Rahma Azhari
| Rahma Azhari | |
|---|---|
| Lair | Rahmah Syahidah Azhari 17 Sèptèmber 1981 Jakarta, Indonesia |
| Bangsa | Indonesia |
| Pakaryan | Artis, Model |
| Bojo |
|
| Anak | 3 |
| Wong tuwa | |
| Kulawarga |
|

Rahma Syahidah Azhari (lair ing Jakarta, 17 Sèptèmber 1981; umur 44 taun) ya iku salah sijiné model lan bintang sinétron ing Indonesia.[1] Rahma Azhari duwé sadulur kang cacahé pitu.[1] Kabéh seduluré diarani kulawarga selebritis Azhari.[1]Kulawarga selebritis Azhari duwé akèh sensasi lan kontroversi.[1] Seduluré Rahma Azhari kang uga dikenal dadi selebriti ya iku Ayu Azhari, Sarah Azhari, lan Ibra Azhari.[1]
Ing sajarah uripé, Rahma Azhari tau ngandhut janin kang ora dingerténi sapa bapaké.[2] Awit nalika lagi ngandhut, Rahma Azhari pancén durung nikah.[2] Pungkasané ibu saka Oceans Camilla iki nikah karo salah sijiné pengusaha kang jenenge Alfay Rauf nalika tanggal 10 Juni taun 2003.[2]
Nalika sasi November taun 2006, rumah tangga kang dibangun Sarah Azhari karo Alfay Rauf ngadhepi pacoben.[2] Nalika iku ana kang ngerti Rahma lagi tukaran karo bojoné ing panggonan hiburan bengi ya iku Blowfish.[2] Gara-gara tukaran karo bojoné, Rahma Azhari nganti digawa ning rumah sakit amarga ngalamai kekerasan.[2] Prastawa iki pungkasané ndadékaké gayutan wong loro iki bubar.[2] Rahma Azhari lan Alfay resmi cerai tanggal 13 Fèbruari taun 2008.[2]
Kasus
[besut | besut sumber]Nalika sasi November taun 2008, Rahma dadi kontroversi amarga anané foto - foto uda dhèwèké karo mbakyuné kang jenengé Sarah Azhari.[2] Foto-foto saru iki sumebar ing internet.[2] Amarga rumangsa dirugékaké Rahma Azhari lan mbakyuné Sarah Azhari banjur nglaporaké ahli telematika kang jenengé Roy Suryo ing pulisi kanthi tuduhan nggawé élék jenéng.[2] Nalika tanggal 10 Maret 2011, Rahma dicekel amarga tuduhan kekerasan amarga nggebug salah sijiné modhel.[3]
Filmografi
[besut | besut sumber]Film kang tau dibintangi Rahma Azhari ya iku:[1]
- Suami-suami Takut Istri The Movie (2008)
- Pocong Kamar Sebelah (2009)
- Rayuan Arwah Penasaran (2010)
Pranala njaba
[besut | besut sumber]Cathetan suku
[besut | besut sumber]- 1 2 3 4 5 6 iklandenpasar.net Archived 2011-09-03 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 6 Juli 2011)
- 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 indosiar.com Archived 2010-06-11 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 6 Juli 2011)
- ↑ detikhot.com
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |