Menyang kontèn

Kudis

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Canine scabies mite.JPG

Kudis utawa scabiés ya iku lelara kulit sing disebabaké déning tungau (mite) Sarcoptes scabiei sing racaké ciriné ana keropeng, botak, lan gatel ing kulit [1]

Sarcoptes scabiei ya iku tungau duwé ciri-ciri wujud ameh bunder duwé 8 sikil cekak, pipih, ukurane wantara (300–600 μ) x (250-400 μ) sing wadon, lan (200-240 μ) x (150-200 μ) sing lanang, racaké urip ing lapisan epidermis [2]. Permukaan dorsal teka tungau iki ditutupi déning lipatan lan lekukan wujud garis melintang dadi bisa ngasilaké sejumlah skala segitiga cilik [3]. Saliyané kui, sing wadon duwé bulu cambuk ing pasangan sikil kaping 3 lan kaping 4 lan ning lanang, bulu cambuk ana ing pasangan sikil kaping 3 [4]

Prosès Penyakit

[besut | besut sumber]

prosès lelara kudis ya iku:[2]

  • Infeksi teka lelara iki diawali tungau wadon utawa nimfa stadium kaping2 sing aktif gawé terowongan ing epidermis utawa lapisan tanduk. Ing terowongan kui diwènèhi 2-3 butir Endhog saben dina.
  • Endhog menetas wantara 2-4 dina sing sawisé dadi larva sing duwé sikil 6.
  • Wantara 1-2 dina larva jilma dadi nimfa stadium 1 lajeng tumuwuh dadi nimfa stadium2, sing duwé sikil 8. * Nymfa iki dadi tungau wadon mudha, sing siyap kawin karo tungau lanang
  • Tungau tumuwuh dadi tungau diwasa wantara 2-4 dina.

Kanggo nyeleseake daur hidup teka endhog nganti ngendhog manèhmbutuhake wektu wantara 10-14 dina.[2] Waktu sing diperluke endhog dadi tungau diwasa wantarane 17 dina.[2] Tungau wadon sing tinggal ing kantong ujung terowongan, sawisé 4-5 dina sawisé kopulasi, bisa ngendhok manèh nganti umuré kurang luwih 3-4 minggu [2].

Tandha-tandha

[besut | besut sumber]

Tandha-tandha sing kas ing kudis ya iku liang ing lumah kulit, gatel, lan abang lan racaké ana infeksi sekunder, upamané akibat baktèri [5]. Ing bayi, tandha-tandha sing kas ya iku anané bisul ing telapak sikil lan telapak tangan [5]

Diagnosa

[besut | besut sumber]

Kanggo diagnosa kudis iki bisa nganggo kerokan kulit ing keropeng nganti metu darah nganggo skalpel. Hasile kerokan kulit iku ditetesi KOH 10% ben tungau pisah teka reruntuhane jaringan kulit sing digawa kui. Banjur campuran mau diperiksa ing ngisor mikroskop [6]

Pencegahan

[besut | besut sumber]

ora ana vaksin kanggo kudis dadine pencegahan kudu ngindari infeksi [2]. Kabèh pihan sing ana ing cedhak penderita perlu ditambani ing waktu bebarengan, walaupun durung ana tandha-tandha. Sandangan, handuk, seprai lan barang-barang sing bersentuhan karo kulit apike dicuci lan disetrika kanggo ncegah panularan.

Acarodermatitis_Fuß.jpg
Acarodermatitis_Arm.jpg
Acarodermatitis_Hand.jpg
Acarodermatitis_Finger.jpg

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Barhoom S and Dalaab AH. 2009. Clinico-pathological and Control Studies of Mange Caused by sarcoptes scabie in Naturally Infected Sheep and Goats Tulkarem Governorate
  2. a b c d e f Shttp://jv.wikipedia.org/wiki/Astamiwa:Perubahan_terbaruTèks gedhéubronto. 2006. Penyakit Infeksi Parasit dan Mikroba padha Anjing dan Kucing. Yogyakarja: Gadjah Mada University
  3. Lapaga Goffrey. 1962. Monnig’s Veterinary Helminthology and Entomology. 5th ed. London: Bailliere, Tindall and Cox. P: 516-528
  4. "Iskandar T. 2000. Masalah Skabies Pada Hewan dan Manusia serta Penanggulangannya". Diarsip saka sing asli ing 2014-10-22. Dibukak ing 2012-11-27.
  5. a b "Scabies" (PDF). DermNet NZ. New Zealand Dermatological Society Incorporated. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2009-03-27. Dibukak ing 2012-11-27.
  6. Hadi UK dan Soviana S. 2000. Ektoparasit: Pengenalan, Diagnosis dan Pengendaliannya. Bogor: IPB. P: 65-118