Thomas Aquinas

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Thomas Aquinas
St-thomas-aquinas.jpg
Thomas Aquinas nyipeng bukunipun: Summa Theologiae.
Pakarya Biarawan, Filsuf, Téolog
Gènre Scholasticism, Thomism
Subyèk Metafisika, Logika, Pikiran,
Epistemologi, Etika, Pulitik
Karya gedhé Summa Theologica

Thomas Aquinas (1225, Aquino, Italia – Fossanova, Italia, 7 Maret 1274), sok ugi sinebut Thomas Aquino utawi Thomas saking Aquino (basa Italia: Tommaso d’Aquino) punika satunggiling filsuf lan ahli teologi misuwur saking Italia.

Piyambakipun dados misuwur amargi saged ndamel sintesis saking filsafat Aristoteles lan ajaran Gréja Kristen. Sintesisipun puniki dipunamot ing karya utaminipun: Summa Theologiae (1273). Piyambakipun disebut minangka "Ahli teologi utami tiyang Kristen." Malah panjenenganipun dipunanggep minangka tiyang suci déning Gréja Katulik lan kagungan gelar santo.

Kagesangan Thomas Aquinas[besut | besut sumber]

Aquinas punika teolog skolastik ingkang paling ageng. Panjenenganipun punika murid Albertus Magnus. Albertus mulang perkawis filsafat Aristoteles saéngga panjenenganipun baud sanget ing filsafat punika. Pandangan-pandangan filsafat Aristoteles dipunselarasaken kaliyan pandangan-pandangan Alkitab. Panjenenganipun tiyang ingkang paling kasil nyelarasaken kekalihipun saéngga filsafat Aristoteles boten dados unsure ingkang mbebayani kanggé iman Kristen. Ing taun 1879, ajaran-ajaranipun dipundadosaken minangka ajaran ingkang sah ing Gréja Katulik Roma déning Paus Leo XIII.

Thomas dipunwiyosaken ing Roccasecca, celak Aquino, Italia, taun 1225. Bapanipun inggih punika Pangeran Landulf saking Aquino. Tiyang sepuhipun punika tiyang Kristen Katulik ingkang salèh. Punika ingkang dados jalaran putranipun, Thomas, ing yuswa gangsal taun dipunpasrahken ing biara Benedictus ing Monte Cassino kanggé diwulang supados ing mangsa ngajeng dados satunggiling biarawan. Sasampunipun sedasa taun Thomas wonten ing Monte Cassino, panjenenganipun dipunpindhah ing Naples kanggéngrampungaken pendidikan basanipun. Sasampunipun ing mrika, panjenenganipun wiwit kasengsem marang pedamelan karasulan gréja, lan panjenenganipun ngupados pindhah ing Ordo Dominikan, satunggiling ordo ingkang sanget kagungan peranan ing abad punika. Pepénginanipun boten dipunpangèstoni déning tiyang sepuhipun saéngga panjenenganipun kedah mapan ing Roccasecca laminipun langkung saking setunggal taun. Nanging, tekadipun sampun wateg saéngga tiyang sepuhipun pasrah marang gegayuhan putranipun. Ing taun 1245, Thomas resmi dados anggota Ordo Dominikan.

Minangka anggota Ordo Dominikan, Thomas dipunkintun sinau ing Universitas Paris, satunggiling universitas ingkang misuwur sanget ing wekdal semanten. Panjenenganipun sinau ing mrika laminipun tigang taun (1245 -- 1248). Ing mriki panjenenganipun tetepangan kaliyan Albertus Magnus ingkang nepangaken filsafat Aristoteles marang piyambakipun. Panjenenganipun ngréncangi Albertus Magnus maringaken kuliah ing Studium Generale ing Cologne, Prancis, ing taun 1248 - 1252.

Ing taun 1252, panjenenganipun kundur ing Paris lan wiwit maringaken kuliah Biblika (1252-1254) lan Sentences, karangan Petrus Abelardus (1254-1256) ing Konven St. Jacques, Paris.

