Menyang kontèn

Nara lan Narayana

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

-

Nara dan Narayana
Awatara Wisnu minangka sepasang tiyang suci
Dewanagari:नर-नारायण
Golongan:Awatara Wisnu

Nara lan Narayana (Dewanagari: नर-नारायण,IASTNara-Nārāyaṇa, नर-नारायण) inggih punika sepasang déwa Hindhu. Nara lan Narayana minangka sadhèrèk kembar penjelmaan (awatara) Déwa Wisnu ing bumi, tugasipun minangka panegak dharma utawi kabecikan. Wonten ing konsèp Nara lan Narayana, jiwa manungsa Nara inggih punika pasangan ingkang kekal kaliyan Narayana Ingkang Mahasuci.

Wiracarita Hindhu Mahabharata ngandharaken Kresna minangka Narayana déné Arjuna-pahlawan wonten ing wiracarita mau-minangka Nara. Legénda Nara lan Narayana ugi kacariyosaken ing kitab Bhagawatapurana. Umat Hindhu pitados bilih kekalihipun dumunung wonten ing Badrinath, ing pundi kuil paling wigatinipun jemeneng wonten ing mrika.

Pasangan Nara lan Narayana limrahipun dipunpuja ing kuil-kuil aliran Swaminarayan. Pangikut sèkte mau pitados bilih pendiri aliran mau (Swaminarayanan) inggih punika inkarnasi Narayana.

Ètimologi

[besut | besut sumber]
Narayana ing kiwa lan Nara ing tengen. Relief ing Deogarh, Uttar Pradesh, India. Dipundamel sakitar abad kaping 5.

Nama "Nara-Narayana" saged kapérang dados kalih tembung Sanskerta, nara lan Narayana. Nara atsges manungsa, déné Narayana Ngrujuk dhateng Déwa Narayana.

Kamus Monier-Williams ngandharaken bilih Nara inggih punika "Manungsa saking jaman awal utawi jiwa kekal ingkang ngambah alam semesta (asring dipunasosiasikaken kaliya Narayana, "putra manungsa awal"; kekalihipun dipunanggep minangka déwa punapa déné tiyang suci saèngga jejuluk देवौ (Dēvau), ऋषी (ṛṣī), तापसौ (tāpasau). Wonten ing Itihasa, kekalihipun minangka putra Dharma lan Murti utawi Ahimsa lan sinar suci saking Wisnu; Arjuna dipunkenal minangka Nara, déné Kresna minangka Narayana.-Mahabharata, Hariwangsa lan Purana".[1]

Legenda

[besut | besut sumber]
Kresna lan Arjuna ing Kurukshetra. Kresna maringi wejangan suci Bhagawadgita. Lukisan saking abad kaping 18. Freer Sackler Gallery.

Kresna lan Arjuna asring dipungayutaken kaliyan Nara lan Narayana wonten ing kitab Mahabharata lan dipunanggep minangka inkarnasi Narayana lan Nara, miturut kitab Bhagawatapurana.[2]

Wonten ing pagesangan sadèrèngipun, pasangan mau miyos minangka pendéta Nara lan Narayana, lan nindakaken tapa ingkang awrat ing tlatah suci ing Badrinath. Nara lan Narayana minangka awatara kaping gangsal Wisnu (sanès ing pratélan sedasa awatara). Kekalihipun minangka putra Dharma (keturunan Brahma) lan Murti (putri Daksa) utawi Ahimsa.[3] Kekalihipun dumunung wonten ing Badrika, kanthi nindakaken kathah tapa lan méditasi kanggé kasajahtraning donya. Kalih tiyang suci ingkang boten kapisahaken mau mendhet wujud minagka awatara kanggé kasajahtraning umat manungsa lan ngukum tiyang-tiyang nistha. Kekalihipun ngawonaken raksasa ingkang winastan Sahasrakawaca (teges: "Ingkang gadhah éwunan Rasukan Zirah").[4] Legénda ngandharaken bilih sawijining wekdal nalika Déwa Siwa nyobi mbketa misuwuring nama Nara lan Narayana dhateng donya. Kanggé nindakaken, piyambakipun nguncalaken gaman pamnungkasipun ingkang nama Pasupatastra dhateng kekalihipun. Kekiyatan méditasi kekalihipun dahsyat sanget saèngga gaman mau ical kekiyatanipun ing sangajengipun Nara lan Narayana. Déwa Siwa ngandharaken bilih kadadosan punika amargi kekalihipun minangka jnana kapisanan ingkang kanthi konstan wonten ing saben tahap Nirvikalpa Samadhi.

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. [1][2]
  2. Vijnanananda 2004, kc. 250
  3. According to Vamana Purana, Chapter 6-Bhandarkar p.46
  4. N.R.Srinivasan. "JOURNEY TO SOME HOLY CITIES IN INDIA" (PDF). Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2009-03-04. Dibukak ing 2013-03-24.

Rujukan

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

Cithakan:Awatara