Tumpang sari

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
teknik tumpang sari
tanduran ing sabén

Tumpang sari inggih punika satunggaling cara utawi usaha nandur manéka warna jinising tanduran wonten ing papan lan wekdal ingkang sami, anggènipun nandur punika dipunatur kanthi larikan-larikan tanduran. Penanaman model punika saged dipuntrepaken wonten kalih utawi langkung tanduran ingkang relatif seumuran, tuladhanipun jagung kaliyan kacang utawo saged ugi kanggé tanduran kanthi umur ingkang béda [1].

Kanthi cara tumpang sari punika saged ngirit béaya anggènipun ngolah lahan ugi nginggilaken kasiling panèn. Teknik punika sejatosipun boten béda kaliyan ngolah lahan biasa. Ananging para petani kedah njadwal wekdal nandur jinis-jinis tanduran ingkang badhé dipun-budidaya kanthi permati. Tuladhanipun para petani badhé nandur kembang kol, sawi, lan lombok petani kasebut kedah mangertosi sifating tanduran-tanduran kasebut [2].

Faktor lingkungan[besut | besut sumber]

Menawi badhé nenandur kanthi tèknik tumpang sari kanthi saé punika kedah nggatosaken faktor-faktor lingkungan ingkang wonten prabawaipun dhateng tanduran inggih punika kawontenan toya, cahya srengéngé, lan ama penyakit [1][2]. Anggènipun nemtokaken jinising tanduran ingkang badhé dipundamel tumpang sari lan wekdal nandur punika kedah dipunjumbuhaken kaliyan kawontenan toya. Perkawis punika kanthi ancas supados tuwuh lan produksinipun tanduran saged maksimal.

kesuburan lemah punika kedah dipungatosaken awit ngindari panyerepan hara lan toya wonten ing satunggal pétak lahan antar tanduran. Wonten ing pola nandur tumpang sari punika langkung sae milih tanduran ingkang oyotipun jero lan ingkang gadhah oyot ingkang cendhek. Sebaran srengénge ugi wigati sanget kanthi ancas supados tanduran ingkang dipundamel tumpang sari pikantuk cahya ingkang cekap amargi kagungan prabawa kasiling sintesa ( glukosa ).

Kanggé antisipasi wontenipun ama penyakit supados ngirangi résiko serangan ama lan penyakit ing pola tandur tumpang sari langkung sé dipuntandur tanduran ingkang kagungan jinis ama lan penyakit ingkang béda-béda. Pérangan punika kanthi ancas supados boten dados inang saking ama lan penyakit anduran sanès ingkang dipundamel tumpang sari.

Untungipun pola tumpang sari[besut | besut sumber]

Sistem nandur kanthi pola tumpang sari punika kathah untungipun katandingan kaliyan nandur kanthi ngginakaken pola tandur monokultur. Untungipun kados wonten ing ngandhap punika :

  • Populasi tanduran saged dipunatur miturut kersanipun piyambak.
  • Saged manfaataken lahan saha panyerepan cahya srengéngé.
  • Wonten ing satunggal lahan saged pikantuk produksi langkung saking satunggal komoditas.
  • Kombinasi maneka warna tanduran saged nyiptakaken jinis tanduran ingkang dados stabilitas biologis saéngga saged ngirangi serangan ama lan penyakit saha nglestantunaken sumber daya lahan mliginipun kesuburan lemah.
  • Tasih saged pikantuk kasil nalika wonten satunggal tanduran ingkang boten saged kepanèn.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b [1], (id) Introduksi tèknologi tumpangsari jagung dan kacang tanah (dipun-akses tanggal 15 Desember 2012) .
  2. ^ a b [2], (id) http://www.anneahira.com (dipun-akses tanggal 15 Desember 2012) .
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Tumpang_sari&oldid=1081639"