Sulalatus Salatin

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Samak buku Sajarah Melayu

Sulalatul Salatin (sacara harafiah ateges "Pura Para Raja") utawa Sajarah Melayu[butuh sitiran] arupa sawijining karya sajarah ngenani kabangkitan, kagemilangan lan tibané jaman pamaréntahan Melayu sing ditulis déning sapérangan wong pengarang Melayu. Nalika Peringgi Portugis nelukaké Melaka, salinan Sajarah Melayu wis digawa menyang Goa/Gowa.[1]

Ana sakurang-kurangé 29 vèrsi nanging vèrsi sing paling misuwur ya iku vèrsi Shellabear.[butuh sitiran] Miturut naskah Shellabear, Sing Dipertuan Raja ing Hilir Sultan Abdullah Mu'ayat Syah ibni'l Sultan Abdul Jalil Syah wis ngutus Seri Nara Wangsa Tun Bambang kanggo mréntahaké Bendhahara Paduka Raja Tun Muhammad Mahmud (Tun Seri Lanang) nalika dina Kemis, 12 Rabiul Awal 1021 bebarengan 13 Mèi 1612 supaya nyunting salinan Sajarah Melayu sing digawa déning Wong Sugih Sogoh saka Goa/Gowa.[butuh sitiran]

Nalika iku Sultan Johor Lama, Sultan Alauddin Riayat Syah ibni Sultan Abdul Jalil Syah wis dikunjara ing Pura Raja Aceh, Sultan Iskandar Muda.

Sajarah Melayu (Sulalatul Salatin) duwé gaya panulisan kaya babad, ing kana-kéné ana panggambaran hiperbolik kanggo nggedhèkaké raja lan keluwargané. Senajan mangkono, naskah iki dianggep wigati amarga nggambaraké adhat-istiadhat karajan, silsilah raja lan sajarah karajan Melayu lan olèh ditélakaké mèmper konsèp Sajarah Sahih (Veritable History) Cina, sing nyathet sajarah Wangsa sadurungé lan disimpen ing arsip nagara mau.

Cathetan[besut | besut sumber]

  1. ^ Ana pendhapat nyatakaké Goa ing kéné ya iku ing India, utawa ing Sulawesi. Pendhukung kaloro panggonan duwé argumèn, sekirané Portugis njupuk salinan Sajarah Melayu menyang Goa, India, mesthiné Sajarah Melayu bakal digawa terus menyang Éropah minangka harta rampasan.[butuh sitiran]

Pranala njaba[besut | besut sumber]