Kapustakan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Perpustakaan)
Kapustakan ing ing Biara Melk ing Austria
Kapustakan St. Florian ing Biara Melk ing Austria

Kapustakan iku papan kanggo nyinggahaké buku-buku lan layang-layang dokumèn liyané.[1] Papan iki bisa awujud nyata utawa maya (alias virtual). Kapustakan bisa dinduwèni saben wong lan ana uga kapustakan kang isiné koléksi buku kang dioperasiaké institusi lan dimanfaataké masarakat.[1] Pepustakaan umum iki kaya ta kang ana ing sekolah, kapustakan laladan, kampus, lan kantor.[1] Ananging kanthi koléksi lan médhia kang modhèren, saliyané kanggo nyimpen buku, kapustakan uga nyimpen informasi kang arupa mikrofilm, mikrofiche, tapé audio, CD, Lp, tapé video, DVD lan nyediaaké fasilitas umum kaya ta gudang data CD-ROM lan akses internet ing ruangan kapustakan.[1] Pepustakaan modhèren ya iku panggonan kanggo ngakses informasi ing format modhèren.[1] Format modhèren iki kaya ta buku, elektronik book.[1] Kapustakan modhèren uga kena diarani kapustakan digital kang data utawa informasiné bisa diakses saka internet lan jaringan komputer.[1]

Periodisasi kapustakan Indonésia[besut | besut sumber]

Rak Buku ing kapustakan

Pepustakaan ngrembaka bareng karo ngrembakané masarakat.[1] Ngrembakané masarakat bisa dingerténi saka sejarah masarakat lan uga sejarah nagara.[1] Kanthi mengkono sejarah kapustakan Indonésia ana gayutané karo sejarah Indonésia.[1] Sejarah Indonésia bisa dibagi pirang-pirang periodé ya iku jaman karajan lokal, jaman karajan Islam, jaman Hindia Walanda, jaman Jepang, periode pasca 1945, periode iki kapérang dadi periode 1945-1959, periode 1959-1965, periode 1965.[1] saka pambagéyan ing dhuwur taun 1950 dadi taun kang sepisanan anané ancangan kapustakan.[1] Ing taun iki pamaréntah RI muai nyebaraké kapustakan mliginé kapustakan umum kanthi jeneng taman perpustakaan rakyat ing kabéh laladan ing Indonésia.[1] Kapustakan rakyat banjur bubar.[1] Taun 1969 kanthi anané pambangunan lima taun utawa pelita mulai dibangun kapustakan kang ana nganti saiki.[2]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m n Sinaga, Dian Mengelola Perpustakaan Sekolah, Jakarta: Kreasi Media Utama, 2007, hlm. 15]
  2. ^ [Sulistyo. Basuki Periodisasi Perpustakaan Indonésia,Bandung: PT Remaja Rosdakarya, 1994, hlm. 6,7]