Kurikulum

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Gambar Kurikulum Tingkat Ékan Pendhidhikan kang dicekak KTSP

Kurikulum ya iku saka basa Latin curriculaé kang ateges dawané dalan sing diliwati wong kang lomba mlayu.[1].Ing papan pendhidhikan, kurikulum ateges apa sing kudu dilakoni ing papan pendhidhikan supaya katekan sing dituju. Kurikulum duwé teges sing umum ya iku kabèh kang ana hubungane karo prosès pasinaon.[1].Nanging, ing teges kang mirunggan, kurikulum ya iku isi déning pendhidhikan kang dipilih, digawé lan direncanakaké kanggo prosès pendhidhikan supaya katekan ing tujuan pendhidhikan.[1]. Saka parembugan ing dhuwur, kurikulum bisa ateges isi, utawa matéri, métode pendhidhikan, lan kabèh kahanan kang ana gayutané karo prosès pasinaon.[1].

KTSP[besut | besut sumber]

KTSP utawa Kurikulum Tingkat Ékan Pendhidhikan duwé teges ya iku kurikulum kang digawé lan dilakoni déning ékan pendhidhikan dhéwé-dhéwé.[2]. KTSP digawé lan dikembangaké miturut potènsi, sosial budaya, lan peserta dhidhik ing laladane dhéwé-dhéwé.[2]

Karakteristik KTSP[besut | besut sumber]

KTSP duwé karakteristik ya iku:

  1. KTSP dienggo ngundhakaké mutu pendhidhikan kanthi wujudaké sekolah èfèktif, produktif, lan duwé prèstasi.[3]
  2. KTSP kanthi démokratis kang wènèhi otonomi kang akèh déning ékan pendhidhikan lan masarakat kanthi ngawasi pelaksanakané.[3]
  3. KTSP ndadèkaké déséntralisasi pendhidhikan bisa terus ngembangaké kurikulum lokal lan momotan lokal laladan dhéwé-dhéwé.[3]
  4. KTSP ngundhakaké profésionalitas lan èfèktifitas guru-guru.[3]
  5. KTSP wujudaké réformasi pendhidhikan saka paradigma lawas kang otoritèr kanthi paradigma anyar kang démokratis.[3]

Rèng-rèngan gawé KTSP[besut | besut sumber]

KTSP duwé dhasar kanggo gawéné ya iku visi, misi, tujuan, kahanan, lan ciri kas ékan pendhidhikan.[4] nyusun KTSP nyakup kagiyatan:

  1. Ngembangaké visi lan misi,
  2. Ngrumusaké tujuan pendhidhikan ékan pendhidhikan,
  3. Analisis kontèks kanggo nggambaraké kahanan lan ciri kas ékan pendhidhikan,
  4. Ngembangaké struktur lan isiné KTSP,
  5. Ngembangaké tanggalan pendhidhikan,
  6. Ngembangaké silabus, lan
  7. Ngembangaké Rencana Pelaksanaan Pasinaonan utawa kacekak RPP.[4]

Sing duwé tugas nyusun KTSP ya iku Tim kang isiné kepala sekolah(dadi ketua rangkep anggota), guru, konselor, komite sekolah, lan nara sumber; kanthi diawasi dinas kabupatèn/kutha lan provinsi kang duwé tanggung jawab déning pendhidhikan.[4]

Tabel prosès lan cara nyusun KTSP[besut | besut sumber]

Subyek/Lembaga Kegiatan
A. Depdiknas
  1. nyiapaké aturan
  2. nyiapaké baku nasional
  3. nyiapaké anggaran
B. Disdik Provinsi
  1. ngatur buku wacanan
  2. ngatur aturan-aturan kang digawé
C. Disdik Kabupatèn/Kota
  1. ngatur Déwan Pendhidhikan
  2. ngatur anggaran
  3. ngatur fasilitas pendhidhikan
D. Sekolah
  1. gawé koordinasi program
  2. ngatur Komite Sekolah/Kurikulum
  3. ngatur administrasi
E. Kelas/guru
  1. nyusun rancangan kompetensi lan indikator kompetensi, sarta matéri pasinaonan
  2. nyusun RPP
  3. nyusun strategi pembelajaran

Silabus KTSP[besut | besut sumber]

Silabus ya iku rencana pasinaonan ing golongan mata wulangan kanthi duwé sijining téma[5]. Silabus iku duwé: baku kompetènsi, kompetènsi dhasar, indikator, matèri pasinaon, pambijian, alokasi wektu, lan sumber sinau[5]. Format silabus kang nganut KTSP ya iku:

Nama sekolah:________________________________________________________

Mata wulangan:________________________________________________________

Kelas/semester:________________________________________________________

Alokasi waktu:________________________________________________________

Standar Kompetensi Kompetensi dhasar Indikator Materi Standar Standar Prosès(KBM) Standar Penilaian

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d Soegeng Ysh., A.Y. Profesi Keguruan.ISBN 978-602-8047-22-7. IKIP PGRI Press.Semarang. (2009:96-97)
  2. ^ a b Soegeng Ysh., A.Y. Profesi Keguruan.ISBN 978-602-8047-22-7. IKIP PGRI Press.Semarang. (2009:99)
  3. ^ a b c d e Soegeng Ysh., A.Y. Profesi Keguruan.ISBN 978-602-8047-22-7. IKIP PGRI Press.Semarang. (2009:100)
  4. ^ a b c Soegeng Ysh., A.Y. Profesi Keguruan.ISBN 978-602-8047-22-7. IKIP PGRI Press.Semarang. (2009:107)
  5. ^ a b Soegeng Ysh., A.Y. Profesi Keguruan.ISBN 978-602-8047-22-7. IKIP PGRI Press.Semarang. (2009:108)

Uga delengen[besut | besut sumber]