Taékwondho
| Taékwondho | |
|---|---|
Tetandhingan Taékwondho kanthi regulasi WTF | |
| Nama sanés | Taekwon-Do, Tae Kwon-Do, Tae Kwon Do |
| Fokus | Kicking/Tendhangan |
| Saking negeri | |
| Olahraga Olimpiade | awit taun 2000 (kanthi regulasi/aturan WTF) |
| Taékwondho | |
|---|---|
| Hangul | 태권도 |
| Hanja | 跆拳道 |
| Alihaksara Koréa Kang Sinampurna | Taegwondo |
| McCune–Reischauer | T'aekwŏndo |
Taékwondho (saged ugi dipunwaos Taé Kwon Dho, Taékwon-Dho), inggih punika ulah raga béla dhiri saking Koréa ingkang ugi misuwur ing Indonésia.[1] Ulah raga punika kalebet ulah raga nasional Koréa.[1] Ulah raga punika kalebet seni béla dhiri ingkang kathah piyambak dipunminati ing donya lan ugi dipuntandhingaken ing Olimpiade.[1] Wonten ing basa Koréa, Taé tegesipun nendhang nganggé sikil utawi samparan, lan Kwon ingkang tegesipun tinju, lan Dho ingkang tegesipun seni.[1] Dados, Taékwondho saged dipunmaknani seni samparan lan asta.[1] Popularitasipun taékwondho saged damel seni punika ngrembaka lan ngembang wonten ing pinten-pinten wujud.[1] Kados seni béla dhiri sanèsipun, taékwondho punika gabungan saking téknik gelut, béla dhiri, ulah raga, hiburan, lan filsafat.[1] Taékwondho ingkang sapunika wonten, gadhah sajarah ingkang panjang kados sajarah nagari asalipun, Koréa.[2] Sesebatan taékwondho nembé wonten awit taun 1954.[2] Taékwondho punika kalebet modhifikasi lan asil panyempurnaan saking béla dhiri tradhisional Koréa.[2]
Tigang Materi Latian Taékwondho
[besut | besut sumber]- Poomse utawi pinten-pinten jurus lan téknik dhasar nyerang lan pertahanan dhiri ingkang dipunlakasanakaken nglawan mungsuh sing imajinér utawi boten tenanan kanthi ngetuti dhiagram tartemtu.[3]
- Kyukpa utawi téknik ngremukaken wewujudan sing atos kados watu, kayu, genthèng lan sanèsipun.[3]
- Kyoruki utawi gladhèn gelut kanggé mraktekaken téknik obahan dhasar utawi poomse. Wonten ing materi punika maragakaken téknik serangan lan pertahanan dhiri antawisipun tiyang kalih.[3]
Pranala njawi
[besut | besut sumber]- Taékwondho Internasional
- Taékwondho Indonésia Archived 2007-03-12 at the Wayback Machine.
- Informasi umum bab Taékwondho
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ a b c d e f g Taekwondo Basic(dipunundhuh tanggal 10 Juni 2011)
- ↑ a b c Tentang Taekwondo Archived 2011-06-25 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 10 Juni 2011)
- ↑ a b c Taekwondho(dipunundhuh tanggal 10 Juni 2011)
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |