Transistor

Transistor ya iku siji piranti elektronik kang wujudé tabung cilik banget kang digawé saka semikonduktor.[1] Gunane kanggo nguwatake, medhot, lan mbagi arus listrik.[2] Transistor tinemu nalika taun 1948 déning ahli fisika ya iku Walter Houser Brattain, John Bardeen, lan William Braddford Shockley. Transistor bisa kanggo kran listrik.[3] Padatan, transistor nduwé terminal cacahé telu.[3] Tegangan utawa arus kang dipasang ing salah siji terminale iku ngatur arus kang luwih gedhé liwat rong terminal liyané.[3]
Cara kerja transistor[besut | besut sumber]
Wiwitane, ana rong jinis transistor, ya iku bipolar junction transistor (BJT utawa transistor bipolar) lan field-effect transistor (FET).[3] Kekarone cara kerjane dhéwé-dhéwé.[3]
Crita[besut | besut sumber]
Penemuan transistor kasebut, yaiku salah sawijining prestasi sing paling penting ing abad kaping-20, minangka asil pangembangan elektronik semikonduktor, sing wiwit taun 1833, nalika eksperimen fisika Inggris Michael Faraday nganakake eksperimen pertama kanthi materi semikonduktor - perak sulfida.[4]
Jinising transistor[besut | besut sumber]
Transistor bisa dibédakaké dhedhasar sapérangan kategori:[3]
- Materi semikonduktor: Germanium, Silikon, Gallium Arsenide
- Kemasan fisik: Through Hole Metal, Through Hole Plastic, Surface Mount, IC, lan sapanunggalane.
- Tipe: UJT, BJT, JFET, IGFET (MOSFET), IGBT, HBT, MISFET, VMOSFET, MESFET, HEMT, SCR sarta pangrembakane transistor ya iku IC (Integrated Circuit) lan liya-liya.
- Polaritas: NPN utawa N-channel, PNP utawa P-channel
- Maximum kapasitas daya: Low Power, Medium Power, High Power
- Maximum frekwensi kerja: Low, Medium, atau High Frequency, RF transistor, Microwave, lan liya-liyané.
- Aplikasi: Amplifier, Saklar, General Purpose, Audio, Tegangan Tinggi, lan liya-liyané.
Cathetan suku[besut | besut sumber]
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |