Mubeng bètèng
Mubeng bètèng ya iku salah sawijing tradisi masarakat ing Ngayogyakarta.[1] Para warga padha laku prihatin ngubengi bètèng kraton Ngayogyakarta.[1] Sajatiné tradhisi iki minangka wadhah sawijining rasa prihatin kang ancase manut kapitayan dhéwé-dhéwé.[1] Tradisi iki ditindakake saben malem 1 Sura utawa warsa énggal Hijriyah.[1] Ancasing tradhisi mubeng bètèng ya iku ngresiki batin, introspeksi diri, lan kanggo nduduhaké rasa prihatin tumrap kadadéan kang wis kalakon ana ing nagara Indonésia.[1] Mubeng bètèng mujudaké lakon budaya minangka sarana mulats arira marang lelakon ing taun kepungkur sinambi nyenyuwun marang Kang Maha Kuwasa supaya taun ngarep luwih becik tinimbang taun kepungkur. Mubeng bètèng ing Ngayogyakarta, lumrahé ora mung ditindakaké déning para punggawa utawa prajurit kraton, ananging dibuka kanggo masarakat umum, lokal lan manca. Sadurungé mubeng bètèng dianakaké, malem kapisan 1 suro diwiwiti kanthi nembang macapat jam 21.00 ing Bangsal Pancaniti, Kraton Kamandhungan Lor Yogyakarta.[2]
Sajarah
[besut | besut sumber]Minangkani panyuwune warga Ngayogyakarta ing taun 1919, dianakake upacara gendéra pusaka kanthi aran Kangjeng Kyai Tunggul Wulung, kanthi lumaku ngubengi bètèng kraton.[3] Upacara mau duwé pangarep ya iku nyegah lelara influenza supaya ora ngenani masarakat Yogyakarta.[3] Kangjeng Kyai Tunggul Wulung ya iku péranganing blongsong Ka’bah ing Mekah kang digawa déning Safi’i, utusane Ngarsadalem Sultan Hamengkubuwana I ing taun 1784 Masei.[3] Amarga para masarakat percaya bab kaampuhane pusaka mau, mula kabèh lelara bisa disirnakake.[3] Prosèsi Lampah Budaya Mubeng Bètèng diwiwiti kanthi kang dipentasaké déning puluhan Abdi Dalem. Diterusaké donga dening Mas Lurah Abdul Syaiful lan mbagèkaké dhaharan sing wis ana. Ewonan wong banjur mlaku-mlaku ngubengi Benteng Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat. Lampahé lawan arah pandom jam, ya iku maku mangulon banjur mangidul, ngétan, banjur ngalor, banjur bali dhateng papan kang diwiwiti. Sawisé metu saka Ndalem Pancaniti, rombongan banjur ngliwati dalan Ratawijayan, Dalan Agus Salim, Dalan KH Wahid Hasyim, Pojok Bètèng Kulon, Plengkung Gadhing, Pojok Bètèng Wetan, Dalan Brigjen Katamso, Dalan Ibu Ruswa, Alun-alun Lor, banjur bali menyang Ndalem Pancaniti. Pengangeng Tepas Dwarapura Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat utaw kang disebut Kantor Penghubung Kraton Ngayogyakarto Hadiningrat, Kanjeng Raden Tumenggung (KRT) Jatiningrat mratèlakaké yèn tradhisi Budaya Mubeng Bètèng pancèn wis ana wiwit jaman Keraton Mataram ing Kotagedhe atusan taun. biyen. Nalika semana tradhisi Mubeng Bètèng Lampah Budaya ditindakake déning Prajurit Kraton.[4]
Gendéra pusaka Kangjeng Kyai Tunggul Wulung
[besut | besut sumber]Sapérangan para sadulur ing Ngayogyakarta lan sakiwa tengene padha duwé panganggep, yèn wesi aji lan pusaka duwé daya rupa-rupa, upamané piyandel marang dwaja (kalebet utawa gendéra) Kangjeng Kyai Tunggal Wulung (pusaka ing kraton) ya iku yèn besuk ana ambuh-ambuhan epidemi lelara nular, seperangan rakyat padha nyuwun supaya kalebet pusaka mau diarak mubeng kutha, kaya kang kalakon ing taun 1919 mubale lelara influenza.[3] Saweneh ana kang carita yèn Kangjeng Kyai Tunggul Wulung kang asli iku asalé saka cuwilan tutup Ka'bah ing mekah, kang digawa déning Kyai Iman Safi’i utusane Ingkang Sinuwun Sultan Hamengkubuwana I taun 1784 M.[3] Kadadeyan mau diambali manèh taun 1932, 1946 lan taun 1951 kanthi upacara Kangjeng Kyai Tunggul Wulung kanggo nyegah lelara pes.[3] Mula saka iku, masarakat Ngayogyakarta nyuwun pitulungan marang kraton supaya dianakake upacara manèh.[3] Urut-urutaning tradhisi mubeng bètèng lan kirab pusaka Kangjeng Kyai Tunggul Wulung ya iku Kangjeng Kyai Tunggul Wulung kairingan bregada prajurit kraton kang wes katunjuk.[3] Banjur ing burine, ya iku masarakat Yogyakarta saka punjering tlatah.[3] Wujud kasunyatan Kangjeng Kyai Tunggul Wulung ya iku gendéra pasagi, kanthi warna ireng, wungu lan kuning ing tengahé ana gambar manuk garudha kang tinulis rajah (utawa aksara kang darbe teges) mawa aksara Arab.[3]
Upacara jaman mbiyèn
[besut | besut sumber]Déné wujudé Pusaka Kangjeng Kyai Tunggul Wulung iku warna wungu, ireng lan kuning, ing tengahé ana warna putih kang duwé buntut lan ngepang loro.[5] Ing kono uga, ana gambar bunder lan lonjong kang wernane abang.[5] Gendéra kaiket ing galah kang pucuke duwé catur sula, aran Kangjeng Kyai Santri.[5] Kangjeng Kyai Tunggul Wulung kang dikirab mung awujud peputran; kang asliné disimpen ing jero pethi.[5] Amarga yuswane wis sepuh lan gampang suwek, mula digawékake duplikat.[5] Ing jejere uga ana pusaka kang mèlu dikirab, wernane ijo lan kuning kang diarani dwaja Pareanom.[5]
Upacara jaman saiki
[besut | besut sumber]Saiki tradhisi iki ditindakake sewindhu sapisan ya iku ing taun Dal, bebarengan karo pengetan Mauludan.[6] Ing wektu iku, pusaka-pusaka kraton uga mèlu dikirab, ya iku Kangjeng Kyai Ageng, Kangjeng Kyai Gadawadana, lan Kangjeng Kyai Gadatapan[6], kabèh mau awujud waos.[6] Samono uga pusaka kang awujud bendhe, wedhung, cemethi, lan ketipung uga mèlu dikirab ing taun Dal.[6]
Ancasing Mbisu lan Mubeng Beteng miturut Konsep Kajawèn
[besut | besut sumber]Mubeng bètèng, miturut konsèp kejawen ateges laku manungsa kanthi pisik utawa sembah raga, kanggo nyedhakake dhiri marang Gusti.[7]
Ing Serat Wedhatama wus dibabarake pangerten ngenani sembah raga mawa tembang Gambuh, ya iku:
Sembah raga punika | Pakartining wong amagang laku | Sesucine asarana saking warih | Kang wus lumrah limang waktu | Mantu watak ing wawaton ||
Tegesé ya iku sembah raga minangka péranganing lakuning urip kang dawa kang di wujudake minangka lakuning karohanen, kaya ta wong kang tapa utawa ngibadah.[7] Salat limang waktu kanthi tuntunan kang bisa ditanggungjawabke.[7]
Déné ing Serat Sasangka Jati uga dijlentrehake ngenani sembah raga, ya iku:
"Roh Suci iku sipating Pangeran kang nguwasani nepsu kang patang prakara (lauwamah, amarah, sufiah, mutmainah)".[7] Dadi tegesé, roh suci isih perlu nelukake utawa ngereh hawa nepsune, supaya manut karsaning roh suci.[7] Déné anggoné ngereh utama nelukake mau sarana panguwasane, ya iku pangaribawane (ciptane), dienggo ngeling-eling marang Pangeran lan utusane kang langgeng, kanthi angluhurake asmané Pangeran lsp., kang dibabarake sarana pratandha hormat: tumandange raga lan pangucapane." [7]
Makna Mubeng Bètèng
[besut | besut sumber]Tapa bisu ditindakaké kanthi lumaku-lumaku ngubengi bètèng Kraton Ngayogyakarta ing tengah wengi nganti ésuk tanpa ngomong utawa nganggo sepatu lan sandhal. Tradhisi iki diwiwiti nalika klinthing Kyai Brajanala ing régol Keben diunèkaké kaping 12 lan banjur keprungu tembang macapat Bangsal Srimanganti. Sbanjuré Abdi Dalem lan warga lumaku kurang luwih limang kilometer ngubengi bètèng Kraton Ngayogyakarta. Sapa sing ngira yèn ing jaman biyen tradhisi mubeng bètèng ditindakaké déning prajurit Keraton kanggo ngamanaké wewengkon Kraton Ngayogyakarta. Amarga biyèn ora ana bètèng ngubengi wewengkon iki. Sanajan mangkono, nganti saiki ora ana owah-owahan sathithik ing prosèsi nglakokaké tradhisi iki. Saiki ing ngarep rombongan tradhisional mubeng bètèng ana para abdi dalem nganggo busana Jawa tanpa keris. Lumaku-lumaku nggawa gendéra Indhonésia lan gendera Kraton Ngayogyakara. Para punggawa kraton lan wong-wong kang padha melu lumaku-lumaku ngubengi bètèng Keraton sinambi ndedonga supaya tentrem lan slamet. Lumrahé tradhisi mubeng bètèng bakal ditindakaké saka sisih kiwa utawa Kulon kraton.[8]
Makna Mbisu lan Mubeng Beteng miturut Konsep Islam
[besut | besut sumber]Mbisu miturut tuntunan Islam ya iku ngibadah kang kalebu bab Tasawuf, kang biyèn kerep ditidakake déning para sunan lan golongan sufi.[9] Ancase ya iku kanggo introspeksi diri.[9] Tegesing mbisu ing kéné ya iku ngibadah kang asipat batiniyah lan lairiyah.[9] Déné lairiyah ing kéné diwujudake kanthi lumaku mubeng bètèng kanggo nyedakake diri marang Gusti Kang Akarya Jagad.[9]
Pirmane Allah ing Al Qur’an surat Al Baqarah ayat 222 ya iku
"… Allah tresna marang wong-wong kang tobat lan wong-wong kang sesuci..."
