Nepenthes distillatoria

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Nepenthes distillatoria
Nepenthes distillatoria 2.jpg
Wujudé tetuwuhan Nepenthes distillatoria ing Alas Sinharaja, Sri Lanka
Klasifikasi ngèlmiah e
Karajan: Plantae
Klad: Angiosperms
Klad: Eudicots
Ordho: Caryophyllales
Famili: Nepenthaceae
Génus: Nepenthes
Spésies: N. distillatoria
Jeneng binomial
Nepenthes distillatoria
L. (1753)
Nepenthes distillatoria distribution.png
Panyebaran N. distillatoria.
Sinonim

Nepenthes distillatoria ya iku sawijining tetuwuhan tropis kang asalé saka Sri Lanka. Tetuwuhan iki kalebu tetuwuhan kang mangan kewan gegremetan (karnivora). Ing pérangan tetuwuhan iki ana kantong kang isiné jebakan kanggo kewan gegremetan. Kèwan gegremetan tiba ing jeroné kantong banjur dipangan déning tetuwuhan iki. Ing pérangan ngisor kantong ana cuèran kang duwé piguna kaanggo ngremuk lan maamah kèwan gegremetan. Miturut IUCN, status konservasi tetuwuhan iki kalebu mutawatiri.[15]

Habitat[besut | besut sumber]

Habitat saka Nepenthes distillatoria ya iku dhataran asor kang dhuwuré 0 - 700 mèter sadhuwuré mandaya. Lumrahé tetuwuhan iki ditemoni ing lemah kang teles lan ngisoré awujud wedhi. Tetuwuhan iki bisa ditemoni ing sakpinggiré dalan, papan kang tinarbuka, lan ing alas. Ing donya iki, tetuwuhaan iki bisa ditemoni ing antarané Asia wétan nganti Sri Lanka.[15]

Kultivasi[besut | besut sumber]

Tetuwuhan iki thukul ing iklim tropis kang teles. Kahanan kang apik dhéwé supaya tetuwuhan iki thukul ya iku kahanan kang lembab, kanthi suhu ora asor saka 18°C ing usum adhem lan 38°C ing usum panas.[16] Tetuwuhan iki bisa urip ing usum adhem nalika duwéni kalembaban kang cukup. Tetuwuhan iki ora diprayogakaké dipernahké ing omah kaca, amarga bisa kepanasen lan bisa ganggu anggoné thukul. Kultivasi tetuwuhan iki ora nganggo pot kang gedhé, cukup nganggo pot kang cilik kanthi disirami banyu kang ajeg. Tetuwuhan iki ditandur ing pot kanthi diamèter 6 in menawa dawa pangé 10 ft, duwéni kantong kang gedhé, lan durung ditandur ing pot 3 taun. Menawa tetuwuhan kang duwé pang dawané 30 ft dipernahaké ing pot kanthi diamèter 12 in. Nalika ditandur ing pot, lemah kang apik ya iku jinis gambut soklat kang dicampur karo wedhi. Supaya oyod tetuwuhan iki tetep seger, ing sakiwa tengené tetuwuhan ditanduri tetuwuhan jinis paku, kaya ta Adiantum cuneatum.[17]

Piguna[besut | besut sumber]

Ing Sri Lanka tetuwuhan iki diarani tetuwuhan serat kang piguna dhéwé. Kang digunakaké kanggo seraat saka tetuwuhan iki ya iku gagangé. Gagangé duwé sipat kang lentur lan kuwat. Wiwitané tetuwuhan iki dikumpulaké saka alas, banjur digawé barang-barang kang piguna kanggo padinan, kaya ta digawé tali, kranjang, lan gagang porong. Kanggo babagan omah-omahan tetuwuhan iki bisa digawé pager, gedhèk, lan atep.[15]

