Pura Mangkunagaran
Pura Mangkunagaran | |
---|---|
ꦦꦸꦫꦩꦁꦏꦸꦤꦒꦫꦤ꧀ Purå Mangkunagaran | |
Tetélan pokok | |
Jinis | Kepangéranan |
Cakrik yasan | Arsitèktur Jawa |
Pernah | Kelurahan Keprabon, Kecamatan Banjarsari, Kota Surakarta, Jawa Tengah |
Nagara | Indonésia |
Diyasa kawit | 1757 |
Owner | Kadipatèn Mangkunagaran |
Rancangan lan yasan | |
Arsitèk | Mangkunagara I |
Known for | Padaleman Adipati Mangkunagara |
Website | |
mangkunegaran | |
Cagar budaya Indhonésia Puro Mangkunegaran | |
No. Regnas | CB.1240 |
No. SK | 646/1-R/1/2013 |
Tanggal SK | 2013 |
Tingkat SK | Wali Kota |
Koordinat | 7°33′58.77″S 110°49′22.78″E / 7.5663250°S 110.8229944°EKoordhinat: 7°33′58.77″S 110°49′22.78″E / 7.5663250°S 110.8229944°E |
Jeneng kang kapacak ing Sistem Registrasi Nasional Cagar Budaya |
Pura Mangkunagaran (Carakan Jawa: ꦦꦸꦫꦩꦁꦏꦸꦤꦒꦫꦤ꧀) iku kedhaton resmi Kadipatèn Mangkunagaran lan uga minangka padalemaning para Adipati Mangkunagaran. Wewangunan iki kaprenah ing Kutha Surakarta. Kawitané wangunan iki minangka papan padunungané Patih Sindureja (Pepatih-Dalem Kasunanan Surakarta)[1], nuli sawisé Prajanjian Salatiga taun 1757 kaparingaké marang Mangkunagara I banjur kayasa sarta kajembaraké kaya déné wangunan modhèl karaton.
Péranganing wangunan
[besut | besut sumber]Pamédan ing palataran ngarep iku minangka lapangan kanggo gladhèn para prajurit Mangkunagaran. Wangunan wujud bètèng kang ana ing sisih wétan pamédan yaiku Kavallerie Artillerie minangka markas Legiun Mangkunagaran.
Sawisé mlebu régol, banjur katon Pendhapa Ageng minangka wangunan inti Pura Mangkunagaran. Pendhapa iki bisa ngamot 5.000 - 10.000 wong, lan dadi salah sawijining pendhapa gedhé ing Indonésia. Cagak kayu wujud pasagi kang nyangga payon joglo kajupuk saka wit-witan Alas Kethu, Wanagiri. Sakabèhaning wangunan kayasa tanpa paku.
Warna paré anom (kuning lan ijo) iku minangka warna ciri khas kulawarga Mangkunagaran. Ing langit-langit payon pendhapa sinungging manéka gambar astrologi Hindhu-Jawa sarta rinenggan kalawan lampu antik kang kagawé saka wesi lan kuningan. Gamelan pusaka kang kasimpen ana sajroning pendhapa antarané yaiku Kyai Seton, Kyai Kanyut Mèsem, lan Lipur Sari.
Gladri
[besut | besut sumber]-
Palataran Pendhapa Ageng Pura Mangkunagaran
-
Dalem Pracimayasa
-
Gladhèn beksan putri ing Pendhapa Ageng
-
Taman Pracimayasa
-
Gambar ing payon langit-langit Pendhapa Ageng
-
Interior Dalem Pracimayasa
-
Lambang Praja Mangkunagaran kaapit malaékat gagrag Éropa
-
Pamédan
-
Gladri poto kulawarga Mangkunagaran
-
Pracima Tuin
-
Rerenggan wesi lan kuningan
-
Manéka warna astakarya ing Dalem Pracimayasa
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ "Plengkung Kepatihan, Menyimpan Sejarah Panjang Kampung Kepatihan. Dulu Kawasan nDalem Kepatihan Menjadi Kompleks Rumah Patih yang Megah dan Indah". Pemerintah Kota Surakarta. 2023-06-06.