Ko So-young (lair tanggal 6 Oktober1972) ya iku aktris lan modhel saka Koréa Kidul.[1] Dhèwèké lulusan Chung-Ang University ing kelas Drama lan Cinema. Dhèwèké uga dikenal kanthi sesebutan wong wadon ideal ing Koréa. Ko lair ing Seoul, Koréa.[2]
Dhèwèké sekolah ing Sekolah Tinggi kang isiné wong wadon thok, banjur kuliah ing Chung-Ang University, ing kana dhèwèké sinau ngèlmu komputer. Ko debute ing drama TV Love Tomorrow ing taun 1993. Dhèwèké gawé debut fileme kang klawanan karo Jung Woo-sung ing The Fox with Nine Tails ing taun 1994, kanthi rangking filem Koréa pisanan kang migunakaké gambar-gambar saka komputer.[3] Ko nikah karo aktor Jang Dong-gun ing upacara nikahane kang megah kang dianakake ing Hotèl Shilla Seoul tanggal 2 Mèi2010, banjur limang sasi meteng. Anak pisanane saka pasangan iku ya iku anak lanang kang lair ing tanggal 4 Oktober2010.