolehan rating kang akèhé 9,2 persèn kanthi share 28,2 persèn, lan ngalahaké sinétron Intan.[1] Saliyané main sinétron, Velove Vexia uga pernah dadi bintang kanggo video klip Ihsan Idol, Irwansyah lan video klip The Titans.[1] Velove Vexia tau dadi bintang tamu ing komedi situasi OB (Office Boy) episode 269.[1]Velove Vexia tau sekolah ing SMA Global Jaya.[1] Velove Vexia tau digosipaké pacaran karo Raffi Ahmad lan Banyu Biru.[1] Sawisé akting ing filem kang judhule Olivia, Velove Vexia éntuk tawaran main sinétron liyané kaya ta PHOBIA 17, KHANZA, dan TIMUR CINTA.[1]Velove Vexia uga tau dadi bintang iklan produk Kotex lan Biore uga video klip Iksan Idol.[1] Sawisé lulus SMA, Velove Vexia nutugaké ing Perancis, nanging amarga ora betah, Velove Vexia banjur nutugake kuliyahé ing University of Santa Monica, Los Angeles, USA, lan njupuk jurusan Bisnis.[1] Nalika April 2010, Velove Vexia mbalik ing Indonésia.[1] Velove Vexia main ing sinétron SEINDAH SENYUMAN WYNONA.[1] Ing sinétron iki, Velove Vexia akting karo aktor Dude Harlino.[1]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 16 selebriti.kapanlagi.com(dipunundhuh tanggal 21 Agustus 2011)
  2. movietei.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 21 Agustus 2011)