Lapisan ozon

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Lapisan ozon

Lapisan ozon ya iku dat oksigèn kang kuwat, ngracuni, lan dat kang bisa matèni jisim renik kang kuwat uga. Ozon racaké minangka nyeterilaké banyu isi ulang lan uga minangka ngilangi warna lan ambu kang ora énak kang ana banyu.[1] Ozon kadhapur kanthi alami ing stratosfer. Pambentukan lan rusaké ozon ing stratosfer ya iku wujud mekanisme nglindungi bumi saka sinar UV saka srengéngé. Ing troposfer ozon kadhapur ngléwati réaksi fotokimia ing pira-pira dat pencemar udara. Ozon manggon ana ing jero lapisan stratosfer lan uga ing ing jero lapisan troposfer. Ozon kang ana ing strtosfer duwé fungsi nglindungi manungsa lan mahluk kang ana ing bumi saka sinar UV. Wondéné ozon kang ana ing lapisan troposfer duwé èfèk kang béda kanggoné bumi lan kabèh mahluk urip kang ana ing jeroné, sanajan susunan kimiané padha. Ozon ing troposfer iki duwé sipat racun lan wujud slah sijiné saka gas oamah kaca. Saliyané iku uga, ozon ing troposfer uga nyebapaké rusaké ing wit-witan, cèt, plastik kan keséhatané manungsa.[1]

Rumus Kimia[besut | besut sumber]

Ozon duwé rumus kimia O3, mèh padha rumus kimia molekul oksigèn O2 kanti salah siji atom oksigèn luwih akèh. Ing suhu kamar ozon rup gas, terkondensasi ing suhu -122°C dadai zat cair kang wernané biru. Ozon kang cair iki bakal mbeku utawa atos ing suhu -251,4°C, wondéné ing suhu sak dhuwuré 100 °C ozon kanti rikat bakal ngalami dekomposisi.[1]

Saka molekul O2, ngléwati reaksi. Ozon kang kadhapur bakal mbalék pecah dadi molekul oksigèn. Ing sajeroning alam, pambentukan lan destruksi ozon ana ing keadaan seimbang, sahéngga kadar ozon ana ing keseimbangan dinamik. Kaloro reaksi iki kanthi èfèktif bisa ngadangi sinar UV ekstrim lan UV-C sarta sapérangan gedhé sinar UV-B nganti tekan Bumi. Ikilah mékanismé alam kang nglindungi bumi lan kang mangggon ana ing jeroné saka penyinaranUV gelombang cendèk kang mbebayani kanggo uripé mahluk kang ana ing bumi. Kaloro reaksi iki uga ngakibataké munggahé suhu kang ana sajrone stratosfer dibandingaké suhu ing troposfer.[1]

Bolongan Ozon[besut | besut sumber]

Ing taun 1980an, para panaliti kang makarya ing antariksa ndetèksi ilange ozon kanthi periodik ing sak duwuré bawana mau. kang dijenengi bolongan ozon iki, kadhapur ing wektu mangsa semi ing antarika lan terus-terusan nganti pira-pira wulan sadurungé kandel manèh. Studi-studi kang dilakoké kanti balon ing keduwuran kang dhuwur banget lan satelit-satelit cuaca nuduhaké yèn presentase ozon kanthi sakabèhan ing antarika sebeneré terus mudun. penerbangan-penerbangan kang dilakokaké suwéné iki kang dilakokaké kanggo neliti bab iki uga nuduhaké asil kang padha.[2]

Regulasi[besut | besut sumber]

Ing taun 1987, ditandatangani Protokol Montreal, salah sijiné perjanjen kanggo nglindungi tumorapé lapisan ozon. Protokol iki sak banjure diratifikasi déning 36 nagara kalebu Amérikah Sarékat. Pelarangan total tumprapé panggunaan CFC taun 1990 diusulaké déning komunitas eropa ing taun 1989, kang uga disetujui déning Présidhèn AS George Bush. Ing Dhésèmber 1995, punjul 100 nagara setuju kanggo kanthi bertahap ngendeg produksi pestisida metil bromida ing nagara-negra maju. Bahan iki diperkirakaké bisa ngakibataké kurangé lapisan ozon nganti 155 ing taun 200. CFC Ora diprodhuksi manèng ing nagara maju ing kiwa-tengené taun 1995 lan dimandeggaké sacar bertahap ing nagara tumuwuh nganti taun 2010. Hidrofluorokarbon utawa HCFC, kang luwiih sitik nyebapaké rusaké lapisan ozon CFC, digunakaké sawatara minangka gantiné CFC, saéngga taun 2020 ing nagara maju lan 2016 ing nagara tumuwuh. Kanggo ngerteni muduné ozon kanthi global, ing taun 1991 National Aeronautics and Space Administration (NASA) ngluncurake Satelit Peneliti Atmosfer. satelit kanti bobot 7 ton iki ngorbit ing keduwuran 600 km kanggo ngukur variasi ozoning pira-pira keduwurann lan nyediakaké gambaran jelas pertama babagan atsmofer ing dhuwur.[2]

cathetan Sikil[besut | besut sumber]

  1. a b c d Pengertian Lapisan Ozon Dalam Atmosfer dan Strukturnya Archived 2013-01-21 at the Wayback Machine. (kaunduh 26/10/12).
  2. a b . Bernadette West, Peter M. Sandman, Michael R. Greenberg. Paduan Pemberitaan Lingkungan Hidup. Yayasan Obor Indonesia. 1998. ISBN 979-461-300-2