Mubeng bètèng

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Mubeng Beteng)
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Gambar bocah-bocah wadon lagi nindakaké tradhisi Mubeng Beteng

Mubeng bètèng ya iku salah sawijing tradisi masarakat ing Ngayogyakarta.[1] Para warga padha laku prihatin ngubengi bètèng kraton Ngayogyakarta.[1] Sajatiné tradhisi iki minangka wadhah sawijining rasa prihatin kang ancase manut kapitayan dhéwé-dhéwé.[1] Tradisi iki ditindakake saben malem 1 Sura utawa warsa énggal Hijriyah.[1] Ancasing tradhisi mubeng bètèng ya iku ngresiki batin, introspeksi diri, lan kanggo nduduhaké rasa prihatin tumrap kadadéan kang wis kalakon ana ing nagara Indonésia.[1]

Sajarah[besut | besut sumber]

Minangkani panyuwune warga Ngayogyakarta ing taun 1919, dianakake upacara gendéra pusaka kanthi aran Kangjeng Kyai Tunggul Wulung, kanthi mlaku ngubengi bètèng kraton.[2] Upacara mau duwé pangarep ya iku nyegah lelara influenza supaya ora ngenani masarakat Yogyakarta.[2] Kangjeng Kyai Tunggul Wulung ya iku péranganing blongsong Ka’bah ing Mekah kang digawa déning Safi’i, utusane Ngarsadalem Sultan Hamengkubuwana I ing taun 1784 Masei.[2] Amarga para masarakat percaya bab kaampuhane pusaka mau, mula kabèh lelara bisa disirnakake.[2]

Gendéra pusaka Kangjeng Kyai Tunggul Wulung[besut | besut sumber]

Sapérangan para sadulur ing Ngayogyakarta lan sakiwa tengene padha duwé panganggep, yèn wesi aji lan pusaka duwé daya rupa-rupa, upamané piyandel marang dwaja (kalebet utawa gendéra) Kangjeng Kyai Tunggal Wulung (pusaka ing kraton) ya iku yèn besuk ana ambuh-ambuhan epidemi lelara nular, seperangan rakyat padha nyuwun supaya kalebet pusaka mau diarak mubeng kutha, kaya kang kalakon ing taun 1919 mubale lelara influenza.[2] Saweneh ana kang carita yèn Kangjeng Kyai Tunggul Wulung kang asli iku asalé saka cuwilan tutup Ka'bah ing mekah, kang digawa déning Kyai Iman Safi’i utusane Ingkang Sinuwun Sultan Hamengkubuwana I taun 1784 M.[2] Kadadeyan mau diambali manèh taun 1932, 1946 lan taun 1951 kanthi upacara Kangjeng Kyai Tunggul Wulung kanggo nyegah lelara pes.[2] Mula saka iku, masarakat Ngayogyakarta nyuwun pitulungan marang kraton supaya dianakake upacara manèh.[2] Urut-urutaning tradhisi mubeng bètèng lan kirab pusaka Kangjeng Kyai Tunggul Wulung ya iku Kangjeng Kyai Tunggul Wulung kairingan bregada prajurit kraton kang wes katunjuk.[2] Banjur ing burine, ya iku masarakat Yogyakarta saka punjering tlatah.[2] Wujud kasunyatan Kangjeng Kyai Tunggul Wulung ya iku gendéra pasagi, kanthi warna ireng, wungu lan kuning ing tengahé ana gambar manuk garudha kang tinulis rajah (utawa aksara kang darbe teges) mawa aksara Arab.[2]

Upacara jaman mbiyèn[besut | besut sumber]

Déné wujudé Pusaka Kangjeng Kyai Tunggul Wulung iku warna wungu, ireng lan kuning, ing tengahé ana warna putih kang duwé buntut lan ngepang loro.[3] Ing kono uga, ana gambar bunder lan lonjong kang wernane abang.[3] Gendéra kaiket ing galah kang pucuke duwé catur sula, aran Kangjeng Kyai Santri.[3] Kangjeng Kyai Tunggul Wulung kang dikirab mung awujud peputran; kang asliné disimpen ing jero pethi.[3] Amarga yuswane wis sepuh lan gampang suwek, mula digawékake duplikat.[3] Ing jejere uga ana pusaka kang mèlu dikirab, wernane ijo lan kuning kang diarani dwaja Pareanom.[3]

Upacara jaman saiki[besut | besut sumber]

Saiki tradhisi iki ditindakake sewindhu sapisan ya iku ing taun Dal, bebarengan karo pengetan Mauludan.[4] Ing wektu iku, pusaka-pusaka kraton uga mèlu dikirab, ya iku Kangjeng Kyai Ageng, Kangjeng Kyai Gadawadana, lan Kangjeng Kyai Gadatapan[4], kabèh mau awujud waos.[4] Samono uga pusaka kang awujud bendhe, wedhung, cemethi, lan ketipung uga mèlu dikirab ing taun Dal.[4]

Ancasing Mbisu lan Mubeng Beteng miturut Konsep Kajawèn[besut | besut sumber]

Mubeng bètèng, miturut konsèp kejawen ateges laku manungsa kanthi pisik utawa sembah raga, kanggo nyedhakake dhiri marang Gusti.[5]

Ing Serat Wedhatama wus dibabarake pangerten ngenani sembah raga mawa tembang Gambuh, ya iku:

Sembah raga punika | Pakartining wong amagang laku | Sesucine asarana saking warih | Kang wus lumrah limang waktu | Mantu watak ing wawaton ||

Tegesé ya iku sembah raga minangka péranganing lakuning urip kang dawa kang di wujudake minangka lakuning karohanen, kaya ta wong kang tapa utawa ngibadah.[5] Salat limang waktu kanthi tuntunan kang bisa ditanggungjawabke.[5]

Déné ing Serat Sasangka Jati uga dijlentrehake ngenani sembah raga, ya iku:

"Roh Suci iku sipating Pangeran kang nguwasani nepsu kang patang prakara (lauwamah, amarah, sufiah, mutmainah)".[5] Dadi tegesé, roh suci isih perlu nelukake utawa ngereh hawa nepsune, supaya manut karsaning roh suci.[5] Déné anggoné ngereh utama nelukake mau sarana panguwasane, ya iku pangaribawane (ciptane), dienggo ngeling-eling marang Pangeran lan utusane kang langgeng, kanthi angluhurake asmané Pangeran lsp., kang dibabarake sarana pratandha hormat: tumandange raga lan pangucapane." [5]

Makna Mbisu lan Mubeng Beteng miturut Konsep Islam[besut | besut sumber]

Mbisu miturut tuntunan Islam ya iku ngibadah kang kalebu bab Tasawuf, kang biyèn kerep ditidakake déning para sunan lan golongan sufi.[6] Ancase ya iku kanggo introspeksi diri.[6] Tegesing mbisu ing kéné ya iku ngibadah kang asipat batiniyah lan lairiyah.[6] Déné lairiyah ing kéné diwujudake kanthi mlaku mubeng bètèng kanggo nyedakake diri marang Gusti Kang Akarya Jagad.[6]

Pirmane Allah ing Al Qur’an surat Al Baqarah ayat 222 ya iku

"… Allah tresna marang wong-wong kang tobat lan wong-wong kang sesuci..."

Déné ing surat Al A’la ayat 14 ya iku

"Bakal untung wong-wong kang sesuci"

Dadi agama Islam ngolehake acara ritual apa waé, nanging ora kena ninggal bab kang utama ya iku tansah eling lan nyenyuwun marang Allah.[6]

Kajaba ngibadah marang Gusti, bab amaliyah saka sesuci ya iku sesrawungan marang manungsa, kang misuwur kanthi istilah kemaslahatan lan nyegah kemudharatan (tuna).[7] Mlaku ngubengi bètèng kraton miturut Islam ateges sesuci (taharah) amarga bisa éntuk hawa seger lan peranganing badan uga bisa dadi seger. Kabèh mau bisa gawé tentreming batin lan ngilangake ruweting batin.[7]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e Susilantini, Endah. Mubeng Beteng, Aktivitas Spiritual Masarakat Yogyakart. Vol. II. No. 3, Juni 2007. (Yogyakarta: Balai Pelestarian Sajarah dan Aji Tradisional), hal. 160
  2. a b c d e f g h i j k Kodhe basa ora trep. NN. ‘‘Ngibarake Pusaka Dwaja Kanjeng Kiai Tunggul Wulung’’, ing Kalawarti Mekar Sari. Taun III No. XIX. Juni 1967, Yogyakarta, hal.12.
  3. a b c d e f Susilantini, Endah. ‘Mubeng Beteng, Aktivitas Spiritual Masarakat Yogyakarta’’. Vol. II. No. 3, Juni 2007. (Yogyakarta: Balai Pelestarian Sajarah dan Aji Tradisional), hal. 13
  4. a b c d Susilantini, Endah. ‘Mubeng Beteng, Aktivitas Spiritual Masarakat Yogyakarta’’. Vol. II. No. 3, Juni 2007. (Yogyakarta: Balai Pelestarian Sajarah dan Aji Tradisional), hal. 12
  5. a b c d e f R. Sunarta (dalam Ardhani). Al Qur’an dan Sufisme. (Yogyakarta: Dana Bakti Wakaf, 1995)
  6. a b c d e Susilantini, Endah. ‘Mubeng Beteng, Aktivitas Spiritual Masarakat Yogyakarta’’. Vol. II. No. 3, Juni 2007. (Yogyakarta: Balai Pelestarian Sajarah dan Aji Tradisional), hal. 164
  7. a b Syahtut M. Al Islam Akidah Wa Syari’ah. (Mesir: Dar Al Qalam, 1965)