Musiyum Monumèn Pangéran Dipanegara

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Koordhinat: 7°47′13″S 110°21′05″E / 7.7869568°S 110.3512958°E / -7.7869568; 110.3512958

Musiyum Monumèn Pangéran Dipanegara

Musiyum Monumèn Pangéran Dipanegara inggih punika musiyum ugi monumen papanipun Pangeran nalika dipunkepung déning Walanda.[1]

Sajarah[besut | besut sumber]

Musiyum punika mapan ing bekas dalemipun Pangéran Dipanegara saha kulawrganipun. Pambangunan Musiyum (monumén) punika dipunprakarsani déning Mayjen TNI Surono, ingkang salajengipun kalajengaken déning Mayjen TNI Widodo. Adhedhasar Surat Dudutan Pangdam VII Diponegoro No. 99/7/1968, tanggal 2 Juli 1968 dipunbentuk sawijining panitia persiapan perencanaan pelaksanaan pembangunan Monumèn Pahlawan Pangéran Dipanegara wonten ing bekas dalemipun Pangéran Dipanegara wonten ing Tegalrejo, Yogyakarta. Ahli waris Pangéran Dipanegara sarujuk bilih lemah tilas beliau dipundhirikaken monumen. Surat pernyataan mau dipuntapakasmani déning KRT. Prodjodiningrat, Nyi Hajar Dewanfara, saha dr. Sahir Nitihardjo (RA. Kajafin Diponegoro).[2]

Pangdam VII/Diponegoro mingka pembina Rumpun Diponegoro, nalika tanggal 5 Oktober 1968 damel prasasti ing lemah bekas puri Pangéran Dipanegara. Prasasti mau kaseratan Ngesti Paras Gapuraning Tunggal ingkang nedahaken angka taun 1968 M, sarta gadhah teges ingkang ngemu filsafat "kanggé nggayuh gegayuhan ingkang éndah kanthi dalan ingkang kawenta badhé dumadi persatuan". Nalika tanggal 9 Agustus 1969 tahap kapisan yasan induk Monumèn sampun rampung kadamel saha dipunremikaken déning Présidhèn Soeharto.[3]

Monumèn[besut | besut sumber]

Monumèn punika minangka prastawa pangepungan dalem Pangéran Dipanegara. Pangepungan dipunlaksanakaken déning Walanda njalari boten wonten dalan kanggé medal, saéngga Pangéran Dipanegara njebol témbok. Sabibaripun prastawa pangepungan lajeng katetepaken Perang Diponegoro utawi ingkang kawéntar kanthi Perang Jawa (Java Oorlog).[4]

Barang-Barang Peninggalan[besut | besut sumber]

Koléksi-koléksi musiyum cacahipun antawi 100, ingkang kasungsun saking gamelan, bandil, tameng, keris saha manéka barang tilas Pangéran Dipanegara nalika mapan ing dalem punika.[5]

Padasan saha Komboran[besut | besut sumber]

Padasan minangka tempayan tirta ingkang fungsinipun kanggé nampun tirta kanggé wudhu. Déné Komboran gadhah fungsi minangka papan kanggé ngombé turangga Pangéran Dipanegara.

Relief[besut | besut sumber]

Relief ingkang wonten ing pérangan ngajeng musiyum minangka candrasengakala wiwitanipun Perang Jawa inggih punika Butho Mekso Basuki ning Bawono ingkang nedahaken angka taun 1825 Masehi.

Lawang Mlebet[besut | besut sumber]

Wonten ing lawang melbet dumunung kalih patung pahlawan saha sawijining prasati peresmian ingkang dipuntapakasmani déning Pangdam VII/Diponegoro, Mayjend. Widodo.

Kreta Turangga[besut | besut sumber]

Salah satunggaling koléksi musiyum inggih punika kreta ingkang dipun-ginakaken déning Pangéran Dipanegara. Kreta saking Sri Sultan Hamengkubuwana II punika minangka damelan saking Walanda.[6]

Wujud Wangunan[besut | besut sumber]

Wangunan ing musiyum punika kanthi gaya Jawa inggih punika Jawa Limasan. Nanging wonten sapérangan yasan asli sampun kathah ingkang éwah. Wonten ing pérangan ngajeng, lawang mlebet wonten sarupa semar tinandu inggih punika wujud kanan saha kiring. Déné Pringgitan pikantuk tambahan ing pérangan sayap. Kajawi punika wonten ugi penginapan. Ing pérangan plataran penginapan minangka lemah bekas dalem Pangéran Dipanegara mapan.[7]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. [1](dipunundhuh tanggal 5 November 2012)
  2. [2](dipunundhuh tanggal 5 November 2012)
  3. [3](dipunundhuh tanggal 5 November 2012)
  4. [4](dipunundhuh tanggal 5 November 2012)
  5. [5](dipunundhuh tanggal 5 November 2012)
  6. [6](dipunundhuh tanggal 5 November 2012)
  7. [7](dipunundhuh tanggal 5 November 2012)
  • Pengantar Museum Yogyakarta. Departemen Pendidikan dan Kebudayaan. 2000.