Pasak bumi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Eurycoma longifolia
Praupané tuwuhan pasak bumi
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Unranked: Angiospermae
Unranked: Eudikotil
Unranked: Rosids
Ordho: Sapindales
Famili: Simaroubaceae
Génus: Eurycoma
Spésies: E. longifolia
Jeneng binomial
Eurycoma longifolia
Jack[1]

Pasak bumi duwé jeneng èlmiah Eurycoma longifolia Jack minangka tuwuhan saka Asia kidul wetan lan ditepungi uga minangka jeneng wit Tongkat Ali.[2] Wit iki bisa tuwuh ing daratan cendhèk udakara 500 mèter nganti 1000 mèter sakdhuwuring samodra. Asring ditemoni ing alas kanthi lemah masir, alas ing puncak pundhung, alas primèr lan sekundher. [3] Godhong selang seling, Kembangé werna jambon kaungunan kanthi dhiamèter 7 milimèter ana ing malai. Wohé ndaging werna jambon kanthi dhiamèter 14 milimèter.[4] Tethukulan iki bisa tuwuh nganti dhuwur 10 mèter.[5] Godhongé nyirip werna ijo.

Piguna[besut | besut sumber]

Wit pasak bumi duwé manèka piguna kayata:

  1. Mbentuk otot. Tetanduran iki bisa ningkataké massa otot ing awak amarga ngandhut senyawa quassinoid, eurycomaoside, eurycolactone, lan eurycomanone, kang mbiyantu awak migunakaké energi luwih èfisien, ngurangi kekeselen lan ningkataké kekebalan awak.[6]
  2. Kanggo obat kuwat. Èkstrak saka tuwuhan pasak bumi bisa ningkataké libido utawa gairah sèksual wong lanang, bisa mbiyantu wong lanang kang ora subur kanthi ningkataké gunggung spèrma uga kwalitas spèrma.[7]
  3. Ningkataké hormon tèstostéron. Tuwuhan iki ngandhut zat eurycomanone kang duwé ancas kanggo ngoptimalaké pambentukan hormon wong lanang (tèstostèron). Kadhar tèstostèron kang munggah duwé èfèk ningkataké kinerja sèksual, otot lan prodhuksi spèrma.[8]
  4. Obat lara panas.
  5. Nambani dhiabètes.
  6. Nyegah kanker.
  7. Obat malaria.[9]
  8. Pasak bumi duwé akèh mupangat kanggo kasarasan amarga duwé kandhutan flavonoid, alkaloid lan sanyawa liya minangka antioksidan kanggo nglawan karusakan sèl amarga kapapar molèkul radhikal bébas.[10]
  9. Sakliyané ing bagéyan oyodé, bagéan liya pasak bumi uga bisa dimupangataké. Kayata godhong lan galihé duwé sipat antimikroba.[11]

Gladri[besut | besut sumber]


Kapustakan[besut | besut sumber]

  1. "Eurycoma longifolia information from NPGS/GRIN". www.ars-grin.gov. Dibukak ing 2008-03-14.
  2. Bhat, Rajeev; Karim, A. A. (2010-10-01). "Tongkat Ali (Eurycoma longifolia Jack): A review on its ethnobotany and pharmacological importance". Fitoterapia (ing basa Inggris). 81 (7): 669–679. doi:10.1016/j.fitote.2010.04.006. ISSN 0367-326X.
  3. "Eurycoma longifolia - Useful Tropical Plants". tropical.theferns.info. Dibukak ing 2020-09-13.
  4. "Eurycoma longifolia". www.asianplant.net. Dibukak ing 2020-09-14.
  5. "Eurycoma longifolia". Dibukak ing 2020-09-04.
  6. "Bukan Hanya Obat Kuat, Ini Manfaat Pasak Bumi". SehatQ (ing basa Indonesia). Diarsip saka sing asli ing 2020-08-03. Dibukak ing 2020-09-14.
  7. "Pasak Bumi, Tanaman Herbal yang Punya Banyak Manfaat untuk Pria". Hello Sehat (ing basa Indonesia). 2017-11-20. Dibukak ing 2020-09-14.
  8. Media, Kompas Cyber. "Pasak Bumi Berkhasiat bagi Vitalitas Pria, Benarkah? Halaman all". KOMPAS.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2020-09-14.
  9. Times, I. D. N.; Nurdianti, Siti. "6 Manfaat Pasak Bumi untuk Kesehatan, Gak Cuma Buat Obat Kuat". IDN Times (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2020-09-14.
  10. Media, Kompas Cyber. "7 Manfaat Pasak Bumi, Bukan Hanya untuk Obat Kuat Halaman all". KOMPAS.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2020-09-14.
  11. Indarini, Nurvita. "Pasak Bumi Alias 'Tongkat Ali' yang Dipercaya Bikin Pria Perkasa". detikHealth (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2020-09-14.