Déné ing surat Al A’la ayat 14 ya iku
"Bakal untung wong-wong kang sesuci"
Dadi agama Islam ngolehake acara ritual apa waé, nanging ora kena ninggal bab kang utama ya iku tansah eling lan nyenyuwun marang Allah.[9]
Kajaba ngibadah marang Gusti, bab amaliyah saka sesuci ya iku sesrawungan marang manungsa, kang misuwur kanthi istilah kemaslahatan lan nyegah kemudharatan (tuna).[10] Lumaku ngubengi bètèng kraton miturut Islam ateges sesuci (taharah) amarga bisa éntuk hawa seger lan peranganing badan uga bisa dadi seger. Kabèh mau bisa gawé tentreming batin lan ngilangake ruweting batin.[10]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ a b c d e Susilantini, Endah. Mubeng Beteng, Aktivitas Spiritual Masarakat Yogyakart. Vol. II. No. 3, Juni 2007. (Yogyakarta: Balai Pelestarian Sajarah dan Aji Tradisional), hal. 160
- ↑ Fitriana, Nurul (2022-07-29). "Nepangi Tradhisi Mubeng Bètèng ing Ngayogyakarta minangka Srana Mulat Sarira ing Malem 1 Sura (saka Basa Indhpnésia)". Kompas.com. Dibukak ing 2023-02-21.
- ↑ a b c d e f g h i j k Kodhe basa ora trep. NN. ‘‘Ngibarake Pusaka Dwaja Kanjeng Kiai Tunggul Wulung’’, ing Kalawarti Mekar Sari. Taun III No. XIX. Juni 1967, Yogyakarta, hal.12.
- ↑ Rossa, Vania (2019-09-01). "Lampah Budaya Mubeng Bètèng Ginelar lan Ngemot Ritual ing Suwaliké (saka basa Indhonésia)". Suara.com. Dibukak ing 2023-02-21.
- ↑ a b c d e f Susilantini, Endah. ‘Mubeng Beteng, Aktivitas Spiritual Masarakat Yogyakarta’’. Vol. II. No. 3, Juni 2007. (Yogyakarta: Balai Pelestarian Sajarah dan Aji Tradisional), hal. 13
- ↑ a b c d Susilantini, Endah. ‘Mubeng Beteng, Aktivitas Spiritual Masarakat Yogyakarta’’. Vol. II. No. 3, Juni 2007. (Yogyakarta: Balai Pelestarian Sajarah dan Aji Tradisional), hal. 12
- ↑ a b c d e f R. Sunarta (dalam Ardhani). Al Qur’an dan Sufisme. (Yogyakarta: Dana Bakti Wakaf, 1995)
- ↑ Sabandar, Switzy (2021-08-09). "Mula Bukané Mubeng Bètèng Malem 1 Sura ing Ngayogyakarta (saka basa Indhonésia)". Liputan 6. Dibukak ing 2023-02-21.
- ↑ a b c d e Susilantini, Endah. ‘Mubeng Beteng, Aktivitas Spiritual Masarakat Yogyakarta’’. Vol. II. No. 3, Juni 2007. (Yogyakarta: Balai Pelestarian Sajarah dan Aji Tradisional), hal. 164
- ↑ a b Syahtut M. Al Islam Akidah Wa Syari’ah. (Mesir: Dar Al Qalam, 1965)