Menyang kontèn

Megalodon

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Megalodon
Kalamangsa: Miocene-Pliocene, 23–2.6 Ma
Modèl rahang C. megalodon ing American Museum of Natural History.
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Chondrichthyes
Subklas: Elasmobranchii
Superordho: Selachimorpha
Ordho: Lamniformes
Famili: Lamnidae utawa †Otodontidae
Génus: Carcharodon utawa †Carcharocles
Spésies: C. megalodon
Jeneng binomial
Carcharodon megalodon utawa Carcharocles megalodon
Carcharodon megalodon, Agassiz, 1843
Sinonim
  • Procarcharodon megalodon Casier, 1960
  • Megaselachus megalodon Glikman, 1964
  • Otodus megalodon Agassiz, 1843
Untu Megalodon.

Megalodon(pocapan jroning basa Inggris /ˈmɛɡələdɒn/ MEG-ə-lə-don; artinipun "Untu Gedhé", saka Yunani μέγας (mega, "gedhé") lan ὀδούς (odon, "untu")) ya iku jinising hiu purba raseksa kang paling kondhang minangka iwak prédator gedhé dhéwé ing jaman biyèn[1].Spesies kang wis cures iki urip kira-kira antarané 28-15 yuta taun kepengker, nalika Era Kenozoikum (Oligosen akhir lumebu ana ing Pleistocene awal).[2] Ukurane yèn dibandingaké karo barang kang ana saiki ibarat kapal pesiar nanging rada gedhé sithik. Hiu iki klebu iwak perairan jero kang jarang munggah kajaba golèk pangan.

Panemon

[besut | besut sumber]

Glossopetrae

[besut | besut sumber]

Miturut lapurane Rennaissance, raksasa, fosil untu segitiga asring tinemu tinandur ing formasi wewaton kang prenah uga dipitaya minangka ilat kang dadi watu utawa glossopetrae, saka naga lan sawer. Panafsiran iki dibeneraké nalika taun 1667 déning sawijining tokoh naturalis Dhènemarken, Nicolaus Steno, kang ngumumaké panemuan-panemuan mau minangka untu-untuné iwak hiu kang wis cures.[3] Panjenengané nyebutaké panemoné ing sawijining buku,"The head of Shark Dissected",kang uga ngamot ilustrasi C untuné megalodon kang sadurungé dipercaya minangka ilat kang dadi watu.[4]

Idhentifikasi

[besut | besut sumber]

Sawijining Naturalis Switserlan,Louis Agassiz,mènèhi jeneng ilmiah kanggo hiu iki, Charcadon Megalodon, ing taun 1835,nalika panelitèn "Recherces sur" ana ing karyané "Les Poissons Fossiles" (Paneliten fosil iwak),kang rampung taun 1843.[5] Untu saka Megalodon C. kanthi cara morfologis mirip karo untune iwak hiu putih gedhé.[5] Adhedhasar saka asil panelitèn iki, Agassiz nglebokaké kéwan Megalodon iki ing génus Carcharodon. Yèn Jeneng ilmiahe C. Megalodon utawa asring uga sinebut hiu megatooth[6], utawa hiu putih raksasa, malah ana kang njenengi hiu raksasa.[7]

C.Megalodon digambaraké ing cathetan fosil mligi déning untu lan balung centro burine.[6] Kayadéné kabèh iwak hiu liyané,wrangkané C. Megalodon iku dumadi saka balung rawan katimbang balung atose.[8] Asil panemon iki klebu specimen fosil kang paling sithik tinemu.[8]

Fosil Untu

[besut | besut sumber]

Fosil kang paling umum saka C. Megalodon yaiku untuné. Karakter dhiagnistik untune C.Megalodon yaiku: wujudé segitelu, strukturé kuat,ukuran gedhé,griginé alus,lan kaya gulu kang wujudé V.[1] Untune C. Megalodon bisa nyandhak punjul 180 milimeter (7,1 inci) dhuwur miringé utawa diagonalé,lan klebu spésies gedhé dhéwé ing jajaran spésies hiu kang dikenal.[1]

Fosil balung

[besut | besut sumber]

Fosil balung C. Megalodon uga terkadhang tinemu.[4] Tuladha kang paling pinunjul yaiku kolom balung buri kang diawetaké,kang dikedhuk saka lembah Antwerpen,Bèlgi déning M.Leriche ing taun 1926.[4] Spesimen dumadi saka 150 balung buri centro,kanthi centro kang gedhé dhéwé ukurané 155 mm.[4] Nanging para ilmuwan yakin yèn centrone Megalodon bisa luwih gedhé saka iku.[4] Panemon liyané ana ing lemah Gram,Dhènemarken, déning Bendix-Almgeen ing taun 1983.[4] Spesimen iki kadhiri saka 20 balung buri centro, kanthi centro paling gedhene duwé ukuran sawatara 230 mm.[4]

Sebaran Fosil lan Umure

[besut | besut sumber]

Fosil-fosil C. Megalodon wis dijedhuk ing pérangan donya endhi waé,kalebu Éropa,Amérika Utara,Amérika Selatan,Puerto Rico,Kuba,Jamaika,Austrakia,Selandhia Anyar,Jepang,Afrika,Malta,Grenadines,lan India.[4] Untu C. Megalodon uga wis dikedhuk ing laladan kang adoh saka bawana(tuladhané ing palung Mariana,Pasifik).[1] Megalodon kang terakhir urip diprakirakake ing jaman Oligosen Akhir, sawatara 28 yuta taun kepengker.[3] Sanadyan fosil C Megalodon ana uga kang katut tinemu ing sanjabane lapisan watu strata tersier,Megalodon wis dilaporake urip ing jaman Pleitosen salanjute.[4] Dadi, dipitaya manawa C Megalodon iku cures nalika Pleistosen,kira-kira 1,5 yuta taun kapungkur.[6]

