Pangalaman priangga

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Pengalaman pribadi)
Carita Pangalaman Pibadi

Pangalaman iku prastawa kang wis dialami. Kabèh wong mesti duwé carita pangalaman priangga, amarga kabèh manungsa ngalami prastawa ana ing kulawarga, sekolah, utawa masarakat. Pangalaman priangga iku bisa kang nyenengake utawa nyusahake. Critakake pangalaman priangga iku luwih angèl tinimbang ndongeng. Yèn ndongeng iku ora perlu abot anggoné mikir lan wedi salah, nanging caritakake pangalaman ora kaya mangkono. Critakake pangalaman iku perlu ngeling- ngeling lan milih salah sijiné pangalaman, banjur diandharake ana ing ukara- ukara kang urut. Lumrahe, wong kang ngrungokake carita iku seneng yèn dicaritani carita kang lucu, dramatis, aneh, utawa nyengsemake ati. Mula iku, wong kang carita anggoné caritakake pangalamane kudu kreatif ngrekayasa supaya caritane luwih menarik lan nyengsemake ati. Saliyané iku, anggoné carita kudu gatekake tata kramane basa. Kabèh mesti duwé pangalaman priangga kang lucu, nyenengake, utawa gawé susah. Anggoné caritakake pangalaman priangga bisa nganggo basa jawa dialek Jawa Timuran, Banyumasan, Jawa Tengahan, utawa dialek jogja lan Sala, lan liya- liyané. Supaya gampang, carita kang arep kokandharake bisa digawé kerangka dhisik, banjur ing arep kelas koandharake kanthi kreasimu dhéwé. Nganggo tembung- tembung lan ukara kang cetha lan bisa nyengsemake, supaya kang ngrungokake padha seneng. Yèn wis rampung anggonmu carita, wangsulana pitakon- pitakan marang pertanyaan sing diajukna.[1].

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. ^ Kodhe basa ora trep. Yatmana, Sudi dkk. Kabèh Seneng Basa Jawa 2 SMA Kelas XI. ISBN 979-746-455-5. Yudhistira.Jakarta. (2005:37, 100)