Saliyané gagangé, tetuwuhan iki dijupuk cuéran kang manggon ing ngisor kantong. Cuéran iku ngandut ènzim pencernaan ya iku nepenthesin I lan nepenthesin II kang aktif ing pH 2,3. Ènzim bisa kanggo obat lara HIV lan AIDS. Ènzim tetuwuhan iki padha wigatiné kaya ènzim pencernaan pepsin.[15] Godong lan oyot tetuwuhan iki bisa digunakaké kanggo obat mumet, diabetes insipidus, lan dispasia. Nutrisi kang kaandhut ing tetuwuhan iki ya iku uyah, asam sulfat, alkaloid, resin, lan alkohol. Mula tetuwuhan iki efektif kanggo tonik, laktasik, oksitosik, diuretik, lan lara weteng.[18]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Clarke, C.M.; Cantley, R.; Nerz, J.; Rischer, H.; Witsuba, A. (2000). "Nepenthes distillatoria". IUCN Red List of Threatened Species 2000: e.T39656A10254604. doi:10.2305/IUCN.UK.2000.RLTS.T39656A10254604.en. 
  2. (ing basa Prancis) Brongniart, A. 1824. Observations sur les genres Cytinus et Nepenthes. Annales des Sciences Naturelles 1: 29–52.
  3. a b c (ing basa Basa Jerman) Beck, G. 1895. Die Gattung Nepenthes. Wiener Illustrirte Garten-Zeitung 20(3–6): 96–107, 141–150, 182–192, 217–229.
  4. Danser, B.H. 1928. The Nepenthaceae of the Netherlands Indies. Bulletin du Jardin Botanique de Buitenzorg, Série III, 9(3–4): 249–438.
  5. Smith, W.G. 1882. New garden plants. Nepenthes hirsuta var. glabrescens. The Gardeners' Chronicle, new series, 17(430): 398–399.
  6. [Anonymous] 1877. Reports of Societies. Royal Horticultural. The Gardeners' Chronicle 8(197): 441.
  7. Chapman, V.J. 1947. A new endemic species of Nepenthes. Ceylon Journal of Science, Section A: Botany, 12(4): 221–222.
  8. (ing basa Latin) Hermann, H. 1726. Badura. In: Musaeum Zeylanicum, sive catalogus plantarum, in Zeylana Sponte Nascentium, observatarum & descriptarum. D. vander Vecht, Lugduni Batavorum. p. 16.
  9. (ing basa Latin) Hermann, H. 1726. Bandura. In: Musaeum Zeylanicum, sive catalogus plantarum, in Zeylana Sponte Nascentium, observatarum & descriptarum. D. vander Vecht, Lugduni Batavorum. p. 37.
  10. Ray, J. 1686. Bandura cingalensium etc. Historia Plantarum 1: 721–722.
  11. Burmann, J. 1737. Thesaurus Zeylanicus. Amsterdam.
  12. Breyne, J. 1680. Bandura zingalensium etc. Prodromus Fasciculi Rariorum Plantarum 1: 18.
  13. Bartholinus, T. 1677. Miranda herba. Acta Medica et Philosophica Hafniensa 3: 38.
  14. Grimm, H.N. 1683. Planta mirabilis destillatoria. In: Miscellanea curiosa sive Ephemeridum. Med. Phys. Germ. Acad. Nat. Cur. Decuriae 2, ann. prim. p. 363, f. 27.
  15. a b c d "Nepenthes distillatoria - Useful Tropical Plants". tropical.theferns.info. Dijupuk 2019-12-28. 
  16. Huxley, Anthony, 1920-1992.; Griffiths, Mark, 1963-; Royal Horticultural Society (Great Britain) (1992). Dictionary of gardening. London: Macmillan Press. ISBN 0-333-47494-5. OCLC 25202760. 
  17. The Gardeners' chronicle and agricultural gazette. 1872. London :: published for the proprietors,. 1872. 
  18. "Nepenthes Distillatoria Herb Uses, Benefits, Cures, Side Effects, Nutrients". Herbpathy. Dijupuk 2019-12-28.