Anatomi

[besut | besut sumber]

Saka akèhé spésies kang esih urip, hiu putih gedhé dianggep analoginé C.Megalodon.[1] Kurangé wrangka fosil kang tinemu gawé para ilmuwan gumantung karo morfologiné iwak hiu putih gedhé kanggo dhasar rekonstruksi lan ukuran estimasiné.[6]

Ukuran Estimasi

[besut | besut sumber]

Karana isih fragmentaris,ngira-ira ukurané C. Megalodon iku isih babagan kang menantang.[5] Nanging komunitas ilmiah ngakoni yèn C. Megalodon luwih gedhé saka iwak hiu paus, Rhincodon typus.[5] Paneliten para ilmuwan difokusake marang rong aspek ukuran ya iku: dawane (total panjang) lan bobot awak.[4]

Megalodon duwé dawa kira-kira 40 kaki (12 mèter) utawaluwih.[4] Ana uga ilmuwan kang mrakirakake yèn dawane bisa nganti 50 utawa 100 kaki (15,5 mèter utawa 31 mèter).[6] Ukurane iki paling ora ping loro-telune Great White Shark (Hiu Putih Gedhe) nanging iki mung prakiraan saka saka akèhé fosil kang tinemu, ya iku untu raksasa kang ukurane padha baé karodawane tangane manungsa racaké.[4] Durung ana pérangan awak liyané kang bisa tinemu kajaba untune iki, dadi para ilmuwan nembé bisa mbadek padha karo apa kang katon.[4] Untune Megalodon iki mirib banget karo untuné Hiu Putih Gedhé (nanging luwih gedhé tur kandhel), diprakirakake yèn Megalodon iku manawa kaya versi raksasane Hiu Putih Gedhe.[1]

Prakiran Dawa Total

[besut | besut sumber]

Ilmuwan kang sepisanan miwiti rekonstruksi rahang hiu dilakokake déning Profesor Bashford Dean ing taun 1909.[6] Saka rekonstruksi rahang mau, ilmuan iki duwé hipotesis kang nyatakaké yèn dawané megalodon bisa nyandhak 30 mèter (98 kaki), nanging ing wektu saiki asil hipotesis mau dianggep ora pas.[6] Sing dadi alesan ya iku kurange data babagan megalodon nalika jaman semana, lan ora akurate sistem strukturé.[6] Kanggo nglarasaké kabèh kesalahan mau para ilmuwan nggunakaké panemuan fosil Megalodon kang paling anyar lan dibandinggaké karo kawruh babagan pembandinge (hiu putih),manuhaké metode kang luwih kualitatif kanggo mrakirakaké ukurane dhedhasar gayutan statistik antara ukuran untu lan dawané awak ing hiu putih gedhé.[6]

Cara Mangan

[besut | besut sumber]

Porsi mangané Megalodon énggal padha karo porsine Paus.[6] Iwak hiu rata-rata mangan sawatara 2 persèn saka boboté sabendinané.[6] Petungan iki rada padha karo anggoné manungsa mangan.[6] Miturut para ilmuwan,cokotané Megalodon luwih kuat ketimbang cokotané T-rex.[6] Diprakirakaké cara mangané padha kaya déné Hiu Putih Gedhé.[6]

Pratélan Pustaka

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f "Informasi babagan megalodon". Diarsip saka sing asli ing 2011-09-05. Dibukak ing 2011-07-05.
  2. Wroe, S. (2008). "Three-dimensional computer analysis of white shark jaw mechanics: how hard can a great white bite?" (PDF). Journal of Zoology. 276 (4): 336–342. doi:10.1111/j.1469-7998.2008.00494.x. {{cite journal}}: Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (pitulung)
  3. a b Haven, Kendall (1997). 100 Greatest Science Discoveries of All Time. Libraries Unlimited. kc. 25–26. ISBN 1591582652.
  4. a b c d e f g h i j k l m (ing basa Spanyol)Bruner, John (1997). "The "Megatooth" shark, Carcharodon megalodon". Mundo Marino Revista Internacional de Vida Marina. {{cite news}}: |access-date= requires |url= (pitulung)
  5. a b c d Nyberg K.G, Ciampaglio C.N, Wray G.A (2006). "Tracing the ancestry of the GREAT WHITE SHARK". Journal of Vertebrate Paleontology. 26 (4): 806–814. doi:10.1671/0272-4634(2006)26[806:TTAOTG]2.0.CO;2. Dibukak ing 2007-12-25. {{cite journal}}: Unknown parameter |unused_data= ignored (pitulung)CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  6. a b c d e f g h i j k l m n Klimley, Peter; Ainley, David (1996). Great White Sharks: The Biology of Carcharodon carcharias. Academic Press. ISBN 0124150314.
  7. Narrated by: Robert Leigh (2009-04-27). "Monster Shark". Prehistoric Predators. National Geographic. {{cite episode}}: External link in |title= (pitulung)
  8. a b http://web.ncf.ca/bz050/megalodon.html}[pranala mati permanèn]