Menyang kontèn

Mulan Jameela

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Infobox orangMulan Jameela
Biografi
Nifas(id) Raden Terry Tantri Wulansari
23 Agustus 1979 (46 tahun pertal)
Garut Kutha
Cithakan:Infotaula persona/capçalcàrrec
1r Oktober 2019 – 30 Sèptèmber 2024
Daerah pemilihan Pertal: Jawa Barat XI (id)

Data pribadi Pertal
Agama PertalIslam
Kegiatan Pertal
PakaryanAktor, politikus (id) lan juru nyanyi
Wayah aktif1997  
Partai politik PertalPartai Gerakan Indonesia Raya
Genre PertalMusik pop, Musik rock, Rhythm and blues lan tari srimpi
Instrumen PertalSwara lan gitar
Label rekaman PertalUniversal Music Indonesia (id)
Republik Cinta Management
GP Records
Blackboard (id)
Karya kreatif Pertal
Kulawarga
Pasangan nikah PertalAhmad Dhani
Anak PertalSafeea Ahmad (mul)

Twitter: JameelaOfficial Instagram: mulanjameela1 Spotify: 6ppmK4pjgILHNMd3RLlNCM iTunes: 275923687 Last fm: Mulan+Jameela Musicbrainz: 42cf4cea-b655-4eac-93a3-d0276901839a Songkick: 5357058

Mulan Jameela (lair ing Garut, Jawa Barat, 23 Agustus 1979; umur 46 taun, jenengé jangkepe ya iku Raden Terry Tantri Wulansari). Mulan Jameela ya iku penyanyi Indonesia.[1] Sadurungé Mulan Jameela uga dikenal kanthi jeneng Mulan Kwok.[1] Mulan Jameela misuwur wiwit dhèwèké dadi vokalis grup Ratu ing wiwitan taun 2005.[1] Sawisé pisah saka Ratu ing taun 2007, Mula nggawe album solo sepisanan kang irah-irahané Mulan Jameela ing taun 2008.[1]

Artikel utama: Ratu (grup musik)

Mulan miwiti karir dadi penyanyi café lan tau nggabung ing band kaya ta Swara Coustic, Bandung All Star lan Dhimènsi Band.[1] Ing wiwitan taun 2005, Mulan nggabung karo Maia Estianti ing duo kang misuwur ya iku Ratu lan nggawé album kang témané Ratu & Friends.[1] Tembang kang sepisanan irah-irahané Teman Nanging Mesra sukses lan ndadékaké Mulan misuwur.[1] Akèh bebungah kang diwénéhaké Mulan Jameela.[1] Album iki bisa kadol punjul 400.000 kopi lan sangsaya ndadèkaké grup band Ratu dadi grup band kang paling sukses nalika iku.[1] Taun 2006, Ratu banjur nggawé album kang irah-irahane No. Satu.[1] Album iki duwé tembang Lelaki Buaya Darat lan Dear Diary.[1] Album iki sukses lan bisa didol nganti 500.000 kopi ing minggu kang sepisanan.[1] Nanging nalika tanggal 31 Januari 2007 Mulan ngandaraké yèn dhèwèké metu saka Ratu amarga masalah transparansi prabeya ing manajemen ratu.[1]

Karir solo

[besut | besut sumber]

Nalika 28 Mèi 2007, Mulan resmi nggabung karo Républik Cinta Management.[2] Album solo perdana Mulan digawé nalika sasi Januari 2008, album iki temane Mulan Jameela.[2] Kaya judhul album, Mulan wis ora nganggo jeneng "Mulan Kwok".[2] Album kang didominasi musik pop rock iki digarap karo musisi Ahmad Dhani. Album perdana Mulan iki duwé 4 hits ya iku "Makluk Tuhan Paling Sexy", "Wonder Woman", "Bukannya Aku Takut" lan "Jatuh Cinta Lagi".[2] Ing wektu kurang saka 2 sasi, album iki wis bisa kadol 75.000 kopi lan éntuk penganugrahan platinum saka EMI.[3] Saliyané iku Mulan uga ditawani kerjasama karo perusahaan raksasa telekomunikasi Malaysia, Maxis.[4] Mulan éntuk akèh penghargaan lan dadi siji-sijiné solois Indonésia kang dadi nominasi ing MTV Asia Awards 2008 ing Genting, Malaysia.[5] Ing kompilasi The Best Of Républik Cinta Artists Vol. 1, Mulan kolaborasi karo grup vokal Dewi Dewi ing single kang judhulé "Sakit Bukan Main" kang digawé sasi Agustus 2008.[3]

Ing layar lebar, Mulan dadi bintang ing filem kang judhulé Maaf Saya Menghamili Istri Anda bareng karo Ringgo Agus Rahman.[6] Film kang sepisanan iki dadi nominasi ing MTV Indonésia Movie Awards 2007 ing kategori Breaktrough Actor/Actress.[6]

Réferènsi

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 [ Profil Archived 2010-05-10 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 8 Juli 2011)
  2. 1 2 3 4 Mulan Jameela Rilis Album Baru(dipunundhuh tanggal 8 Juli 2011)
  3. 1 2 Artis Républik Cinta Raih Penghargaan(dipunundhuh tanggal 8 Juli 2011)
  4. Lagu dan Wajah Mulan Dijual Maxis Malaysia(dipunundhuh tanggal 8 Juli 2011)
  5. Mulan Jameela Tembus Asia[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 8 Juli 2011)
  6. 1 2 Setelah Sinetron, Mulan Kwok Rambah Film[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 8 Juli 2011)