Peserta dhidhik

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
peserta dhidhik

Peserta dhidhik ya iku anggota ing masarakat kang péngin ngembangaké kepinteran liwat prosès pendhidhikan.Wujudé ya iku bocah kang butuh réwangan wong liya kanggo ngembangaké dhiri supaya bisa diwasa.[1] Peserta dhidhik ing pendhidhikan formal ing jenjang dhasar lan menengah uga diarani anak dhidhik utawa siswa, ing pondok pesantren diarani santri, lan ing kulawarga diarani anak.[1] Nanging ing lembaga nonformal kaya ta pasinaon paket C utawa kursus, peserta dhidhik bisa wujud wong tuwa.[1]

TEORI-TEORI SAJRONE PESERTA DHIDHIK[besut | besut sumber]

1. EMPIRISME[besut | besut sumber]

Téyori saka John Locke iki nganggep tuwuh lan kembangé anak mung saka apa kang dilakoni déning anak, apa kang digawa saka lair ora wigati.Ing teges liya, téyori iki uga diarani environmentalisme.[1]Environment ing basa Inggris ateges alam, emarga téyori iki kang ndhasari ya iku apa waé kang ana ing sisih manungsa utawa peserta dhidhik kang wujud alam.[1] Nanging, téyori iki akèh sing nganggep kurang pas kanggo peserta dhidhik amarga abot sisih kang mung mentingake lakon urip déning anak.[1]

2. NATIVISME[besut | besut sumber]

Nativisme iku sata tembung Native sing ateges lair.[1] Kang gawé téyori iki ya iku Schopenhauer(1788-1860) kang nganggep bayi manungsa saka lair wis duwé kepinteran lan potensi apik uga ala.[1] Dadi, anak wis nggawa kepinteran dhéwé-dhéwé.[1] Lan apa kang ana ing sisih kiwa tengené manungsa iku ora dianggep.[1]

3. NATURALISME[besut | besut sumber]

Téyori iki panganggepé padha déning téyori nativisme, ya iku padha nganggep anak lair wis duwé gawan.[1] Dadi, kaanan sakiwa tengene anak lan pengalaman ora dadi masalah.Téyori iki digawé déning Jean Jaques Rosseau(1712-1778)[1] Kanggo gawé anak dadi apik lan ora duwé sipat ala, anak kuduné adoh saka masarakat amarga téyori iki nganggep masarakat mung gawé alaning tuwuh kembangé anak.[1]Téyori saka J.J. Rosseau iki uga diarani téyori Negativisme.[1]

4. KONVERGENSI[besut | besut sumber]

Téyori iki nyoba beneraké akèh téyori kang ana ing masarakat kang dianggep durung trep kanggo tuwuh kembangé anak.[1]Téyori déning William Stern(1871-1939) iki nganggep tuwuh lan kembangé anak iku ora mung saka gawan lair, nanging uga saka pengalaman ing sakiwa tengené anak iku.[1] Mula saka iku, implikasi saka téyori iki ya iku: (1)pendhidhikan bisa ditindakaké;(2)pendhidhikan duwé teges pitulungan kanggo peserta dhidhik saka lingkungan kanggo ngembangaké potensi kang becik lan ngilangké potensi kang ala;(3)kang gawé wates pendhidhikan ya iku gawan lan kaanan sakiwa tengené peserta dhidhik.[1]

Tabel Pambeda Téyori Peserta Dhidhik[besut | besut sumber]

Téyori Kang Nemu Téyori Isiné
Empirisme

John Locke

  1. Kepinteran saka pengalaman
  2. Anak saka lair dianggep ora duwé gawan kepinteran
Nativisme

Scopenhauer

  1. Anak saka lair wis duwé kepinteran
  2. Pengalaman dianggep ora wigati
Naturalisme

J.J. Rosseau

  1. Anak saka lair wis duwé kepinteran
  2. Pengalaman dianggep ora wigati
Konvergensi

W. Stern

  1. saka lair anak wis duwé kepinteran
  2. pengalaman wigati kanggo tuwuh lan kembangé anak

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q Wahab, Rochmat Memahami Pendidikan & Ilmu Pendidikan.ISBN 979-9943-21-3. LAKSBANG MEDIATAMA.Yogyakarta. (2009:105-118)

Uga delengen[besut | besut sumber]