Séngon segara

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Jeungjing
Parase falcata 070609 210 ipb.jpg
Pohon jeungjing, Paraserianthes falcataria
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Fabales
Famili: Fabaceae
Subfamili: Mimosoideae
Génus: Paraserianthes
Spésies: P. falcataria
Jeneng binomial
Paraserianthes falcataria
(L.) I.C. Nielsen
Sinonim

Albizia falcataria (L.) Fosberg
Falcataria moluccana (Miq.) Barneby & J.W.Grimes

Sengon Laut utawa Jeungjing ya iku tuwuhan kayu kang kalebu anggota suku Fabaceae.[1] Tuwuhan kang dianggep duwé kaluwihan paling rikat gedhé ing donya iki bisa thukul nganti 7meter ing wektu umur setaun.[1] Nama ngèlmiahé ya iku Paraserianthes falcataria.[1] Sengon Laut iki kayuné ènthèng lan wernané putih, cocog kanggo konstruksi cilik-cilikan kaya ta peti kemas kanggo buah, papan partikel (particle board) lan triplèk (blockboard).[1]

Jeneng liya kayu Sengon Laut ing saben laladan iku béda-béda.[1] Kayata sika, selawaku (Maluku), baé, bai, wai, wahogon (Papua), batai Malaysia, kalbi, albasiah atau albise.[1] Ing basa Inggris disebutaké kanti jeneng Moluccan sau, falcata, atau white albizia.[1]

Wujud[besut | besut sumber]

Tuwuhan iki bisa gedhé nganti dhuwuré 40m lan ambané 100sènti.[1] Sengon Laut kayuné lumrahé lurus lan silinder.[1] Werna kulité klawu utawa rada putih, lunyu, kutil.[1]

Godhong majemuk lan sirip loro, sirip-sirip godhong cacahé 6-20 pasang, ing saben sijiné ana 6-26 pasang godhong kang wujudé èlips rada dawa.[1]

Kembang kelamin gandha, kang kumpul dadi siji ing jero bulir kang ngepang 10–25 cm, manggoné ana ing ngisor pang godhong, kelopak kembang dhuwuré 2mili.[2] Tabung makutha wujudé kaya corong, putih lan bisa malih warna kuning, dhuwuré 6mili.[2] Benangsari cacahé akèh, putih, lan metu saka makutha, ing ngisoré dadi siji dadi tabung.[2]

Woh polong tipis kaya pita, lurus, 6-12 × 2 cm, Wiji 16 bisa luwih lan bisa kurang.[2]

Sifat kayu[besut | besut sumber]

Kayu sengon laut wernané putih lan uga ana sing coklat nom.[2] Kayu iki duwèni kulit jero kang lunyu lan pliket, tekstur kasar lan rata.[2] Kayu kang isih seger ambuné kaya pete, lan bisa ilang ambuné yèn kayu wis garing.[2] Kayu sengon Laut kagolong kayu kang ènthèng, kayu iki kagolong ing kelas kuwat IV-V, lan kelas awèt IV-V.[2] Kayu iki gampang diawètké lan uga gampang digaringké, nanging kayu iki gampang béngkong nalika wis garing.[2]

Manfaat[besut | besut sumber]

Ing Jawa Barat, kayu Sengon Laut akèh sing nggunakaké dadi bahan gawé omah kaya ta papan, kasau, balok, cagak lan liya-liyané.[2] Ingi Maluku, ing jaman biyèn kayu sengon biyasa digawé bahan kanggo tameng, amarga ènthèng, ulet lan angèl pecah.[2]

Saiki kayu sengon biyasa digawé kanggo papan, peti kemas buah, venir, pulp utawa (bubur kayu), papan serat (fiber board), papan partikel (particle board), papan triplèk (blockboard), korek, kelom (alas kaki).[2] Sengon uga kerep ditandur kanggo tuwuhan hias, wit iki bisa kanggo njaga erosi, rabuk ijo, lan bisa kanggo kayu obong.[2] Godhongé bisa kanggo pakan kéwan wedhus, kulité bisa ngasilaké zat penyamak.[2]

Ekologi[besut | besut sumber]

Panggon asli Paraserianthes falcataria ya iku alas primer, nanging uga bisa urip ing alas sékundhèr lan ing pinggir-pinggir kali lan uga ana ing pinggir segara.[1] sengon Laut cocog ing papan kang iklim teles lan rada garing, wiwit saka dataran cendhèk nganti tekan pagunungan ing jarak 1.500 m dpl.[1] Wit iki bisa urip ing tanah kang ora subur, tanah teles utawa ing tanah asin.[1] Sengon Laut uga akèh ditandhur ing wujud wanatani, campur karo manéka tuwuhan liya kaya ta pari, lombok, lan liya-liyané.[1]

Cara Nandur[besut | besut sumber]

Wiji engon Laut iku angèl thukul.[1] Mula sadurungé ditandur, wiji Sengon kudu disiram nganggo banyu panas lan dikom 24 jam.[1] Banjur, sawisé iku nembé bisa didhedher ing bèdhèng lan dipindah ing pot nalika winih wis umur 2-3 wulan.[1] Yèn wis umur 3 wulan bisa dipindah saka pot lan bisa ditandhur ing tanah kang wis disediaaké.[1] Wiji sengon cukup dipémé nganti 10-15 dina sadurungé disimpen.[1] Panyimpenan kang apik ya iku wadhah garing lan ditutup rapet iku bisa awèt nganti setaun.[1]

Sengon lumrahé ditandur kanti jarak 2m × 2m nganti 4m × 4m.[1] Kanggo kabutuhan produksi kayu, panèn lumrahé bisa ing umur 5 taun.[1]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w Soerianagara, I. dan RHMJ. Lemmens (eds.). 2002. Sumber Daya Nabati Asia Tenggara 5 Pohon penghasil kayu perdagangan yang utama.Balai Pustaka. Jakarta. Hal. 343-349
  2. a b c d e f g h i j k l m n Cornelis Gijsbert Gerrit Jan van Steenis. 1981. Flora, untuk sekolah di Indonésia. Pradnya Paramita, Jakarta. Hal. 214-215.


Pranala njaba[besut | besut sumber]