Kaprigelan Thomas misuwur sanget saéngga piyambakipun dipunparingi jejibahan kanggé maringaken kuliah-kuliah ing bidang filsafat lan teologia ing sapérangan kita ing Italia, kadosta ing Anagni, Orvieto, Roma, lan Viterbo, ingkang laminipun sedasa taun. Ing taun 1269, Thomas dipundhawuhi kundur ing Paris. Panjenenganipun naming tigang taun wonten ing mrika amargi ing taun 1272 panjenenganipun dipunparingi jejibahan kanggémbikak satunggiling sekolah Dominikan ing Naples.

Ing lelampahan nuju Konsili Lyons, dumadakan Thomas gerah lan tilar donya ing biara Fossanuova, 7 Maret 1274. Paus Yohanes XXII ngangkat Thomas minangka tiyang suci ing taun 1323.

Piwucal Thomas Aquinas[besut | besut sumber]

Super libros de generatione et corruptione

Thomas mucalaken Allah minangka "wonten ingkang boten winates " (ipsum esse subsistens). Allah punika "dzat ingkang paling inggil", ingkang kagungan kawontenan ingkang paling inggil. Allah punika pangobah ingkang boten obah. Katon sanget prabawa filsafat Aristoteles ing kaca tingalipun.

Donya puniki lan gesang manungsa kapérang saking kalih tingkat, inggih punika tingkat adikodrati lan kodrati, tingkat nginggil lan ngandhap. Tingkat ngandhap (kodrati) namung saged dipunpahami kanthi migunaaken akal. Gesang kodrati puniki kirang sampurna lan saged dados sampurna menawi dipunsampurnaaken déning gesang rahmat (adikodrati). "Tabiat kodrati sanès dipun boten wontenaken , ananging dipunsampurnakaken déning rahmat," mekaten pratelakanipun Thomas Aquinas.

Ngenani manungsa, Thomas mucalaken bilih ing mulabukanipun manungsa kagungan gesang kodrati ingkang sampurna lan diparingi rahmat Allah. Nalika manungsa dhawah ing salebeting dosa, rahmat Allah (rahmat adikodrati) punika ical lan tabiat kodrati manungsa dados kirang sampurna. Manungsa boten saged malih netepi paugeran katresnan tanpa pitulungan rahmat adikodrati. Rahmat adikodrati punika dipuntawakaken marang manungsa liwat gréja. Kanthi pitulungan rahmat adikodrati punika manungsa dipunkiyataken kanggé ngupados keslametanipun lan mungelaken manungsa dipunmenangaken déning Kristus.

Perkawis sakramèn, piyambakipun kagungan pendapat bilih wonten pitung sakramèn ingkang dipuntitahaken déning Kritus , lan sakramèn ingkang paling wigati inggih punika Ékaristi (sacramentum sacramentorum). Rahmat adikodrati punika dipunsaluraken matang tiyang pitados liwat sakramèn. Kanthi nampi sakramèn, tiyang wiwit mlampah nuju marang satunggiling kagesangan ingkang énggal lan ngglampahaken tumindak-tumindak ingkang saé ingkang ndadosaken tiyang punika dipuntampi déning Allah. Kanthi mekaten, rahmat adikodrati penting sanget amargi manungsa boten saged ndamel punapa-punapa ingkang saé tanpa rahmat ingkang dipunparingaken déning Allah.

Gréja dipunpriksani minangka lembaga kaslametan ingkang boten saged ndamel lepat ing ajaranipun. Paus kagungan kuwaos paling inggil ing géja lan satunggil-satunggiling pawucal paling inggil ing géja. Karya teologis Thomas ingkang misuwur sanget inggih punika "Summa Contra Gentiles" lan "Summa Theologia".

Sumber[besut | besut sumber]

F.D. Wellem, Riwayat Hidup Singkat Tokoh-Tokoh dalam Sejarah Gereja, BPK Gunung Mulia, Jakarta 1999

Mangga kapurih ugi mirsani[besut | besut sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Thomas_Aquinas&oldid=1089812"