Masjid Kauman Semarang

From Wikipedia
Jump to navigation Jump to search
Masjid Kauman Semarang

Masjid Kauman Semarang inggih punika salah satunggaling masjid ingkang gadhah sujarah piyambak ingkang madeg wonten ing Semarang, Jawa Tengah, Indonésia. Ing wekdal rumiyin, masjid kauman punika dipunsebat MAsjid Agung Semarang kados ingkang kaserat wonten ing gerbang masjid saha kaserat ing fasad ngajeng masjid. Seratan punika dipunserat mawi aksara Arab ingkang ageng seratanipun, nanging sak punika kanthi wontenipun Masjid Agung Semarang ingkang énggal, masarakat nyebat masjid punika kanthi sebatan Masjid Besar Kauman Semarang. Masjid Besar Kauman Semarang waunipun madeg kanthi gagah ing ngajeng alun-alun kitha Semarang. Nanging wiwit taun 1938, alun-alun kasebat éwah fungsinipun gantos dados papan ingkang komersil inggih punika kanthi wontenipun Pasar Johar, Pasar Yaik, gedhong BPD, saha hotèl Metro ingkang salajengipun dados area kawasan dagang Johar. Masjid Besar Kauman Semarang punika sak punika papanipun kecepit ing antawisipun yasan- yasan ageng ing sakiteripun. Masjid Kauman ingkang mapan wonten ing Jl. Alun-alun Barat nomer 71 Semarang punika, ing wekdal punika boten mlebet malih ing wewengkon kampong (kalurahan) Kauman, nanging mlebet ing wewengkon kalurahan Bangunharjo, Semarang Tengah. Sebatan kauman piyambak asalipun saking tembung “kaum”, inggih punika kulawarga abdi dalem ingkang angsal tugas saking Adipati Pandanaran I ingkang dipunangkat dados Adipati Semarang ing taun 1575 kanggé ngemunah masjid wau.[1]

Sujarahipun[edit | edit source]

Wangunan masjid besar Semarang ingkang sak punika wonten inggih punika wujud yasan kaping sekawan ingkang sampun dipundandosi, ingkang terasanipun saking masjid keadipatian sadèrèngipun. Wangunan masjid punika kaping pisan dipunyasa ing kawasan Mugas (Mugasari), nanging amargi pendhudhukipun boten wonten mila masjid punika dipunpindhah wonten ing laladan Bubakan ingkang langkung padet pendhudhukipun, ngengingi kawasan punika sampun ngrembaka dados kitha pelabuhan. Sesarengan kanthi wontenipun tiyang- tiyang China ingkang ngraman dhateng pamarentahanioun colonial Walanda, lajeng pkawasan perumahan punika kebakar lan mbakar ugi yasan masjid. Awit saking wontenipun pertimbangan lokasi masjid ingkang caket kaliyan kampungipun tiyang-tiyang China, lajeng déning bupati Semarang Suro Hadimenggolo II ingkang jumeneng mrentah wiwit taun 17131751, masjid punika dipunyasa malih ing kawasan Kanjengan. Masjid énggal ingkang dipunyasa punika rampung ing taun 1760 nalika pamarentahanipun Bupati Suro Hadimenggolo III ing taun 1751 – 1773. Anangin ing taun 1885 kénging musibah malih kanthi kebakar amargi kénging bledhèg. Lajeng masjid punika dipunyasa malih ing lokasi mau wiwit taun 1889 saking biyantuwanipun Bupati Raden Tumenggung Tjokrodipuro, lan rampung ing taun 1890.[2]

Arsitektur[edit | edit source]

Arsitektur Masjid Besar Kauman Semarang asring dipunsebat kanthi konsèp tektonika. Sistem ingkang kados struktur tumpang wonten ing yasan tumpang ingkang gadhah saka penyangga pilar gangsal wonten ing yasan pra Islam ing tanah Jawa. Dipunginakakenipun system tektonik punika ngrujuk dhateng struktur yasan ingkang rigid. Sekawan sakaguru dipundadosaken pilar- pilar bata kanggé nyangga rangkeyan pilar saha balok kayu ing nginggilipun.

Cathetan suku[edit | edit source]

  1. [1] MASJID BESAR SEMARANG PERANANNYA DALAM PENGEMBANGAN ISLAM (dipunundhuh tanggal 19 Januari 2013)
  2. [2] Masjid Besar Kauman (dipunundhuh tanggal 19 Januari 2013)