Menyang kontèn

Louis Pasteur

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Louis Pasteur
Louis Pasteur, dipunfoto Pierre Lamy Petit
Lair(1822-12-27)27 Dhésèmber 1822
Dole, Jura, Franche-Comté, Prancis
Pati28 Sèptèmber 1895(1895-09-28) (umur 72)
Marnes-la-Coquette, Hauts-de-Seine, Prancis
BangsaFrench
Alma materÉcole Normale Supérieure
Conservatoire national des arts et métiers
Karièr ngèlmiah
BabaganChemistry
Microbiology
InstitutionsDijon Lycée
University of Strasbourg
Université Lille Nord de France
École Normale Supérieure
Mahasiswa wigatiCharles Friedel[1]
Tandha tangan

Louis Pasteur (lair 27 Dhésèmber 1822 – pati 28 Sèptèmber 1895 ing umur 72 taun) inggih punika ahli kimia lan biologi saking Prancis[2] ingkang sampun misuwur sanget amargi panjenenganipun sampun ageng jasanipun tumrapipun ngèlmu kawruh.[3] Nanging panyurung saking Pasteur ingkang paling ageng inggih punika ing bab téyori baksil lelara lan ngembangaken tèhnik panyegahan kanthi cara nyuntik.[3]

Louis Pasteur lair ing kutha Dole taun 1822, sisih wétan nagari Prancis.[3] Nalika taksih mahasiswa ing Paris, déning dhosenipun, Pasteur dipunanggep minangka mahasiswa ingkang "padatan" wonten ing ngèlmu kimia. Nembe ing taun 1847, Pasteur saged mbuktikaken manawi pangandikanipun dhosen kliru.[3] Panaliten Pasteur bab asem traktat (tartaric acid) saged ngangkat drajaatipun minangka ahli kimia ingkang misuwur,[4] kamangka wekdal punika yuswanipun nembé nemlikur taun.[3]

Pasteur lajeng ngawontenaken panaliten malih, inggih punika kanthi panaliten bab paragian.[3] Asil panaliten punika inggih punika pikantuk gagasan wonten mikroorganisme ingkang saé lan boten saé tumraping manungsa lan kéwan.[3]

Sejatosipun, Pasteur sanès tiyang ingkang murwani masalah bab téyori baksil lelara.[3] Hipotesis ingkang wiwitan dipunaturaken déning Girolamo Fracastoro, Friedrich Henle, lan sanès-sanèsipun.[3] Nanging Pasteur dados ingkang paling misuwur wonten ing téyori kuman lelara ingkang dipunbuktikaken kanthi pinten-pinten panaliten lan dhemonstrasi ingkang dados jalaran utami saéngga masarakat pirsa manawi téyorinipun leres.[3]

Manawi jalaran lelara punika saking baksil, kadosipun leres manawi nyegah mlebetipun baksil dhateng badan manungsa, saéngga lelara punika saged dipuncegah.[3] Amargi punika Pasteur gadhah panyaruwé ingkang awrat inggih punika kanthi métodhe antisèptik kanggé sadaya dhokter.[3]

Pasteur ngemabangaken tèhnik ingkang namanipun tèhnik pasteurisasi sapados saged ngicalaken mikroorganisme wonten ing toya.[3]

Pranala njawi

[besut | besut sumber]
Louis Pateur

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. Asimov, Asimov's Biographical Encyclopedia of Science and Technology 2nd Revised edition
  2. [James J. Walsh. 1913. "Louis Pasteur"; Catholic Encyclopedia. New York: Robert Appleton Company]
  3. a b c d e f g h i j k l m [Michael H. Hart. 1978. Seratus Tokoh yang Paling Berpengaruh dalam Sajarah. Jakarta: Dunia Pustaka Jaya]
  4. Joseph Gal: Louis Pasteur, Language, and Molecular Chirality. I. Background and Dissymmetry, Chirality 23 (2011) 1−16.