Tari jaran képang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Tari Kuda Lumping)
Jogèd jaran képang

Jogèd jaran képang ugi dipunsebut jaran dhor utawi jathilan inggih punika jogèd tradhisional Jawa ingkang nampilaken sekelompok prajurit nalika nunggang turangga. Jogèd punika migunakaken kapal ingkang kadamel saking pring ingkang dipunanyam lan dikethok kados wujud jaran.[1] Anyaman jaran punika lajeng dipunhias kanthi cat lan kain ingkang manéka werni. Jogèd jaran lumping limrahipun namung nampilaken adegan prajurit kanthi jaran, nanging wonten ing pinten-pinten wewengkon nyuguhaken atraksi kesurupan[2], kekebalan, lan kekiyatan magis, kados ta atraksi mangan beling lan kekebalan badan tumrap pecut. Jaran Képang minangka péranganing pagelaran jogèd réyog[3]. Éwadéné jogèd punika asalipun saking tlatah Jawa,Indonésia,[4] jogèd punika ugi dipunwarisaken déning tiyang Jawa ingkang papan dunungipun wonten ing Sumatera Utara lan ing pinten-pinten tlatah ing njawi rangkah Indonésia kados ta ing Malaysia.

Kuda lumping inggih punika seni jogèd ingkang dipunmainaken kanthi properti awujud jaran tiruan, ingkang kadamel saking anyaman pring utawi kepang. Boten wonten satunggal sajarah ingkang saged ngandharaken asal muasalipun jogèd punika, namung riwayat verbal ingkang dipunturunaken saking satunggal génerasi dhumateng génerasi salajengipun.

Sajarah[besut | besut sumber]

Konon, jogèd jaran lumping minangka wujud apresiasi lan dukungan rakyat jelata tumraping wadyabala berkuda Pangeran Diponegoro nalika ngadhepi penjajah Walanda. Wonten ugi versi ingkang nyebutaken, bilih jogèd jaran lumping nggambaraken sawijining kisah perjuangan Raden Patah, ingkang dipunsengkuyung déning Sunan Kalijaga, nglawan penjajah Walanda. Versi sanès nyebataken bilih, jogèd punika nyariosaken babagan latihan perang wadyabala Mataram ingkang dipunpandegani déning Sultan Hamengku Buwono I, Raja Mataram, saperlu ngadhepi wadyabala Walanda.

Medal saking asal usul lan aji historisipun, jogèd jaran lumping merefleksikaken semangat heroisme lan aspek kemiliteran sawijining wadyabala berkuda utawi kavaleri. Bab punika katingal saking obahan-obahan ritmis, dinamis, lan agresif, saking anyaman pring, ingkang niru obahan kados déné jaran ing tengah paprangan.

Asring sanget wonten ing pertunjukkan jogèd jaran lumping, ugi nedahaken atraksi ingkang nontonaken kekiyatan supranatural berbau magis, kados déné atraksi mangan kaca, menyayat lengen kaliyan golok, ngobong badan, mlampah ing sanginggilipun ecahan kaca lan sanès-sanèsipun. Mbok manawi, atraksi punika nggambaraken kekiyatan supranatural ingkang nalika jaman rumiyin ngrembaka ing lingkungan Karajan Jawa, lan minangka aspek non militèr ingkang dipunangge saperlu nglawan wadyabala Walanda.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ [1](dipunundhuh tanggal 20 Dhésèmber 2012)
  2. ^ [2](dipunundhuh tanggal 20 Dhésèmber 2012)
  3. ^ [3](dipunundhuh tanggal 20 Dhésèmber 2012)
  4. ^ [4](dipunundhuh tanggal 20 Dhésèmber 2012)