Révolusi Rusia

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Révolusi Ruslan 1917 iku obahan pulitik ing Ruslan sing muncak ing taun 1917 kanthi prastawa panggulingan pamaréntahan janggelan sing wis ngganti kuwasa Tsar Ruslan, lan tumuju marang madegé Uni Soviet.

Révolusi iki bisa dideleng saka rong fase:

  • Sing kapisan ya iku Révolusi Fèbruari 1917, sing ngganti otokrasi Tsar Nikolai II Russia, Tsar Russia sing efektif pungkasan, lan ngadegaké Républik Liberal.
  • Fase kaloro ya iku Révolusi Oktober sing diilhami déning Vladimir Lenin saka parté Bolshevik, nyekel kuwasa saka pamaréntahan janggelané Républik Liberal diganti dadi nagara narakarya. Révolusi kaloro iki ngukubi laladan kutha lan padésan. Sanadyan akèh kadadéan sajarah dumadi ing Moskwa lan Saint Petersburg, ana uga obahan ing padésan, rakyat ngrebut kakuwasan lan mbagi lemah.

Wiwitane Revolusi[besut | besut sumber]

Ruslan/Rusia yaiku salah sawijining negara ing wewengkon Éropa Wétan kang nduweni wewengkon paling jembar. Ing wiwitan abad kaping 20, kondisi Ruslan yen dibandingake karo negara-negara Éropa liyane, utamane Éropa Kulon, adoh banget ing mburi. Kahanan kang beda adoh iku meh-meh ing kabeh babagan panguripan, ya ing politik pamrentahan, ekonomi utawa sosial kemasyarakatan.

Ing babagan politik pamrentahan, negara-negara Eropa liyane wis ngalami fase owah-owahan peta politik yaiku kanthi dumadine sawijining revolusi.

Pengaruhe Révolusi Prancis wis menehi inspirasi kanggo negara-negara Eropa liyane kanggo nglakoni reformasi bidang pamrentahan.

Ora kaya mengkono kang dumadi ing Ruslan ing wektu kang padha. Ruslan nalika iku durung ngalami owah-owahan kaya apa kang wis dialami dening negara-negara sakiwa tengene ing Eropa.

Ruslan nalika iku isih wujud kakaisaran dene panguasane yaiku Tsar Nicholas II. Pamrentahane Tsar Nicholas II dianggep minangka pamrentahan absolut kang ora nggatekake nasibe para kawula cilik. Kulawargane Tsar lan para pengikute mesthi urip ing kemompyoran kanthi ajeke nglakoni pesta-pesta mewah ing kraton, dene para kawula urip ing kahanan mlarat.

Ing pungkasan abad kaping 19 tengahan, Ruslan ngupaya bangkit ngoyak negara-negara Eropa liyane. Ruslan wiwit nyoba nglakoni revolusi indhustri kang wis ngrembaka ing negara Eropa liyane ing abad kaping 18. Kanthi migunakake modal kang ditekakake saka negara Eropa liyane.

Indhustrialisasi kang ditrapake Ruslan dilakoni kanthi nglumpati tahapan perantara. Tanpa kudu ngliwati tahapan pagaweyan tangan trampil lan tahapan manufaktur kaya kang dilakoni dening negara Eropa liyane.

Sauntara iku, ana kasenjangan antarane indhustri karo budaya tetanen kang ngrembaka ing Ruslan nalika iku. Agrikultur wong-wong tani Ruslan nalika iku isih ana ing budaya tetanen abad kaping 17 yen dibandingake karo negara Eropa liyane. Indhustri kang dingrembakakake Ruslan luwih maju yen dibandingake karo tetanen kang ngrembaka nalika iku. Perkara iki nduduhake kurang siyagane para kawula Ruslan kanggo nglakoni lumpatan-lumpatan gedhe ing bidang indhustri tanpa anane dhasar-dhasar kang bakoh, utamane revolusi ing bidang tetanen kang bakal ndukung kalaksanane proses indhustri.

Mlebune indhustrialisasi ora ditututi karo kasiyagane manungsa pandukunge. Akeh para tani utamane wong tani kang ora nduwe lemah, banjur ngalih pakaryan menyang bidang indhustrialisasi. Kang nduweni modal ing indhustri-indhustri Ruslan akeh-akehe asale saka para pengusaha Eropa ing njaba Ruslan, utamane Inggris. Amarga iku, bathi saka kasile indhustri akeh-akehe dirasakake dening para kapitalis ing njaba Ruslan.

Panguripan para kawula kang ana ing kahanan mlarat nyurung jumedhule gerakan-gerakan kanggo nentang pamrentahan Tsar kang feodal. Gerakan-gerakan iki didhukung dening maneka warna kalangan kayata para tani, buruh, sarta kaum intelektual. Jedhule aksi-aksi protes para kawula kasebut ditandhangi kanthi atos dening pamrentahan Tsar. Para tani kang nglakoni panentangan dipecuti, buruh-buruh kang mbrontak dipecat, disiksa, lan dikunjara.

Dene, para kaum intelektual kang umume dumadi saka para mudha kang revolusioner diwatesi lakune kanthi cara diguwang menyang Sibèri lan malah ing njaban Ruslan sarta buku-buku kang dianggep ngemot pamikiran-pamikiran kang mbebayani dilarang lan diilangi.

Ing taun 1905, Ruslan perang mungsuh Jepang. Paprangan kasebut dimenangake Jepang. Kalahe Ruslan saka Jepang yaiku sawijining tutukan kang abot banget lan ngisin-isini kanggo Ruslan.

Para kawula kang susah marang kalahe Ruslan kasebut nglakoni aksi-aksi marang pamrentahane Tsar Nicholas II. Aksi-aksi demonstrasi kang dilakoni para kawula Ruslan tumuju ing njaban Kadhaton Mangsa Asrep.

Aksi-aksi kasebut banjur diwangsuli dening Tsar kanthi mrentahake prajurit tentarane kang banjur mateni sacara massal lan kejem marang para demonstran kasebut.

Minggu getih kang dumadi ing St. Petersburg iku banjur dianggep dening para kawula Ruslan minangka sawijining wiwitan bangkite revolusi ing Ruslan. Malah ana kang nganggep prastawa iki minangka Revolusi wiwitan Ruslan.

Prastawa kalahe Ruslan ing paprangan mungsuh Jepang lan njedhule aksi-aksi protes para kawula ora ndadekake Tsar nglakoni owah-owahan.

Banjur Tsar malah nyeret Ruslan supaya melu ing kancah Perang Donya I kang nalika iku lagi dumadi ing Eropa, kanthi manunggalake dhiri karo prajurit Sekutu.

Sawetara tentara mudha dikirimake ing kancah perang donya lan pungkasane dheweke palastra sacara sia-sia. Ora kurang saka 4 yuta wong tentara Ruslan mati ing kancah paprangan kasebut. Tentara Ruslan kang stres banjur nglakoni desersi lan mlayu saka kancah paprangan. Para kawula kang ora gelem dheweke, anake, utawa sanak-kadhange dikirim menyang kancah perang nglakoni aksi pandhelikan. Amarga iku, akeh industri lan sektor-sektor ekonomi ditinggalake. Dumadi pageblug kurang pangan gedhen ing Ruslan.