Riyo Mori
| Riyo Mori Pamenang gelar kontès kasulistyan | |
|---|---|
| Pegawéyan: | Modhèl |
| Jeneng lair: | Mori Riyo |
| Tanggal lair: | 24 Dhésèmber 1986 |
| Papan klairan: | Shizuoka, Jepang |
| Dedeg: | 175 cm |
| Werna mata: | Cokelat |
| Werna rambut: | Hitam |
| Werna kulit: | Putih |
| Gelar: | Miss Universe Japan 2007 (pemenang)
Miss Universe 2007 (Jawara) |
| Riyo Mori at IMDb | |
Riyo Mori (森 理世 Mori Riyo?) miyos 24 Dhésèmber 1986 ing Aoi-ku, Shizuoka, Jepang inggih punika penari balet lan ugi instruktur jogèd saking Jepang.[1] Panjenenganipun dados Miss Universe ing tanggal 29 Mèi 2007.[1].
Biografi
[besut | besut sumber]Amargi ibunipun gadhah kursus kelas jogèd, wiwit alit Mori gadhah gegayuhan dados penari. Riyo Mori wasis dansa wiwit yuswa sekawan taun.[2] Panjenenganipun sinau ing Quinte Ballet School of Canada lan Centennial Secondary School ing [[Belleville, Ontario|Belleville]], Ontario, Kanada.[2] Panjenenganipun dados tiyang èstri saking Asia ingkang sepisanan menang gelar Miss Universe awit taun 2000 sasampunipun Miss India Lara Dutta.[2] Panjenenganipun ugi dados tiyang èstri kaping kalih saking Jepang sasampunipun Akiko Kojima ingkang dados Miss Universe ing taun 1959.[2]
Mori dados tiyang èstri Jepang kapisan ingkang lulus ujian mlebet program intensif mangsa panas kelompok jogèd The Rockettes (The Rockettes Summer Intensive).[2] Mori punika lulusan sekolah balet Quinte Ballet School of Canada, lan sekolah manengah Centennial Secondary School ing Belleville, Ontario, Kanada.[2]
Miss Universe 2007
[besut | besut sumber]Mori dipunpilih minangka wakil saking Jepang ing adicara kontès Miss Universe ing Meksiko, lan menangaken gelar Miss Universe sasampunipun ngalahaken Miss saking Brazil, Venezuela, Koréa, lan Amérikah Sarékat.[2] Riyo Mori dados Miss Universe kaping kalih saking Jepang sasampunipun Akiko Kojima ingkang dados Miss Universe ing taun 1959.[2]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]Pranala njawi
[besut | besut sumber]- Riyo Mori's Miss Universe Page Archived 2007-06-01 at the Wayback Machine.
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |