Mesozoikum

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Fosil tilaran jaman Mesozoikum

Mesozoikum (basa Yunani: μεσο, meso, "antara" lan ζωον, zoon, "kéwan" utawi tegesipun "kéwan pertengahan") inggih punika salah satunggaling saking era géologi ing eon Fanerozoikum. Mesozoikum inggih punika jaman gesang pertengahan ingkang lumampah udakawis 140 yuta warsa.[1] Jaman punika dipuntandhani kaliyan tuwuhipun jinis reptil raseksa, kados ta dhinosaurus ingkang panjangipun 12 m kaliyan atlantasaurus ingkang panjangipun 30 m.[1] Kajawi punika, jinis peksi lan kéwan nyusoni ugi sampun ngrembaka ing jaman punika.[1] Kaanan iklim lan cuaca ing jaman mesozoikum sansaya dangu sansaya saé tinimbang jaman sadèrèngipun.[2]

Kaanan jaman[besut | besut sumber]

Mesozoikum dipuntandhani kaliyan kagiyatan tektonik, iklim, lan evolusi.[3] Bawana-bawana kanthi alon ngalami éwah-éwahan saking sami nyawiji satunggal kaliyan satunggalipun dados kados ta kaanan sapunika.[3] Éwah-éwahan punika nuwuhaken spesiasi lan manéka warni pangembangan evolusi ingkang wigati sanèsipun. Iklim anget ingkang kadadosan ing sadangunipun kalamangsa ugi nyepeng peran wigati kanggé evolusi lan diversifikasi spésies kéwan énggal.[3] Ing pungkasanipun jaman punika, dhasar-dhasar pagesangan modhèren wiwit kawangun.[3] Mesozoikum kadadosan kirang langkung 180 yuta warsa dangunipun, antawisipun 251 ngantos 65 yuta warsa kepengker. Jaman mesozoikum dipunpérang dados tigang era, inggih punika Trias, Jura, lan Kapur.[3]

Ing jaman mesozoikum dipunprakirakaken wiwit gesang kéwan-kéwan amfibi kaliyan reptil.[4] Ukuran kéwan-kéwan punika ageng kados ta, dhinosaurus, tyranosaurus, lan sajinisipun.[4] Dipunprakirakaken ugi, ing jaman punika dèrèng wonten tiyang ingkang gesang amargu kaanan alam ingkang dèrèng saé, saéngga tiyang boten saged tahan gesang ing jaman punika.[4]

Pamérangan Jaman[besut | besut sumber]

Mesozoikum kadadosan kirang langkung 180 yuta warsa dangunipun, antawisipun 251 ngantos 65 yuta warsa kepengker. Jaman mesozoikum dipunpérang dados tigang era, inggih punika Trias, Jura, lan Kapur.[3]

Jaman Trias[besut | besut sumber]

Jaman Trias lumampah wiwit 245 ngantos 208 yuta warsa kepengker. Nama Trias dipunusulaken déning F. Von Albertu, salah satunggaling ahli géologi saking Jerman. Nama Trias punika dipunpundhut saking parkembangan endapan Mesozoikum ingkang wonten ing cekungan Jerman, ingkang salajengipun dipunanggep minangka laladan jinis kanggé Sistem Trias'. Sanadyan wonten katrangan ingkang jangkep lan kathah ingkang ngandhut fosil malah pinanggih ing Amérika pérangan kilèn, Amérika pérangan wétan, lan Kanadha. Sistem Trias punika kapérang dados tigang pérangan, inggih punika Trias ngandhap, Trias tengah, lan Trias inggil.[3]

Ing Indonésia pérangan wétan ing jaman Trias kadadosan prastawa genang sagara ing pérangan ngandhap ingkang padatanipun kawangun saking watu klastik ingkang wonten butiran kasar. Antawisipun inggih punika breksi, konglomerat, watu pasir, serpih, napai, lan gamping. Saking prekawis ingkang sami Fasies watu Trias ing pulo-pulo Indonésia wétan punika saged dipunpundhut dudutan bilih pulo-pulo kasebat sabotenipun kalebet ing satunggal lingkungan sedimentasi ingkang ngalami pamudhunan utawi dipunwastani laladan pelamparan Geosiklin Banda. Geosiklin Banda punika manjang tumuju arah barat daya ingkag salajengipun nyambung kaliyan Geosiklin Westralia, déné ingkang tumuju arah kilèn nyambung kaliyan Geosinklin Tlaga.[3]

Jaman Jura[besut | besut sumber]

Jaman Jura lumampah wiwit 208 ngantos 145 yuta warsa kepengker. Nama Jura sepisanan dipunangem ing taun 1799 déning A. von. Humboldt, salah satunggaling ahli géologi saking Jerman. Panalitiyan kanthi intensif nalika punika dipuntindakaken ing Inggris. Nama sistem punika dipunpundhut saking nama Pegunungan Yura ingkang mbentang saking Prancis ngantos Switserlan. Panggènan punika ingkang salajengipun dipun-ginakaken minangka laladan jinis kanggé sistem Jura.[3]

Jaman Kapur[besut | besut sumber]

Jaman Kapur lumampah wiwit 145 ngantos 65 yuta warsa kepengker. Ciri jaman kapur inggih punika wontenipun satunggaling pengendapan susut sagara - genang sagara - susut sagara. Sadangunipun jaman kapur ngrembaka manéka jinis pagesangan. Sawetawis minangka lelajenganipun saking jaman Jura, uga wonten pengembangan pagesangan ingkang énggal.[3]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c Zaman Mesozoikum Archived 2013-01-16 at the Wayback Machine.(dipunundhuh 2 Maret 2013)
  2. Sejarah Perkembangan Makhluk Hidup Archived 2012-12-17 at the Wayback Machine.(dipunundhuh 2 Maret 2013)
  3. a b c d e f g h i j Masa Mesozoikum(dipunundhuh 3 Maret 2013)
  4. a b c Keberadaan Awal Manusia di Bumi Archived 2013-03-04 at the Wayback Machine.(dipunundhuh 3 Maret 2013)

Pranala njawi[besut | besut sumber]

Skala wektu géologi: eon lan éra
(jroning yuta taun)

PaleoproterozoikumMesoproterozoikum

HadeanArkeanProterozoikumFanerozoikumPrakambriumera %28geologi%29eon