Sadranan Logantung
Têmbung Sadranan (Hanacaraka: ꦱꦢꦿꦤ꧀ꦤꦤ꧀) asalipun saking tembung Sadran ingkang têgêsipun inggih mênika slamêtan ing sasi Ruwah nylamêti para lêluwur (ingkang limrah wontên ing pasaréyan utawi ing papan kramat ngiras rêrêsik saha ngintun sêkar). Pramila, Sadranan Sêndhang Logantung (Hanacaraka: ꦱꦢꦿꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦱꦼꦤ꧀ꦝꦁꦭꦺꦴꦒꦤ꧀ꦠꦸꦁ) sagêd dipuntêgêsi kagiyatan sadran wontên ing Sêndhang Logantung. Sadranan mênika dipuntindakakên sabên satunggal sêtaun sapisan ing wulan Ruwah dinten Rêbo Paing wontên ing Sêndhang Logantung ing kalurahan Sumbêrêjo, Kapanéwon Sêmin, Kabupatèn Gunungkidul, Daérah Istiméwa Yogyakarta.
ASAL-USUL SAHA ANCASING SADRANAN SÊNDHANG LOGANTUNG
[besut | besut sumber]Kawiwitan saking impèning warga Logantung bilih piyambakipun kêpanggih kalihan satunggaling tiyang ingkang dêdêgipun inggil agêng ngrasuk busana ingkang sarwa pêthak. Tiyang mênika ngêndika bilih wêwêngkon Logantung sakiwa têngênipun badhé dados sêgantên mênawi tuk ingkang kadamêl déning Kyai Panjang Mas (sêndhang panguripan) botên dipunsumpêli sirah kêbo saha duk utawi tapasing arèn. Lajêng tiyang mênika ugi ngêndika mênawi tuk badhé rêrêh utawi rindhik satunggal taun sêpisan ing dintên Rêbo Paing sasanèsipun wulan Sura. Pramila kêdah ngawontênakên sêdhêkah bumi. Saking cariyos mênika warga sami sarujuk kanggé nindakakên pangandikan tiyang ingkang dipunpanggihi ing impèn mênika.
Ancasing Sadranan Sêndhang Logantung inggih mênika, monjukakên sukur dhumatêng Gusti Allah saha atur panuwun dhatêng para lêluhur. Gusti Allah paring kanugrahan awujud sumbêr utawi tuk kanggé gêsaning manungsa, déné lêluhur ingkang sampun paring piwulang kanggé njagi sumbêr tuk mênika amrih tansah mumpangati. Wontênipun Sadranan Sêndhang Logantung mênika sagêd ndadosakên rumakêt antawisipun warga kalihan warga mênapa para warga kalihan alam.
UBARAMPÉ
[besut | besut sumber]Kanggé ngawontênakên Sadranan Sêndhang Logantung kagiyatan sapisan ingkang dipuntindakakên déning para warga Logantung inggih mênika, nyamêktakakên manèka wêrni ubarampé inggih mênika.
1. Tumpêng tanpa lêlawuhan pralambang mugi Gusti tansah ngijabah sadaya pandonga kabêcikan.
2. Sêkul gurih utawi wuduk pralambang dêdonga mugi sadaya tiyang ingkang nyêngkuyung sadranan mênika tansah pinaringkan kaslamêtan.
3. Ingkung ayam pralambang sumarah marang takdiring Gusti.
4. Sêkar mawar, mlathi saha kênanga pralambang pandonganing warga mênika saking tulusing ati kanggé nggayuh ridhaning Gusti.
5. Pisang raja pralambang pandonga mugi warga masarakat tansah pinaringan kamuktèn saking Gusti.
6. Mênyan minangka pralambang wiwiting acara sadranan mênika.
7. Jajan pasar mênika kados jadah, wajik, tapé, roti, kacang, saha gêthuk.
8. Kêtan pralambang rumakêting pasêdhèrèkan.
9. Kolak minangka pralambang panampik utawi têtulaking sadaya wêwisik ingkang njlomprongakên manungsa dhatêng tumindak ala.
10.Apêm pralambang pandonga mugi sadaya tiyang ingkang nindakakên hajat mênika sagêd nandangi sadaya sêsanggêman saha pinaringan kêkiyatan déning Gusti.
LAMPAHING UPACARA
[besut | besut sumber]Sadèrèngipun sadranan kawiwitan dalunipun ngawontênakên acara campursari kalajêngakên lèk-lèkan déning para warga. Énjingpun para warga sami arak-arakan mbêkta manéka wêrni sêsaji. Arak-arakan mênika ugi dipuniringi kalihan manèka sêni kados ta jaranan, réog, saha hadrah wakiling sabên RT. Kagiyatan mênika dipunpandhégani déning lurah, dhukuh, saha para sêsêpuhing désa lajêng dipunpapanakên ing pêndhapa sacakêting sêndhang lajêng pandonga kanggé acara mênika, sasampunipun sadaya ubarampé dipunbagékakên dhatêng sadaya ingkang rawuh. Pungkasaning acara inggih mênika péntas ringgit wacucal.
PRATELAN WAOSAN
[besut | besut sumber]- Sadranan Gunungkidul Logantung Archived 2023-02-12 at the Wayback Machine.. Warisan Budaya Tak Benda DIY, diakes pada 12 Februari 2023.
- Sadranan Logantung Gunungkidul. Kementrian Pendidikan dan Kebudayaan Direktorat Jendral Pendidikan, diakses pada 12 Februari 2023.
- Jejak Spirit dalam Upacara ‘Nyadran’ di Gunungkidul, Yogyakarta. Kumpara, diakses pada 12 Februari 2023.
- 30 Karya Budaya DIY ditetapkan sebagai Warisan Budaya Takbenda Indonesia Tahun 2019. Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan), diakses pada 12 Februari 2023.
KAPRIKSANANA
[besut | besut sumber]- Desa Wisata Candirejo
- Gunung Panggung Archived 2023-02-12 at the Wayback Machine..
- Desa Wisata Garotan.
- Kerupuk Semin Archived 2023-02-12 at the Wayback Machine..
- Tayub Ledhek Badongan Semin Archived 2023-02-12 at the Wayback Machine..