Sata Andagi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Sata Andagi

Sata andagi (サーターアンダーギー saataa andaagii?) inggih punika kué ingkang awujud bal khas Okinawa. Kué punika dipundamel saking adonan tigan ayam, glepung terigu, gula lan bakpuder ingkang dipunmatengaken kanthi cara dipungorèng wonten ing lisah gorèng.

Wonten ing basa Okinawa dialèk Shuri, saataa punika ateges gula, andaagii punika asalipun saking tembung anda (minyak) lan agii (dipungoreng).[1] Wonten ing KapuloanMiyako, kué punika dipunsebat sata panbin. Wonten ing Basa Miyako, sata punika ugi ateges gula lan panbin punika ateges kué dipungoreng. Wonten ing Hawaii, kuwé punika kondhang kanthi nama andagi.

Panganggénipun gula ingkang radi kathah wonten kué punika damel boten patos ngembang. Kué punika dipungoreng kanthi ngginakaken lisah kanthi suhu sedhengan (140℃–150℃)[2] satemah mateng ingkang bagian njero. Bagian njero kué punika tasih empuk kados déné donat, nanging kemriuk wonten ing bagiyan njawi.

Kué punika kué omahan ingkang asring dipundamel piyambak déning tiyang Okinawa. Kué punika dipundamel kanthi jumlah ingkang kathah amargi awèt dipunsimpen dumugi pinten-pinten dinten wonten ing suhu kamar. Toko tempura wonten ing peken, toko tandha mata, lan toko kué wonten ing Okinawa nyadé sata andagi kanthi manéka werni rasa, kadosdéné sata andagi ingkang ngginakaken gula pasir, gula abang tebu, kunir, waluh lan uwi.

Sajarah[besut | besut sumber]

Ndamel sata andagi

Kué ingkang mèmper sata andagi ugi kapanggihaken wonten ing dharatan Cina. Nalika abad kaping 15, Kerajaan Ryukyu asring nampi tamu kanegaran saking Tiongkok satemah perlu ngintun juru masak istana dhateng Provinsi Fujian kanggé sinau babagan masakan Tionghoa.[3] Saksampunipun wonten ing kondur mbeta kaprigelan damel sata andagi lan ugi chinsuko. Kapal ingkang mbeta upeti saking Kerajaan Ryukyu dhateng Dinasti Ming tindak kaping 171.[4] Setunggal kapal ingkang mbeta upeti mbeta awak kapal lan juru masak Kerajaan Ryukyu ingkang sedayanipun jumlahipun langkung saking 200 tiyang.[4]

Sata andagi punika wiwit dipunsadé wonten ing toko-toko saksampunipun konduripun Okinawa dhateng Pamarentah Jepang nalika taun 1972.[4] Kué punika lajeng kondhang wonten ing sedaya Jepang ndherek kondhangipun drama televisi enjang NHK Chura-san (2001) ingkang mapanipun wonten ing Okinawa.[5]

Hidangan kanggé karaméan[besut | besut sumber]

Kué punika ngginakaken gula kanthi jumlah ingkang kathah, wondéné gula wonten ing zaman rumiyin punika kalebet barang ingkang mewah. Awit saking punika, rumiyin sata andagi punika namung saged dipundamel minangka dhaharan pésta.

Nalika dipungoreng, bagiyan njero kué punika ngembang saksampunipun bagiyan ingkang njawi dados garing, satemah kué punika saged mekrok kadosdéné kembang. Wujudipun ingkang kados kembang punika ndadosaken kué punika dipunpitadhosi minangka kue ingkang mbeta kabegjan. Kué punika mekrok satemah tiyang Okinawa mastani minangka simbol wanita.[6] Sadèrèngipun pésta kawinan, sata andagi dipunparingaken minangka barang antaran (yuino) sareng kaliyan kué kataharanbu minangka simbol kakung. Wonten nginggilipun ugi dipuntambah kaliyan kué machikaji ingkang werninipun jambon.[6] Kataharanbu ugi dipundamel kanthi ukuran ingkang ageng kirang langkung 20 cm. Sata andagi ugi dipundadosaken dhaharan wajib nalika pésta ambal warsa laré umur 13 taun (jusan iwai) lan umur 60 taun (kanreki).[5] Kala kué kanggé karaméan utawi pahragyan, kué niki dipundamel langkung ageng saking takeran biyasa ngantos dhiaméter kinten-kinten 12 cm–15 cm.[7]

Kué gorèng sanguachi guashi (sangwacigwaasi) (サングァチグァーシ utawi 三月菓子?) dipundamel saking bahan-bahan ingkang sami kadosdéné sata andagi. Wonten ing basa Okinawa, sanguachi punika ateges wulan Maret (basa Jepang: sangatsu); guashi ateges kue (okashi).[8] Béda kaliyan sata andagi, kué punika awujud persegi ingkang dawanipun kados kertu nama. Sadèrèngipun dipungorèng, kalih garis ndawa dipunparingaken wonten ing lumah kué kanthi ngginakaken lading/péso. Sanguachi guashi rumiyin kalebet kué ingkang mligi ingkang dipundhahar wonten ing pinggiring segara nalika pahargyan Hamauri saben tanggal 3 wulan 3 kalender dangu. Nanging samenika, kué punika dipunsadé tanpa kenal mangsa.

Pirsani ugi[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. "サーターアンダーギー". Okinawa Center of Language Study. Dijupuk 2012-10-23. 
  2. "『サーターアンダギーミックス』についての質問集". Okinawa Flour Milling. Dijupuk 2012-10-23. 
  3. "沖縄料理の中の琉球史". 2006-8-2. Dijupuk 2012-10-23.  Priksa gandra date ing: |date= (pitulung)
  4. a b c "ちゅらさんで知名度がアップ、サーターアンダギー". マニアック沖縄ガイド ~お土産の裏に隠れた知られざる琉球の歴史~. Dijupuk 2012-10-23. 
  5. a b "さーたーあんだぎーとは??". Oki Mall. Dijupuk 2012-10-23. 
  6. a b "十人十色の結納を一からサポート!(2011年12月06日)". Yonabaru-Too. 2012-10-4. Dijupuk 2012-10-23.  Priksa gandra date ing: |date= (pitulung)
  7. "沖縄の文化". 沖縄の歴史.jp. Dijupuk 2012-10-23. 
  8. "サングヮチグヮーシ". Okinawa Center of Language Study. Dijupuk 2012-10-23.