Surga Sungsang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Surga Sungsang
PanganggitTriyanto Triwikromo
BasaIndhonésia Indonesia
PangecapanGramedia Pustaka Utama
Kala babar
Maret 2014
Kaca132 halaman
ISBN978-602-03-329-1

Surga Sungsang ya iku novèl anggitané sastrawan Triyanto Triwikromo sing dibabar déning Gramedia Pustaka Utama sasi Maret 2014. Buku sing kandelé 144 kaca kanthi ISBN 978-602-03-329-1, kuwi ngangkat carita babagan urip sing sungsang utawa kuwalik. Panganggit nglebokaké idiom agama Islam ing sajeroné novèl iki, kaya ta Allah, malaékat, swarga, lan syeh, sing didadèkké bumbu saka prakara ing sajeroné novèl.[1][2][3][4][5]

Latar wuri[besut | besut sumber]

Novèl Surga Sungsang awujud kamanunggalan saka carita sing naté dimot ing koran Kompas, Jawa Pos, Koran Tempo, lan Jurnal Perempuan kanthi anané owah-owahan sesirah ing sawenèh carita. Novèl iki nyritakaké urip sing sungsang utawa kuwalik. Panganggit nglebokaké idiom agama Islam sajeroné novèl kaya ta Allah, malaékat, swarga, lan syeh, sing didadèkké bumbu saka prakara ing novèl Surga Sungsang. Syeh Muso jenengé, dhèwèké dianggep panutan déning bebrayan Ujung Tanjung, nanging dhèwèké dianggep sesat déning seduluré, ya iku Syeh Bintoro. Syeh Muso dudu Nabi Musa, nanging Syeh Muso duwé kadigdayan kaya Nabi Musa. Amarga prakara kuwi sing agawé Syeh Muso dadi panutan déning para bebrayan. Dhèwèké wis ora bisa lumaku sadhuwuré banyu, nanging ing kampung warigaluh kuwi ana bisik-bisik manawa dhèwèké bisa nyigar banyuné sagara nganggo tongkaté. Dhèwèké bisa lumaku ing dhasaré laut lan weruh dhindhing laut sing kabelah minangka blumbang iwak sing gedhé. Uripé nylenèh, kanthi ngangkat tradhisiné wong Jawa kuna ya kuwi nyekar utawa sadrema tilik pasaréan para pepundhèné wong Jawa sing dianggep panutané urip. Kaya déné Syeh Muso, sawisé Syeh Muso tilar donya, bebrayan Ujung Tanjung lan saindhengé ora naté lali nekani pasaréané Syeh Muso. Kuburan kuwi ora naté sepi saka para peziarah, sanadyan pernahé pasarean kuwi kudu angèl golekané, kudu numpak prau lan ngliwati alas, sarta kudu pethukan saakèhé manuk-manuk gagak. Pasaréan iku asring katon sumunar wernané ijo. Nanging ora kabèh wong nganggep adat kaya mangkono kuwi apik lan kudu diuri-uri. Abu Jenar, péngin banget ngrusak saréan kuwi. Kiai Siti —tetuané kampung— lan Kufah ora sarujuk karo niyat ngrusak saréané sesepuhé kuwi. Abu Jenar dianggep kongkonané won kutha kanggo ngrusak pasaréan Syeh Muso saperlu yasa resor.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Gramedia Pustaka Utama: Gramedia Pustaka Utama: Surga Sungsang Archived 2015-09-24 at the Wayback Machine., diakses 27 April 2017
  2. Media Mahasiswa: Media Mahasiswa: Surga Sungsang[pranala mati permanèn], diakses 27 April 2017
  3. Good Reads: Good Reads: Surga Sungsang, diakses 27 April 2017
  4. Adikristya: Satu Kata Untuk Surga Sungsang Archived 2017-03-03 at the Wayback Machine., diakses 27 April 2017
  5. Indonesia Sastra: Bedah Novel “Surga Sungsang” karya Triyanto Triwikromo Archived 2017-04-27 at the Wayback Machine., diakses 27 April 2017