Tapir asia
| Tapir Asia | |
|---|---|
| Tapir Asia ing Kebon Raja London | |
| Klasifikasi ngèlmiah | |
| Karajan: | Animalia |
| Filum: | Chordata |
| Klas: | Mammalia |
| Ordho: | Perissodactyla |
| Famili: | Tapiridae |
| Génus: | Tapirus |
| Spésies: | T. indicus |
| Jeneng binomial | |
| Tapirus indicus (Desmarest, 1819) | |
Tapir Asia (Tapirus indicus) punika kalebet salah satunggaling jinis tapir.[1] Asia punika jinis tapir ingkang paling ageng manawi kabandingaken kaliyan jinis tapir sanèsipun.[2] Tapir Asia punika dados satunggal-satunggaling tapir ingkang asalipun saking Asia.[2] Tapir Asia gadhah nama ilmiah inggih punika indicus.[2] Tembung punika wonten gandhéng cénéngipun kaliyan tembung Hindia Timur inggih punika habitat alami tapir Asia.[2] Wonten ing Sumatra tapir limrahipun dipunwastani tenuk or seladang, gindol, babi alu, jaran ayer, jaran rimbu, jaran arau, marba, cipan, saha sipan.[2] Tapir Asia gampil dipuntiteni saking cirinipun ingkang wujud "pelana" warninipun padhang saka bahu ngantos awak pérangan wingking.[2] Wulunipun ing pérangan sanès awerni cemeng kejawi wonten ing pucuk talinganipun ingkang awarni pethak.[2] Pola warni punika dipun-ginakaken tapir Asia kanggé kamuflase.[2] Nalia lagi turu, mungsuhipun tapir punika bakal nginten manawi tapir Asia punika watu ingkang ageng saéngga boten dipunmangsa.[2] Tapir Asia tuwuh ngantos ukuran 1,8 sampai 2,4 m saha 8 kaki, nginggilipun 90 nganti 107 cm (3 ngantos 3,5 kaki).[2] Tapir Asia punika awratipun 250 ngantos 320 kg utawi 550 saha 700 pon.[2] Awratipun tapir Asia punika saged ngantos dumugi 500 kg (1.100 pon).[1] Tapir Asia wadon limrahipun langkung ageng tinimbang tapir jaler.[2] Kadosta jinis tapir sanèsipun, Tapir Asia punika gadhah buntut cendhak lemu.[2] Wonten ing sikil ngajengipun wonten kuku ingkang cacahipun sekawan kuku déné wonten ing sikil ingkang wingking wonten kuku ingkang cacahipun tiga.[2] Indra kanggé mirsani radi boten saé, nanging tapir Asia gadhah indra kanggé mirengaken saha mangertosi gandanipun barang-barang kanthi saé.[2]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |