Menyang kontèn

Lee De Forest

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Lee De Forest
Lair(1873-08-26)26 Agustus 1873
Council Bluffs, Iowa
Pati30 Juni 1961(1961-06-30) (umur 87)
Hollywood, Los Angeles, California
PakaryanInventor
Kondhang ingtriode
BojoLucille Sheardown (o. 1906)
Nora Stanton Blatch Barney (m. 1907-1911)
Mary Mayo (m. 1912-?)
Marie Mosquini (m. 1930-1961)
Wong tuwaHenry Swift DeForest
Anna Robbins
DulurCalvert DeForest, grandnephew

Lee DeForest (lair 26 Agustus 1873  pati 30 Juni 1961 ing umur 87 taun) ya iku sawijining ahli fisika saka Amérikah Sarékat kang kasil naggone nemu triode utawa tabung audion ing taun 1906.[1]

Panguripan

[besut | besut sumber]

Dhèwèké minangka salah salah sawijining wong kang duwé jasa ing pangrembakane teknologi radio saliyané Marconi.[1] Dhèwèké kerep diarani bapak radio, simbah telepisi, dhoktor fisika, lan wis kasil anggoné nyipta 300 panemon.[1]

Triode utawa tabung audion ya iku sawijining piranti wigati kang akèh digunakaké ing radio,telepon, radar, telepisi, lan komputer.[1] Ing taun 1912, De Forest nemu yèn triode utawa tabung audion bisa digunakaké minangka penguat sinyal listrik lan pembangkit osilasi.[2] Nalika iku triode kerep digunakaké ing pirang-pirang piranti komunikasi, nanging kawit taun 1947 triode diganti déning teknologi transistor[3]. Sanajan teknologi triode kang diciptake diganti karo tèknologi liyané, nanging De Forest tetep dianggep tokoh paling misuwur ing babagan elektronik.[4]

De forest lair saka kulawarga pendeta. Bapake minangka pendeta fanatik kang kepéngin De Forest dadi pendeta kaya dhèwèké.[4] Nalika umur 6 taun, dhèwèké karo kulawargané ngalih ana ing Alabama.[4] Minangka sawijining pendeta kang apik, kulawarga De Forest tansah mbela kaum kang luwih sengsara.[4] Bapake De Forest ngadegaké sekolah kanggo wong-wong négro sanajan éntuk tentangan gedhé saka wong-wong kulit putih.[4]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 Lee De Forest in the 1900 US Census in Milwaukee, Wisconsin
  2. The De Forest Wireless Telegraphy Tower: Bulletin No. 1, Summer 1904.
  3. "The MetOpera Database (archives)". Diarsip saka sing asli ing 2018-10-08. Dibukak ing 2011-08-26.
  4. 1 2 3 4 5 Lee De Forest in the 1920 US Census in the Bronx, New York

Pranalar njaba

[besut | besut sumber]